Negara pangguna basa jawa
Basa Jawa ya iku basa kang digunakaké penduduk bebrayan Jawa mligi ing pira-pira pérangan Banten mligi kutha Serang, kabupatèn Serang, Kutha Cilegon lan kabupatèn Tangerang, Jawa Barat mligi kawasan Pasisir utara terbentang saka pasisir utara Karawang, Subang, Indramayu, kutha Cirebon lan kabupatèn Cirebon, Yogyakarta, Jawa Tengah lan Jawa Wétan ing Indonésia.[1] Saliyané ing kawasan Nusantara, masarakat Jawa uga tinemu sajeroning jumlah kang gedhé ing Suriname, kang nganti 15% saka penduduk kanthi sekabèhané, banjur ing Kaledonia Baru malahan nganti kawasan Aruba lan Curacao sarta Walanda. Ana uga kang nyebar marang wewengkon Guyana Prancis lan Venezuela. Pengiriman tenaga makarya marang Koréa, Hong Kong, sarta pira-pira nagara Timur Tengah.[2]
Indonésia
[besut | besut sumber]Basa kang digunakaké penduduk bebrayan Jawa ya iku basa jawa kang mligi ing pérangan Banten mligi kutha Serang, Kabupatèn Serang, kutha Cilegon lan kabupatèn Tangerang, Jawa Barat mligi kawasan Pasisir utara saka pasisir lor Karawang, Subang, Indramayu, kutha Cirebon lan kabupatèn Cirebon, Yogyakarta, Jawa Tengah lan Jawa Wétan ing Indonésia.
Republik Suriname
[besut | besut sumber]Republik Suriname (Surinam) mbiyèné jenengé Guyana Walanda utawa Guiana Walanda ya iku nagara ing Amérika Selatan lan wujud tilas jajahan Walanda. Nagara iki wewatesan karo Guyana Prancis ing wétan lan Guyana ing kulon. Ing kidul wewatesan karo Brasil lan ing lor Samodra Atlantik. Ing Suriname ana sakiwa-tengené 75.000 wong Jawa lan digawa mrana saka Indhiya Nèderlan antarané taun 1890-1939. Suriname wujud salah siji anggota Organisasi Konferensi Islam.
Singapura
[besut | besut sumber]Sajumlah wong Jawa ditekokaké marang Singapura awit 1825 (Johari, 1965). Dhèwèké asalé saka Jawa Tengah, lan dikon makarya minangka buruh ing pakebonan karèt, jalur sepur lan konstruksi dalan gedhé. Kampong Jawa, ing pinggiran kali Rochor, ya iku panggonan pemukiman kapisan wong Jawa ing Singapura. Saliyané Kampong Jawa, Kallang Airport Estate kaloka minangka panggonan pemukiman wong Jawa uga. Ing Kallang, deweké urip bebarengan karo wong Malayu lan Cina.
Kaledonia Baru
[besut | besut sumber]Kaledonia Baru (basa Prancis: Nouvelle-Calédonie) ya iku nagara seberang laut duwéné Prancis mapan ing Samodra Pasifik pérangan kidul. Uga dijenengi Kanaki kang saka jeneng penduduk asli kepuloan iku. Nagara kepuloan iki wis dikuasai Prancis saliyané Polinesia Prancis. Status iki dikenakan nganti 1998. Jeneng asalé saka basa Latin Sekotlan. Kutha krajané ya iku Noumea.
Laladan iki dipanggoni sapérangan wong Jawa. Biyèn wongng Jawa ing Kaledonia Baru dadi kuli kontrak utawa golèk panguripan kang luwih apik ing nagari liya. Perpindahan wongng Jawa ing Kaledonia uga padha jkaro wong Jawa Suriname, nanging kepindahan wong Jawa ing Pasifik wis ora ana awit 1949.
Jumlah penduduk Kaledonia Baru kacathet tanggal 1 September 2006, ya iku: 237.765 jiwa. Wong Jawa ing Kaledonia Baru tetep migunakaké basa Jawa minangka basa padinan, nanging saiki bocah-bocah enom wis ora bisa basa jawa, amung bisa basa Prancis.
Walanda
[besut | besut sumber]Nalika Walanda njajah Indonésia, Walanda ngirim wong jawa minangka budak marang Walanda. Kang unik sajeroning kasus basa Jawa iki ya iku minat wongng asing tumrap basa utawa sastra Jawa. Lan, Walanda minangka nagari tilas penjajah Jawa kasunyatan dadi gudang saka orang utawa nimpuna kang duwé minat mirunggan tumrap anané basa Jawa. Universiteit Leiden, universitas tuwa dhéwé Walanda kang diyasa 1575 wujud salah siji gudangé. Ing universitas kang diyasa Pangeran Willem van Oranje, papan saka sakiwa-tengené 17 èwu mahasiswa ngangsu kaweruh, ing kono uga nyimpen naskah-naskah kuna kanti hurup jawa.
Cathetan sikil
[besut | besut sumber]- ↑ 6-nagara-yang-menggunakan-basa-jawa[pranala mati permanèn], (Kaunduh 3/1/13).
- ↑ penyebaran-basa-jawa[pranala mati permanèn], (Kaunduh 3/1/13).