Nabiel Makarim
| Nabiel Makarim | |
|---|---|
![]() | |
| Mantri Nagara Parikubeng Indonésia ke-6 | |
| Linggih 10 Agustus 2001 – 20 Oktober 2004 | |
| Présidhèn | Megawati Soekarnoputri |
| Kang sadurungé | Sonny Keraf |
| Kang sawisé | Rachmat Witoelar |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 9 Novèmber 1945 |
| Bangsa | Indonésia |
Nabiel Makarim, Dipl. Eng. Chem, MSM, MPA (lair di Sala, Jawa Tengah, 9 November 1945) inggih punika Mantri Nagara Lingkungan Hidup ing Kabinét Gotong Royong.[1] Nalika SD, panjenenganipun sinau ing Yayasan Pendidikan Muhammadiyah.[2] Nanging nalika kelas 5, panjenenganipun dipunpindhahaken dhateng sekolah ingkang basisipun Nahdhatul Ulama (NU).[2] Sasampunipun tamat SD, panjenenganipun mlebet ing sekolah SMP Katulik St. Xaverius lan SMA St. Josef ing Sala.[2] Sasampunipun lulus SMA, Nabiel kuliyah ing Australia lan lajeng ing Amérikah Sarékat. Wiwit taksih rumaja, panjenenganipun sampun remen nyerat.[2]
Panjenenganipun naté nyerat carita cekak ing Kompas taun 1991.[2] Nalika samanten panjenenganipun maringi prasyarat supados carita cekakipun ampun dipunpasang ing kolom carita cekak, nanging kedah dipunpasang ing kaca sekawan ingkang limrahipun gadhah isi tajuk lan opini.[2] Pungkasanipun Kompas masang cerkak kasebat ing kaca sekawan terbitan 28 Juli 1991. Carita cekak kasebat isinipun bab kondhisi Kutha Jakarta.[2]
Ngantos kalih taun dangunipun Nabiel dados asistèn Mantri KLH Emil Salim. Nalika samanten, panjenenganipun dipuntugasaken damel badhan ingkang ènggal ingkang pungkasanipun dados BAPEDAL.[2] Panjenenganipun dipuntugasi ing badhan kasebat ngantos taun 1998. Nalika taun 2001, Présidhèn Megawati Soekarnoputri ndhawuhi Nabiel dados Mantri Lingkungan Hidup ing Kabinét Gotong Royong.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ Nabiel Makarim Si Burung Phoenix Pencinta Lingkungan Archived 2011-09-01 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 30 September 2011)
- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 Nabiel Makarim[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 30 September 2011)
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Nabiel Makarim Archived 2012-03-18 at the Wayback Machine.
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
