Menyang kontèn

On the Origin of Species

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
On the Origin of Species
by Means of Natural Selection
Kaca irah-irahan
of On the Origin of Species terbitan taun 1859
PanganggitCharles Darwin
NagaraKarajan Manunggal Karajan Manunggal
BasaInggris
Subyèktéyori évolusi
PangecapanJohn Murray
Kala babar
24 November 1859
Jinis saranabuku (samak atos & samak tipis)
ISBNora ana

Asal-usul Spesies (On the Origin of Species) déning Charles Darwin (terbit taun 1859) iku karya wigati sajeroning literatur èlmiyah lan dianggep tonggak sajeroning téyori évolusi.[1] Irah-irahan jangkepé ya iku On the Origin of Species by Means of Natural Selection, or the Preservation of Favoured Races in the Struggle for Life (Ngenani Asal-usul Spesies liwat Cara Seleksi Alam, utawa Panglestarèn Golongan sajeroning Perjuwangan kanggo Urip). Buku iki nepungaké téyori èlmiyah yèn populasi ngalami évolusi saka génerasi menyang génerasi liwat prosès seleksi alam. Isi buku iki kontrovèrsial amarga nentang téyori panyiptan miturut kapercayan agama, lan wujud panyetus timbulé èlmu ajeneng biologi ing abad kaping 19. Buku sing ditulis déning Darwin wujud asil èkspèdhisi lauté mawa kapal layar HMS Beagle ing taun 1830-an, lan diterusaké kanthi panylidikan lan èksperimèn sawisa bali manèd saka èkspèdhisi.[2]

Buku iki akèh narik kawigatèn wong, wong sing ora ahli waé bisa maca buku iki. Buku iki kontrovèrsia bangetl lan njalari akèh padhebatan ing babagan sains, filsafat, lan agama. Téyori èlmiyah ngenani évolusi uga wis ngévolusi tinimbang téyori awal sing ditulis Darwin, nanging seleksi alam tetep dadi téyori èlmiyah sing paling akèh ditampa kanggo njelasaké évolusi saka sawijining spésies. Kontrovèrsi téyori panyiptan lan téyori évolusi terus dumadi tekan saiki.

Ringkesan téyori Darwin

[besut | besut sumber]

Téyori Darwin didhasaraké pangamatan wigati lan kesimpulané.[3]

  1. Spesies dhasaré duwé fertilitas sing dhuwur banget. Cacahing keturunan sing dilairaké luwih akèh saka keturunan sing bisa tekan umur diwasa.
  2. Populasi kira-kira tetep cacahé padha, kantho owah-owahan sithik.
  3. Sumber panganan iku winates, nanging rélatif stabil sajeroning jangka wektu suwé.
  4. Mula dumadi perjuwangan kanthi implisit kanggo tetep urip
  5. Ing spésies sing nglakoni réproduksi kanthi sèksual, racaké ora ana loro indhividhu sing padha persis utawa idhèntik.
  6. Sapérangan variasi sajeroning spésies kanthi langsung mangaruhi kamampuan indhividhu kanggo tetep lestari sajeroning kaanan alam tinentu.
  7. Sapérangan gedhé variasi iki asifat turunan.
  8. Indhividhu sing kurang selaras karo lingkungan papan dunungé duwé kamungelan tetep lestari urip sing luwih cilik lan mungel bakal luwih akèh nglakoni réprodhuksi.
  9. Indhividhu sing slamet kamungelan gedhé bakal nurunaké ciri-ciri sing diduwèni marang génerasi sabanjuré.
  10. Prosès sing njalari owah-owahan iki ngasilaké populasi sing alon-alon bisa adhaptasi karo lingkungan, lan ing tembe wuri, sawisé dumadi terus-terusan bakal kawangun karagaman sing anyar, lan pungkasané spésies anyar.

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. Freeman 1977,Ansary 2006
  2. Gamlin 1993, kc. 20–23
  3. Mayr 1982, Darwin 1859, Chapter XIV. Recapitulation and Conclusion.

Pratélan pustaka

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Sumber liya: