Mekanika lemah
Mékanika lemah iku péranganing geotèknik kang dadi salah siji cabang saka èlmu tèknik sipil, sajeroning basa Inggris mékanika lemah iku soil mechanics utawa soil engineering lan Bodenmechanik sajeroning basa Jerman.
Istilah mékanika lemah kawanuhaké déning Karl von Terzaghi ing taun 1925 liwat bukuné "Erdbaumechanik auf bodenphysikalicher Grundlage" (Mékanika Lemah dhedhasar marang Sipat-Sipat Dhasar Fisik Lemah), kang mbahas prinsip-prinsip dhasar saka èlmu mékanika lemah modhèren, lan dadi dhasar studi-studi terusan èlmu iki, saéngga Terzaghi sinebut "Bapak Mékanika Lemah".
Dhéfinisi lemah
[besut | besut sumber]Lemah didhéfinisikan minangka material kang dumadi saka:
- Agrégat (butiran) mineral-mineral padhet kang ora kaiket kanthi kimia siji lan sijiné
- Dat cuwèr
- Gas kang ngisi ruang-ruang kothong antarané butiran mineral-mineral padhet mau
Lemah migunani minangka pendhukung pondhasi yasan lan uga minangka bahan yasan (conto: bata).
Pacoban
[besut | besut sumber]Èlmu iki nyinaoni sipat-sipat lemah liwat pacoban laboratorium lan pacoban lapangan:
Pacoban lapangan
[besut | besut sumber]- Panjupukan conto lan benda uji lemah
- Pendataan lapisan kanthi cara pangeboran
- Uji CPT utawa Sondir
- Uji Tekan Pelat
- Uji kapadhetan lemah ing lapangan
- Uji Permeabilitas sumur
- Uji SPT (eng: Standard Penetration Test)
- Uji DCP
- Uji Kekuatan Geser Lemah ing lapangan, migunakaké Uji Baling-Baling
Pacoban laboratorium
[besut | besut sumber]- Distribusi Butiran Lemah,
untuk lemah berbutir besar digunakan Uji Ayak (eng: Sieve Analysis, de: Siebanalyse),
kanggo lemah mawa butir alus digunakaké Uji Hidrometer (eng: Hydrometer,
de: Aräometer/Sedimentationsanalyse).
- Bobot Jinis Lemah (eng: Specific Grafity, de: Wichte)
- Karapetan Lemah (eng: Bulk Density, de: Dichte) nganggo Piknometer.
- Kadar banyu, Angka Pori lan Kajenuhan Lemah
(eng: Water Content, Pore Ratio and Saturation Ratio;
de: Wassergehalt, Hohlraumgehalt, Sättigungszahl)
- Permeabilitas (eng: Permeability, de: Wasserdurchlässigkeit)
- Plastisitas Lemah
dengan menggunakan Atterberg Limit Test untuk mencari:
-Wates Plastis lan Semi Padhet,
(eng: Liquid Limit, Plastic Limit, Shrinkage Limit;
de: Zustandgrenzen und Konsistenzgrenzen)
- Konsolidasi (eng: Consolidation Test, de: Konsolidationversuch)
- Uji Kakuwatan Geser Lemah,
ing laboratorium ana telu pacoban kanggo nemtokaké kakuwatan gèsèr lemah, ya iku:
-Pacoban Gèsèr Langsung (eng: Direct Shear Test, de: Direktscherversuch),
-Uji Pambebanan Sak Arah (eng: Unconvined Test, de: Einaxialversuch) dan
-Uji Pambebanan Telung Arah (eng & de: Triaxial)
- Uji Kemampatan nganggo Uji Proctor
Panggunaan èlmu
[besut | besut sumber]Sabanjuré, èlmu iki dipigunakaké kanggo:
- Perencanaan perkerasan lapisan dhasar jalan (pavement design)
- Perencanaan struktur ing ngisor lemah (trowongan, basement) lan dhindhing panahan lemah)
- Perencanaan galian
- Perencanaan bendungan
Tokoh
[besut | besut sumber]Karl von Terzaghi, Atterberg, Charles Augustin de Coulomb, Henry Darcy, Robert Hooke, Christian Otto Mohr, Ludwig Prandtl.