Pasaréan Ratu Mas Malang
Pasaréan Ratu Mas Malang ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦒꦸꦤꦸꦁꦏꦼꦭꦶꦂ | |
---|---|
Jeneng kang kapacak ing Sistem Registrasi Nasional Cagar Budaya | |
Cagar budaya Indhonésia | |
Kategori | Situs |
No. Regnas | Durung ana (Diajokaké 4 Oktober 2015) |
Panggonan | Gunung Sentana, Padukuhan Gunung Kelir, Kalurahan Plèrèt, Kapanéwon Plèrèt, Kabupatèn Bantul, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta |
Kang nduwèni | Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat |
Kang ngrumat | Balé Palestarèn Cagar Budaya Ngayogyakarta |
Pasaréan Ratu Mas Malang, Pasaréan Antakapura (basa Kawi: ”karaton pepati” utawa “karaton papan methak layon”), utawa Pasaréan Gunung Kelir (Carakan: ꦥꦱꦫꦺꦪꦤ꧀ꦒꦸꦤꦸꦁꦏꦼꦭꦶꦂ; basa Indhonésia: Makam Gunung Kelir) ya iku situs cagar budaya tinggalan Amangkurat I utawa Amangkurat Agung kang papané ana ing Padhukuhan Gunung Kelir, Kalurahan Plèrèt, Kapanéwon Plèrèt, Kabupatèn Bantul, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta. Situs iki ana ing pucuk Gunung Sentana, kang dhuwuré + 99 mèter saka praèn samudra.
Anané pasaréan kasebut magepokan karo Ratu Mas Malang lan Ki Panjang Mas kang disarèkaké ing papan iki. Mas Malang ya iku anak saka Ki Wayah, sawijining dhalang wayang gedhog, sarta salah siji selir Amangkurat I. Sadurungé dadi sélir, dhèwèké dadi garwané Dhalang Panjang, salah sawijining dhalang kawentar ing wewengkon Kasultanan Mataram.
Pasaréan iki diyasa kurang luwih telung taun suwéné, ya iku wiwit Mas Malang tilar donya taun 1665 nganti rampung tanggal 11 Juni 1668. Wewangunan témboké karakit saka balok-balok watu putih, wondéné maésané kagawé saka watu andhesit. Yèn sinawang kahanané saiki, akèh bagéan pasaréan iki kang rusak. Bab kasebut kadadéan amarga papan kuwi naté katrajang lindhu gedhé luwih saka sepisan.
Kahanan wewangunan
[besut | besut sumber]Dhedhasar dhata sajroning Laporan Studi Teknis Arkeologis kang dileksanakaké déning Balai Pelestarian Peninggalan Purbakala (BP3) Yogyakarta (saiki BPK Wilayah X) tanggal 27 Sèptèmber–12 Oktober 2004, Pasaréan Ratu Mas Malang miturut administratifé mapan ing pucuk Gunung Sentana,[a][1] Padhukuhan Gunung Kelir, Kalurahan Plèrèt, Kapanéwon Plèrèt, Kabupatèn Bantul, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta, kang dhuwuré + 99 mèter saka praèn samudra.[2][3][4] Priswanto lan Alifah nambahaké yèn akèh bagéan pasaréan iki nemahi rusak jalaran katrajang lindhu kang dumadi tanggal 10 Juni 1867 lan 27 Mèi 2006 uga tanduran-tanduran kang ngrusak témbok pasaréan, kaya ta alga lan lumut godhong.[4][5]
Babad Momana nyathet yèn pasaréan iki diyasa kurang luwih telung taun suwéné, ya iku wiwit Mas Malang tilar donya taun 1665 nganti rampung tanggal 11 Juni 1668.[6][7] Amangkurat I jenengaké papan iki Antakapura (basa Kawi: ”karaton pepati” utawa “karaton papan methak layon”),[8] wondéné masarakat sakiwa-tengené ngarani kanthi jeneng Pasaréan Gunung Kelir jalaran ana tatahan-tatahan ing témbok pasaréan iki kang mèmper kaya ta kélir ing pagelaran wayang kulit.[2][9]
Situs cagar budaya[10] kasebut duwé jembar udakara + 32 mèter x 33 mèter2,[11] wondéné gunggung sakabèhing maésan kang ana ing jero cacah 28 iji[12] lan kapérang dadi telung bagéan. Sepisan ya iku latar ngarep cacah 19 iji, latar tengah akèhé wolung iji (salah sijiné kijing Mas Malang), lan latar mburi akèhé sakijing (kijing Dhalang Panjang).[1][8] Prasetyo ing laman resmi Balé Palestarèn Cagar Budaya (BPCB) Ngayogyakarta medharaké yèn wangunan témbok pasaréan kasebut kagawé saka balok-balok watu putih, wondéné maésané umumé kagawé saka watu andhesit, kanthi princèn 14 iji wujud kurung kurawal lan siji mèmper jajaran génjang. Prasetyo nambahi katrangan yèn kijing-kijing liyané arupa tumpukan watu putih tanpa maésan.[13]
Situs liya kang ana ing sapepadha panggonan pasaréan iki ya iku Sendhang Maya.[14] Situs kang duwèni rong kolam iku mapan ing sisih lor wétan pasaréan lan kagunakaké kanggo tandhon banyu udan.[15] Kolam kang ana ing jero pager ubeng ukurané + 3,5 mèter x 5 mèter, wondéné kang ana ing jaban pager ubeng ukurané + 6 mèter x 6 mèter.[16] Sendhang kasebut diubengi déning témbok bata kang padha karo Pasaréan Ratu Mas Malang, sarta dhuwuré + 3 mèter lan kandel 2,1 mèter.[8] Surakso Sardjito minangka juru kunci pasaréan nuturaké yèn sendhang kasebut wiwitané arep dinggo Amangkurat I methak Mas Malang, nanging lemahé terus ngetokaké banyu nalika didhudhuk.[16] Amangkurat I tundhoné methak Ratu Mas Malang ing panggonan kang padha déning Dhalang Panjang.[15]
Sistem Registrasi Nasional Cagar Budaya uga nyathet yèn ana sawijining balok watu andesit kang tinemokaké ing panggonan pasaréan iki.[17] Masarakat sakiwa-tengen mitayani yèn watu kang diarani Watu Jonggol lan duwèni rong blendhukan ing kaloro pucuké kuwi ya iku kothak wayang duwéné Dhalang Panjang.[18] Sardjito neguhaké panemu kasebut kanthi nambahi yèn sapa wae kang ranggèhan tangané bisa nyandhak dawaning watu kasébut, kepénginané bisa kabul.[15][19]
-
Tatahan wayang ing salah sawijining témbok pasaréan.
-
Maésan ing latar tengah pasaréan.
-
Sendhang Maya.
-
Watu Jonggol.
Mula bukané kayasa
[besut | besut sumber]Miturut Adrisijanti, ananing situs iki gegayutan karo Ki Dalem utawa Ki Panjang Mas lan Ratu Mas Malang.[20] Mas Malang ya iku anak saka dhalang wayang wedhog kang jenengé Ki Wayah, dhèwèké banjur didadèkaké selir déning Amangkurat I.[8] Sawenèh sumber nyebutaké yèn Mas Malang duwé jeneng asli Retna Gumilang utawa Nyai Truntum.[19][21][22] Sadurungé kaangkat dadi sélir, dhèwèké dadi garwané Ki Dhalang Panjang,[20] salah sawijining dhalang kawentar ing wewengkon Kasultanan Mataram kang urip kawit papréntahan Susuhunan Anyakrawati utawa Panembahan Seda ing Krapyak.[3][4][23][24] Dhalang Panjang duwèni jeneng asli Sapanyana, wondéné asalé saka Karésidhènan Pathi.[19] Sawenèh sumber tutur uga nyebut yèn dhèwèké iku murid saka Sunan Kalijaga, nanging panemu kasebut ora pener.[b][20]
Dhalang Panjang nganti saiki didadèkaké trah silsilah spiritual lan kawruh kanggo para dhalang ing wewengkon Ngayogyakarta lan Jawa Tengah.[25][26] Miturut carita tutur kang diceritakaké kanthi turun-tumurun, jeneng Panjang Mas diolèhi sawisé dhèwèké nggelar pagelaran wayang ing Segara Kidul. Panguwasa Segara Kidul banjur maringi baki dawa kang ginawé saka kencana jalaran dhèwèké ora gelem nampa sembulih arupa dhuwit.[19] Bebana kasebut kang nyebabaké dhèwèké tinepung kanthi jeneng Ki Panjang Mas.[27]
Dhalang Panjang duwèni ambegan dawa lan swara kang pénak dirungokaké, satemah suluké ora pedhot-pedhot utawa menggèh-menggèh. Dhèwèké uga duwé pakaryan dadi panitera kang nggawé paugeran ngenani tata cara ngruwat. Dhèwèké nggawé paugeran yèn sapa waé kang arep nindakaké upacara ruwatan ing wewengkon Mataram kudu jaluk idin marang dhèwèké. Saliyané iku, dhèwèké uga ngganti pagelaran wayang bèbèr kalawan wayang kulit sajeroning upacara ruwatan. Minangka sawijining dhalang, Ki Panjang uga duwèni rombongan wiyaga lan waranggana. Salah sawijining warangganané ya iku bojoné dhéwé, wanodya kang duwé pawakan semlédhot katilik saka katuranggan (ngèlmu ngenani sipat sawijining barang, manungsa, lan kéwan dhedhasar wujud blegeré).[28] Bab iki kang jalari Amangkurat I uga kesengsem marang Mas Malang.[27]
Katrangan sajeroning Babad Tanah Jawi: Javanese Rijskroniek nuduhaké yèn Amangkurat I wiwitané ngutus bregadané kanggo golèk wanodya kang bakal didadèkaké selir anyar.[29] Amangkurat I banjur ketemu déning Dhalang Wayah kang duwé anak wadon, nanging wis dadi bojoné Dhalang Panjang lan mbobot rong sasi.[30][31] Amangkurat I ora ngrèwès lan ngutus bregadané supaya mboyong kanthi peksa wanodya kasebut menyang karaton.[32] Johannes Jacobus Meinsma ngandharaké yèn Amangkurat I nresnani banget Mas Malang, satemah Mas Malang banjur kaangkat dadi selir kinasih (selir kang paling ditresnani)[33] kanthi gelar Ratu Wétan.[8][12] Nanging, wanodya kasebut kaanggep wis ngrusak sajroning karaton.[34] Hermanus Johannes de Graaf mbantah panemu kasebut ing buku Runtuhnya Istana Mataram. Dhedhasar panalitèné, Amangkurat I satemené ora nglirwakaké selir lan ratuné liyané, nanging kawigatèné pancèn luwih akèh tumuju marang Mas Malang.[35] Bab kasebut kang jalari Mas Malang uga diarani kanthi jeneng Ratu Malang, kang mengku teges “kang malang ing dalan”.[36]
Cekak crita, Mas Malang banjur mbabaraké jabang bayi lanang kasil sesambungané déning Dhalang Panjang udakara taun 1649, kang diwènèhi jeneng Pangeran Natabrata utawa Radèn Resika.[30] Amangkurat I banjur meneng-meneng ngutus bregada kanggo mateni Dhalang Panjang lan methakaké ana ing pucuk Gunung Sentana[3][23] kanggo nyingkiraké perkara kang ora dipéngini.[8][12] Nanging, Margana kang diwawancara marang Sabandar duwé panemu séjé gegayutan patiné Dhalang Panjang. Dhèwèké nuturaké yèn Amangkurat I ngundang Dhalang Panjang, Mas Malang, sarta rombongan wiyaga lan warangganané kanggo nggelar wayang ing karaton. Dhalang Panjang lan kabèh rombongané kasebut banjur dipateni ing satengahing pagelaran, kajaba Mas Malang. Wanodya kasebut banjur sarujuk dadi seliré Amangkurat I jalaran ora duwé pilihan liya.[29]
Babad Tanah Jawi sabanjuré nyebutaké yèn Amangkurat I ngrebut Mas Malang kanthi cara peksa saka Dhalang Panjang, satemah ora gumunaké yèn dhèwéké mateni bojo kang ditresnani seliré kuwi.[37] Nanging, Daghregister 1677, cathetan pamaréntah Walanda kang diolèhi saka carita salah sawijining jagabaya karaton, nyebut yèn Dhalang Panjang tilar donya kanthi salumrahé. Nalika wis dadi randha, Amangkurat I dadèkaké Mas Malang minangka seliré.[30] De Graaf lan Ricklefs ing kéné mangu-mangu déning panemu kasebut. Kaloroné nganggep yèn Amangkurat I duwèni dosa kang akèh banget, satemah kelakuané kang dilakoni marang Dhalang Panjang dudu sawijining prastawa kang nggumunaké.[c][37] De Graaf duwé panemu yèn pawarta resmi pegawé karaton luwih bisa dipercaya, wondéné carita tutur luwih becik disingkiri.[38]
Mas Malang suwé-suwé ngonangi yèn Dhalang Panjang wis dipateni para bregada karaton. Wanodya kasebut tansah ngelantur lan nelangsa saben ngélingi.[39] Ora gantalan suwé, Mas Malang nututi tilar donya jalaran nandhang lara muntabèr, nanging uga ana kang nyebut yèn dhèwèké wis diracun déning wong-wong karaton kang ora seneng.[32] Amangkurat I uga nduga-duga yèn selir kinasihé kuwi kena teluh utawa santhèt jalaran awake ngetokaké cuwèran kang ambuné ora énak sadurungé tilar donya.[30][40]
Dhèwèké uga nganggep yèn ngelanturé Mas Malang kang ngucap “dalem, dalem, dalem…” ya iku para batih lan selir kang mèri marang dhèwèké.[33][41] Sauntara Amangkurat I ngutus bregadané supaya yasa pasaréan kanggo wanodya kang ditresnani kuwi ing Gunung Sentana, dhèwèké uga ngutus supaya para abdi dalem lan selir kang disigèni dipateni tanpa pangaksama.[42][43] Wong-wong kang disigèni iku dipateni kanthi cara dibanda lan dikurung ana jero omah, uga ora diwènèhi pangan lan ombénan pirang-pirang dina nganti mati jalaran lemes.[29] Kabèh kurban kuwi katut kapethak ing Gunung Sentana.[33]
De Graaf nyethakaké yèn ukuman kasebut bisa dimangertèni jalaran Amangkurat I sujana nalika seliré kasebut tilar donya kanthi nuduhaké sasmita kang nylenèh. Dhèwèké uga gampang sumelang marang bab kang sepélé. Umpama racun kang dadi jalarané, wong-wong kang nindakaké kuwi tamtu kudu digolèki ing kalangan kang cedhak karo Mas Malang, ya iku para selir kang naté kong-kalikong déning Pangeran Dipati kang ngraman papréntahané.[44]
De Graaf sabanjuré nambahaké yèn ing kalangan sedulur karaton uga tuwuh cubriya yèn Amangkurat I arep ngalihaké kalungguhan pangéran pati marang Natabrata, senajan ta dhèwèké dudu trah Mataram. Kacubriyan kasebut samsaya cetha nalika kadadéan kaping pindho upaya kanggo mateni pangéran pati nganggo racun kang dilakokaké déning Amangkurat dhéwé. Tumindaking Amangkurat I kasebut nuwuhaké kawigatèn gedhé nganti jaban karaton. Mlebuné Mas Malang ing karaton wis nuwuhaké rena-rena pulitik kang ngédab-édabi, satemah raja dadi tegel kanggo mateni anaké dhéwé kanggo kawigatèn selir kinasih lan anak kuwaloné. Tumindaking Amangkurat I iku yèn dipikir angel tinemu ing nalar. Ora mokal yèn kadadéan kasebut cinathet déning pamaréntah Walanda ing Batavia sajeroning palaporan umum kanthi tanggal 21 Dhésèmber 1663, kang unine nyebutaké kadurjanan kang nggegirisi kasebut “bakal angluwihi apa wae kawengisan kang wis ana sadurungé”.[45]
Dhedhasar tradhisi lisan kang ngrembaka ing wewengkon Plèrèt, Margana nuturaké yèn Amangkurat I pancèn durung bisa nampa Mas Malang tilar donya.[39] Dhèwèké banjur nggotong layon Mas Malang menyang Gunung Sentana, nanging malah ora dipethak, diturokaké lan dirumat supaya ora bosok, malah kadhang kala isih disaresmi.[29][46] De Graaf njlèntrèhaké yèn Amangkurat I uga nggawa anaké, Pangéran Natabrata, supaya ngancani dhèwèké lan ora saguh bali menyang karaton.[47] François Valentijn (menteri nagara Walanda) uga nganti gawé tulisan sajeroning Oud en Nieuw Oost-Indien (Hindia Timur Dulu dan Sekarang), kang nggambaraké kahanan Amangkurat I nalika katinggal mati Mas Malang kang uniné kaya mangkéné:[30]
❝Nalika wanodya kuwi mati, sunan dadi nandang sungkawa kang abot, satémah dhèwèké nglirwakaké urusan papréntahan. Sawisé pamethaking layon, kanthi sesidheman bali menyang pasaréan tanpa diweruhi sapa waé. Saking tresnané marang wanodya iku, satemah dhèwèké ora bisa ngampet lan mèlu nglékar ing pasaréan❞.[30]
Sawisé rong Minggu ana ing pasaréan, Amangkurat I jroning impènè ngerti yèn Mas Malang wis nyawiji déning Dhalang Panjang.[39] Nalika tangi, dhèwèké éling tumindaké kang wis misahaké Mas Malang déning Dhalang Panjang lan bisa nampa patiné seliré kuwi.[4] Amangkurat I banjur ngutus para bregada kanggo methak layon Mas Malang ing papan kono banjur bali menyang karaton.[12][46] Kacaritakaké, tuk sumber Sendhang Mayang metu bebarengan nalika layon Mas Malang arep dipethak ing papan kuwi. Masarakat sakiwa-tengen pasaréan percaya yèn banyu ing sendhang kasebut duwèni mumpangat kang mandi.[48] Patiné Mas Malang dadi pacoban abot kanggo Amangkurat I. Miturut palaporan pegawé Walanda, dhèwèké ora bisa nglakokaké papréntahan kanthi becik nganti 4–5 taun sawisé, malah dhèwèké ora mèlu mapag utusan agung nagara Walanda nalika téka ing Mataram. Pagawéané sauntara dilakokaké déning para menteri karaton.[30][39]
Kasusastran
[besut | besut sumber]Situs iki ing sastra Indhonésia kaangkat dadi cerkak déning Indra Tranggono kanthi sesirah Makam Para Pembangkang. Cerkak kasebut sepisan kamot ing kalawarti Jawa Pos édhisi 15 Mèi 2005, sarta kababar ana ing buku kumpulan cerkak asesirah Menebang Pohon Silsilah déning pangecapan Kompas taun 2017. Mangkéné pethikan tugelan cerkak kasebut.[49]
❝Temuilah aku di bukit itu, sebelum rindu cemasku membatu, sebelum aliran darahmu membeku. Bukankah angin telah menyebarkan kabar itu kepadamu, hingga kerinduanku pun luluh dalam detak nadimu. Lihatlah, di sana ada puluhan nisan yang terserak! Di pojok itu, di bawah nisan yang diapit dua pohon beringin, bersemayam Ki Dalang Panjang Mas. Jika engkau memutar pandanganmu sedikit ke kanan, engkau akan menjumpai lima nisan di atas tanah yang agak tinggi. Tepat di tengahnya, bersemayam Retno Gumilang, istri ki dalang. Dia juga biasa dipanggil Mas Malang, sedangkan di samping bawah nisan Mas Malang itu, terserak belasan nisan-nisan tanpa nama, nisan-nisan para penabuh gamelan, sinden, dan entah siapa lagi. Bagaimana mungkin dalang, istri dalang, sinden, para penabuh gamelan, dan sekotak wayang bisa binasa bersama? Apakah maut begitu kompak bekerja?❞[49]
Uga delengen
[besut | besut sumber]Cathetan
[besut | besut sumber]- ↑ Gunung Sentana ya iku jeneng pucuk punthuké, wondéné Gunung Kelir ya iku jeneng padhukuhané (Robson 2003, kc. 71–72).
- ↑ Ki Panjang Mas urip ing jaman Panembahan Anyakrawati lan Amangkurat I. Anyakrawati jumeneng ratu taun 1601–1613, wondéné Amangkurat urip taun 1619–1677 lan jumeneng ratu wiwit taun 1646. Sunan Kalijaga kira-kira urip taun 1430–1580. Panemu kang kuwat ngenani lairing Sunan Kalijaga udakara taun 1430-an ya iku cethethan rabiné karo Siti Khafsah (anak Sunan Ampèl) ing taun 1450-an. Sunan Kalijaga nalika iku yuswané 20 taun (Sabiq 2021, kc. 2–4). Wondéné panemu paling kuwat ngenani Sunan Kalijaga tilar donya udakara taun 1580-an ya iku cathetan kang nyebutaké yèn dhèwèké tau teka ing Kasultanan Mataram nalika dipandhégani déning Panembahan Senapati. Tilar donyané Sunan Kalijaga uga gegayutan karo gumantining lurah Perdikan Kadilangu déning anakké (Farobi 2019, kc. 110). Dhedhasar data-data kasebut, panemu kang nyebutaké yèn Dhalang Panjang dadi murid Sunan Kalijaga iku kleru jalaran kaloroné urip ing jaman kang béda adoh.
- ↑ Amangkurat I ya iku ratu kapapat Kasultanan Mataram kang jumeneng ratu taun 1646–1677. Dhèwèké lair taun 1618/1619 kanthi jeneng cilik Radèn Mas Sayyidin. Bapakné ya iku Sultan Agung, wondéné ibuné ya iku anak Adipati Batang kang agelar Ratu Wétan. Ricklefs ing panalitèné kang asesirah War, Culture, and Economy in Java 1677–1726 ngandharaké yèn Amangkurat I minangka ratu kang bengis. Patrapé kasebut kasebabaké akèhing rakyat kang ngraman sasuwéning papréntahané (Ricklefs 1993, kc. 68–70).
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b Pratama & Priswanto (2013), kc. 240
- ↑ a b Adrisijanti (2000), kc. 80–81
- ↑ a b c Setiadi & Fransisca (2018), kc. 11
- ↑ a b c d Balai Arkeologi Daerah Istimewa Yogyakarta. "Makam Ratu Mas Malang yang Malang". Balai Arkeologi Daerah Istimewa Yogyakarta. Diarsip saka sing asli ing 10 April 2023. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ Priswanto & Alifah (2019), kc. 25
- ↑ Ricklefs (1993), kc. 68–70
- ↑ Priswanto & Alifah (2019), kc. 14
- ↑ a b c d e f Balai Pelestarian Cagar Budaya Yogyakarta. "Situs Makam Ratu Malang". Balai Pelestarian Cagar Budaya Yogyakarta, Direktorat Jenderal Kebudayaan Republik Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 9 April 2023. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ Rohman (2021), kc. 94
- ↑ Dinas Pariwisata Kabupaten Bantul (2013), kc. 1–2
- ↑ Balai Pelestarian Cagar Budaya Daerah Istimewa Yogyakarta (2014), kc. 1
- ↑ a b c d Rohman, Taufiqur. "Istana Kematian Gunung Kelir, Lambang Cerita Cinta Memilukan Ratu Kelir". Phinemo. Diarsip saka sing asli ing 7 April 2023. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ Balai Pelestarian Cagar Budaya Yogyakarta. "Situs Makam Ratu Malang". Balai Pelestarian Cagar Budaya Yogyakarta, Direktorat Jenderal Kebudayaan Republik Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 9 April 2023. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ Rohman (2021), kc. 94–95
- ↑ a b c Sekarnina (2018), kc. 37
- ↑ a b Rohman (2021), kc. 95
- ↑ Rohman (2021), kc. 96–97
- ↑ Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia. "Kompleks Makam Gunung Kelir". Sistem Registrasi Nasional Cagar Budaya. Diarsip saka sing asli ing 21 October 2021. Dibukak ing 5 April 2020.
{{cite web}}
: CS1 maint: multiple names: authors list (link) - ↑ a b c d Rohman (2021), kc. 97
- ↑ a b c Adrisijanti (2000), kc. 63
- ↑ Redaksi Merapi. "Makam Ratu Malang dan Kisah Cinta Memilukan (2) – Raja Terpesona dengan Kecantikan Sang Sinden". Harian Merapi. Diarsip saka sing asli ing 2021-06-03. Dibukak ing 29 Mèi 2021.
- ↑ Sejarah Kita. "Akhir Kisah Cinta Sang Paduka: Sunan Amangkurat I dan Ratu Mas Malang". Sejarah Kita. Diarsip saka sing asli ing 2021-10-21. Dibukak ing 29 Mèi 2021.
- ↑ a b Siswanta (2019), kc. 38
- ↑ Mardiono (2020), kc. 238
- ↑ Habibi, Tri Nur. "Ki Dalang Panjang Mas, Sosok Penting Adanya Pergelaran Wayang Gelar Budaya Mataram". Kedaulatan Rakyat. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ Badan Pengendalian Dampak Lingkungan Hidup Daerah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta (2007), kc. 61
- ↑ a b Olthof & Sumarsono (2009), kc. 183
- ↑ Rohman (2021), kc. 97–98
- ↑ a b c d Sabandar, Switzy. Mahbub, Harun; Mutiah, Dinny (èd.). "Kisah Dramatis Sinden Terkasih Raja Jawa". Liputan6.com. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ a b c d e f g Pamungkas, Muhammad Fazil. "Cinta Amangkurat I". Historia. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ Sujarweni (2017), kc. 53
- ↑ a b Olthof & Sumarsono (2009), kc. 183–184
- ↑ a b c Redaksi Merapi. "Pesareyan Antakapura Gunung Kelir – Selir dan Abdi Tak Bersalah Dibantai". Harian Merapi. Diarsip saka sing asli ing 1 July 2020. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ Meinsma (1875), kc. 80
- ↑ Rohman (2021), kc. 98
- ↑ De Graaf (1987), kc. 18–19
- ↑ a b Rohman (2021), kc. 99
- ↑ De Graaf (1987), kc. 25
- ↑ a b c d Rohman (2021), kc. 100
- ↑ Handoko, Doddy. "Kebengisan Amangkurat I, Kurung 60 Dayang Istana di Dalam Kamar Sampai Mati". Okezone.com. Dibukak ing 2021-05-21.
- ↑ De Graaf (1987), kc. 19
- ↑ Dinas Kebudayaan Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. "Permakaman Imogiri". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ Dinas Kebudayaan Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. "Sejarah Makam Imogiri". Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ De Graaf (1987), kc. 19–20
- ↑ De Graaf (1987), kc. 21
- ↑ a b Subhanie, Dzikry. "Sejarah Makam Ratu Malang di Gunung Kelir". Sindonews.com. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ De Graaf (1987), kc. 24–25
- ↑ Widyawan, Andhika. "Di Balik Daya Sihir Gunung Kelir". Ekspresi Online. Dibukak ing 5 April 2020.
- ↑ a b Tranggono (2017), kc. 116–125
Kapustakan
[besut | besut sumber]Arsip
- Dinas Pariwisata Kabupaten Bantul (2013). "Daftar Benda Cagar Budaya Kabupaten Bantul Tahun 2013" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 28 Juni 2021. Dibukak ing 29 Agustus 2019.
{{cite journal}}
: Cite journal requires|journal=
(pitulung)CS1 maint: ref duplicates default (link) - Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Direktorat Jenderal Kebudayaan Balai Pelestarian Cagar Budaya Daerah Istimewa Yogyakarta (2014). "Daftar Inventaris Bangunan Cagar Budaya Tak Bergerak di Kabupaten Bantul". Diarsip saka sing asli ing 4 Sèptèmber 2021. Dibukak ing 29 Agustus 2019.
{{cite journal}}
: Cite journal requires|journal=
(pitulung) - Meinsma, Johannes Jacobus (1875). De opkomstvanhet Nederlandsch gezag in Oost-Indie: Verzameling van Onuitgegeven Stukken uit het Oud-Koloniaal Archief. Register op deel I-VII/bew door (Vol. 1).
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link)
Buku
- Adrisijanti, Inajati (2000). Arkeologi Perkotaan Mataram Islam. Yogyakarta: Penerbit Jendela. ISBN 978-979-9597-84-7.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - de Graaf, Hermanus Johannes (1987). Runtuhnya Istana Mataram. Jakarta Pusat: Grafitipers. ISBN 978-979-4440-36-0.
- Farobi, Zulham (2019). Sejarah Wali Songo (Perjalanan Penyebaran Islam di Nusantara). Yogyakarta: Anak Hebat Indonesia. ISBN 978-623-2449-22-0.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Mardiono, Peri (2020). Tuah Bumi Mataram: Dari Panembahan Senopati Hingga Amangkurat II. Bantul: Araska Publisher. ISBN 978-623-7537-79-3.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Olthof, W.L.; Sumarsono, H.R. (2009). Babad Tanah Jawi: Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. Yogyakarta: Narasi. ISBN 978-979-1680-47-9.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Priswanto, Hery; Alifah (2019). Pleret: Dinamika Ibu Kota Mataram Islam Pasca Kotagede (PDF). Yogyakarta: Balai Arkeologi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 978-623-9148-80-5.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Ricklefs, Merle Calvin (1993). War, Culture, and Economy in Java 1677–1726: Asian and European Imperialism in the Early Kartasura Period. Sydney: Allen and Unwin. ISBN 978-186-3733-80-9.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Robson, Stuart (2003). The Kraton: Selected Essays on Javanese Courts. Leiden: Koninklijk Instituut voor Taal-, Land- en Volkenkunde (KITLV). ISBN 978-900-4487-93-2.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Sabiq, Fairuz (2021). Sunan Kalijaga dan Mitos Masjid Agung Demak. Indramayu: Adab. ISBN 978-623-6233-81-8.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Sujarweni, V. Wiranata (2017). Menelusuri Jejak Mataram Islam di Yogyakarta. Yogyakarta: Anak Hebat Indonesia. ISBN 978-623-2447-35-6.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Tranggono, Indra (2017). Menebang Pohon Silsilah. Jakarta: Kompas Media Nusantara. ISBN 978-602-4121-94-5.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link)
Buku lawas
- Badan Pengendalian Dampak Lingkungan Hidup Daerah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta (2007). Inventarisasi Kearifan Lokal Tahun 2007. Yogyakarta: Badan Pengendalian Dampak Lingkungan Hidup Daerah Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Setiadi, Amos; Fransisca, Yunike (2018). Profil Wisata Kecamatan Pleret, Kabupaten Bantul (PDF). Bantul: Program Kemitraan Masyarakat (PKM) Penataan Kawasan Wisata Puncak Sosok.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link)
Jurnal
- Pratama, Henki Riko; Priswanto, Hery (2013). "Sebuah Informasi Mutakhir Hasil Penelitian Tahun 2013 di Situs Kedaton Pleret, Kabupaten Bantul, D.I. Yogyakarta". Berkala Arkeologi. 33 (2): 239–252. ISSN 0216-1419. Diarsip saka sing asli ing 2023-01-15. Dibukak ing 2023-04-07.
{{cite journal}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Sekarnina, Dwita (2018). "Melacak Jejak Kemegahan Ibu Kota Mataram Islam" (PDF). Mayangkara. 7 (1): 34–37. ISSN 2502-1567.
{{cite journal}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Siswanta (2019). "Sejarah Perkembangan Mataram Islam Keraton Pleret". Karmawibangga. 1 (1): 33–42. ISSN 2715-4483.
{{cite journal}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link)
Kalawarta
- Rohman, Fandy Aprianto (2021). "Manajemen Bencana dalam Konteks Pelestarian Makam Ratu Mas Malang Oleh Balai Pelestarian Cagar Budaya (BPCB) D.I. Yogyakarta" (PDF). Buletin Kora-Kora (édhisi ka-8).
{{cite journal}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link)
Wacan bacutan
- Baga, Magdalena (2019). Potret Perempuan pada Sebuah Masa (Tiga Tokoh Perempuan Y.B. Mangunwijaya: Roro Mendut, Genduk Duku, dan Lusi Lindri). Gorontalo: Ideas Publishing. ISBN 978-623-2340-13-8.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Haryono, Wahyu (2014). Amangkurat Agung (Prahara Takhta Mataram). Jakarta: Bhuana Sastra. ISBN 978-602-2495-83-3.
- Kresna, Ardian (2012). Amangkurat (Mendung Memekat di Langit Mataram). Bantul: Diva Press. ISBN 978-602-2550-06-8.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link) - Mas'ad (2020). Potret Cagar Budaya di Indonesia (PDF). Tangerang: Pusat Data dan Teknologi Informasi Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. ISBN 978-602-8449-56-4.
{{cite book}}
: CS1 maint: ref duplicates default (link)
Pranala jaba
[besut | besut sumber]Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Pasaréan Ratu Mas Malang. |