Menyang kontèn

Mandu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Nanging, isih ana varian mandu liyane sing isine daging sapi, pitik, kalkun, lan malah udang. Ana uga versi vegetarian saka mandu sing nggunakake luwih akeh tahu, wortel, kentang manis, jamur, lan kubis.

Mandu
Kimchi mandu Pyeongyang

Mandu (만두) yaiku jinis pangsit kang digawé saka adonan glepung kanthi isi daging kang wis dibumboni.[1][2] Mandu yaiku jinis masakan kang asle saka Cina lan lumebu ing Koréa kawit jaman Dinasti Goryeo (935-1397).[1] Saiki mandu dipangan saben mangsa atis lan karaméan taun anyar Seollal utawa taun anyar Imlek.[1] Carane gawé adonan mandu yaiku kanthi dilempit supaya dadi kulit kang diisi pirang-pirang bahan, ing antarané daging, janganan, jamur, tahu lan liya-liyané.[1] Metode gawé mandu ana warna-warna yaiku ana kang digodhog bareng sup kaldu (jangguk) kang panas, dikukus, digoreng utawa dipangan nganggo duduh kaldu atis.[1] Wujud mandu ana warna-warna yaiku bunder, setengah bunder, pesagi, lonjong lan saben laladan duwé cara masak lan variasi kan luwih akèh manèh.[1] Yèn dipangan karo sup kaldu diarani mandutguk (sup mandu).[1]

.

Jinis masakan kang wiwitan misuwur ing Koréa Lor ing antarané:

Reflist

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g An Illustrated Guide to Korean Culture-233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kc. 81. ISBN 89-8546-98-1. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)
  2. Mandu Archived 2009-07-07 at the Wayback Machine., visitkorea. Diundhuh tanggal 8 Juni 2010.