Martin Aleida

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Martin Aleida kang duwé jeneng asli Nurlan (lair ing Tanjung Balai, Sumatra Utara, 31 Dhésèmber 1943; umur 76 taun) ya iku salah sijiné sastrawan saka Indonésia. Jenengé kawentar liwat pakaryané awujud carita cekak lan novèl kang diemot ing sakperang koran, kalawarta, lan jurnal. Martin uga naté nglakoni gegawéan minangka wartawan ing koran Jaman Baru. Pagawéan iku mau nglantaraké mlebu ing pakunjaran, ditangkep déning pamarintah Orde Baru jalaran koran kuwi dibabar déning Lembaga Kesenian Rakyat kang nyengkuyung Partai Kuminis Indonésia.[1][2]

Riwayat[besut | besut sumber]

Martin Aleida lair ing Tanjung Balai, Sumatra Lor, 31 Dhesember 1943. Awit isih enom wis cedhak karo donyané sastra. Buku-buku pakaryané Hamka lan Pramoedya Ananta Toer ndadèkaké inspirasi kang utama kanggo pakaryané dhèwèké sabanjuré. Martin Aleida miwiti karier minangka panyerat awit taun 1962, ngirim pakaryané marang sakpérang médhia massa. Sawisé ngrampungké sekolah dhasar lan menengah ing kampungé, dhèwèké neruske pawiyatan luhur ing Fakultas Sastra Universitas Sumatra Utara (USU) Medan. Nanging dhèwèké uga naté sekolah ing mancanagara ya iku Georgetown University, Washington DC, Amérikah Sarékat (1982).[3]

Taun 1963, Martin Aleida ijrah menyang Jakarta, lumakuné ing babagan kesenian ing kelompok téater, nalika sawijiné kelompok téater teka ing Jakarta lan mèlu main ing Gedung Kesenian Jakarta dan PGRI (1964), kanthi lakon Si Nandang, karyané Ebrahim Hamid, dijupuk saka carita rakyat. Dhèwèké naté dadi punggawané redhaksi kalawarta kabudayan Jaman Baru, nanging ora tutug setaun. Sabanjuré dhèwèké nyambut gawé srabutan, terus dadi wartawan manèh ing Harian Rakyat. Meh setengah taun dhèwèké nulis kagiyatané Présidhèn Sukarno. Sawisé ngliput présidhèn, dhèwèké mèlu gladhen jurnalistik ing Semarang, nanging terus ana kedaeyan G30/S, kang ndadèkaké gladhné ora tuntas, terus bubar. Dhèwèké mlebu manèh sawisé tanggal 2 Oktober 1965. Jebul koran kang naté dadi panguripané wis ditutup. Wiwit taun 1966, dhèwèke dicekel bareng wong enem kancané lan digiring marang Markas Komando Distrik Militer 0501, Jakarta Pusat jalaran dhèwèké minangka punggawa redhaksi jurnal Jaman Baru kang dibabar Lembaga Kebudayaan Rakyat (Lekra). Dikunjara amèh setaun, sawisé kuwi diuculké taun 1966. Wulan Juli 1969, kalawarta sastra Horison ngemot carita cekaké kang sesirah Jangan Kembali Lagi, Juli. Awit saka kuwi, Nurlan ngganti jenengé dadi Martin Aleida. Jeneng Martin dienggo jalaran dhèwèké asring krungu carita babagan Martin Luther King saka ramané lan Aleida, dijupuk saka "tembung seru" ing kalangane warga Melayu ing pasisir Sumatera Wétan.[4][5]

Pakaryan[besut | besut sumber]

  • Jangan Kembali Lagi, Juli (cerkak, 1969)
  • Malam Kelabu, Ilyana dan Aku (kumpulan cerkak, 1998)
  • Layang-layang Itu Tak Lagi Mengepak Tinggi-tinggi (novèl, 1999)
  • Perempuan Depan Kaca (kumpulan cerkak , 2000)
  • Leointin Dewangga (KOMPAS, kumpulan cerkak, 2003)
  • Jamangilak Tak Pernah Menangis (novèl, 2003)
  • Mati Baik-Baik Kawan (AKAR, novèl, 2010)
  • Langit Pertama Langit Kedua (carita cekak, cathetan, esai, kritik, perdebatan, 2013)

Pangaji[besut | besut sumber]

  • Pangaji saka Departeman Wiyata Nasional kanggo kumpulan cerita cekake, Liontin Dewangga (2004)
  • Pangaji Dokarim saka Sekolah Menulis Dokarim Banda Acèh (2005)
  • Pangaji Praseta Makarya saka Kompas (2013)
  • Anugerah Kebudayaan Kategori Anugerah Seni saka Kementerian Kebudayan dan Pariwisata (2014)

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Situs resmi Taman Ismail Marzuki, dijupuk 4 Maret 2015
  2. DW.com: Martin Aleida, Sastrawan di Jalur Kiri, dijupuk 22 April 2017
  3. Lentera Timur, dijupuk 4 Maret 2015
  4. Sinar Harapan, dijupuk 4 Maret 2015
  5. Gramedia Pustaka Utama, dijupuk 4 Maret 2015