Pangramanan Boxer
Pambrontakan Boxer | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Tentara Boxer. | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
Kakaisaran Jepang Kakaisaran Ruslan Karajan Manunggal Prancis Amérika Sarékat Kamaharajan Jerman Karajan Itali Ostenrik-Honggari | Dinasti Qing | ||||||
Pangarep | |||||||
Edward Seymour Alfred Graf von Waldersee | Cixi | ||||||
Kakuwatan | |||||||
20.000 wiwitan 49.000 total |
50.000-100.000 Boxer 70.000 Pasukan karajan | ||||||
Kurban | |||||||
2.500 bala, 526 wong asing/Kristen Cina | Kabèh Boxer, ? Pasukan karajan | ||||||
Padunung = 18.952+ |
Pambrontakan Boxer (義和團之亂 atau 義和團匪亂) iku pambrontakan ing Cina wiwit November 1899 nganti 7 September 1901, marang kakuwasan manca ing sèktor perdagangan, pulitik, agama, lan tèknologi. Boxer miwiti minangka anti-manca, anti-imperialis lan dadi pergerakan kang dipelopori déning among tani ing Cina lor. Para among tani iki nyerang wong manca kang yasa jalur sepur lan nglanggar Feng Shui, lan uga wong Kristen kang dianggep tanggung jawab marang anané dominasi mancanagara ing Cina. Ing sasi Juni 1900, Boxer nyerang Beijing lan mrejaya 230 wong non-Tionghoa. Akèh Tionghoa Kristen, wong Katulik kaprejaya ing provinsi Shandong lan Shanxi minangka péranganing pambrontakan. Kanthi slogan "扶清灭洋" ("Dhukung Qing, jur Barat").
Diplomat, kang ndunungi, bala manca, sarta sawatara Tionghoa Kristen lumayu menyang Legation Quarter lan manggon sajeroning 55 dina nganti Aliansi Wolu Nagara teka kanthi 20.000 bala kanggo ngleremaké pambrontakan.
Protokol Boxer tanggal 7 September 1901 mungkasi pambrontakan lan nibakaké sanksi abot marang Dinasti Qing, wujud ganti rugi kang gedhéné 450 yuta tael. Dinasti Qing tansaya ringkih, lan pungkasané dijatuhkan liwat sawijining révolusi ing taun 1911.
Nalika taun 1900, pambrontakan diwiwiti ing Cina sisih lor mungsuh kabèh wong manca, mligi wong Kristen. Aksi iki dibawahi kelompok rahasia kang karan Society of Harmonious Fist utawa Boxer, kang kanthi rahasia dijurung Dhinasti Manchu.
Pungkasane Dhinasti Manchu
[besut | besut sumber]Nalika taun 1900, kaum Boxer nyerang kadutaan Éropa ing Beijing. Kaum Boxer merjaya pati akèh wong Éropa, mligi para misionaris, kalebu wong Cina Kristen. Kaum Boxer nyandhera kadutaan Éropa sasuwéné rong wulan. Pasukan internasional digabungake saka wadyabala Amérikah Sarékat, Inggris, Prancis, Jerman, Jepang, lan Ruslan. Kawitane, unit cilik wadyabala kanthi senjata kang sithik ora bisa nguwasani Beijing. Nalika mangsa panas wadyabala nomer loro sukses mbebasake kadutaan.[1]
Sawisé ngrampungaké pemberontakan, pamaréntah Cina ora mampu nyegah campur tangan kekuwatan saka manca. Cina dijaluk kanggo ngukum para pejabat kang mèlu pembrontakan, mbayar ganti rugi, lan ngizinake wadyabala manca manggon ing kadutaan. Golongan wong pinter "terdidik" Cina wiwit nyusun rencana kanggo nggulingake Dhinasti Manchu.[1]
Taun 1905, Sun Yat Sen madegake Parte Nasionalis Cina utawa Kuomintang. Ana rencana sesidheman (rahasia) lan pambrontakan diatur déning kelompok liya. Pamarentah Dhinasti Manchu kelangan kendhali marang nagara. Nalika taun 1911, sawijiné jendheral kang duwé kakuwasaan, Yuan Shikai, awèh panyengkuyung marang kaum nasionalis. Kakuwasaan Dhinasti Manchu ambruk, lan pamaréntahan republik didheklarasikake.[1]
Pratélan pustaka
[besut | besut sumber]- Eva Jane Price. China journal, 1889-1900: an American missionary family during the Boxer Rebellion, (1989). ISBN 0-684-19851-8; see Susanna Ashton, "Compound Walls: Eva Jane Price's Letters from a Chinese Mission, 1890-1900." Frontiers 1996 17(3): 80-94. Issn: 0160-9009 Fulltext: in Jstor
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- Pambrontakan Boxer
- Sajarah Cina
- Perang ing Cina
- Perang nglibataké Republik Rakyat Cina
- Perang nglibataké Britania Raya
- Perang nglibataké Jepang
- Perang nglibataké Amérikah Sarékat
- Perang nglibataké Jerman
- Perang nglibataké Ruslan
- Perang nglibataké Prancis
- Perang nglibataké Ostenrik
- Perang nglibataké Italia
- Rintisan mawa topik militèr