Kurdhistan
Tanah Kurdhi | |
Basa | Basa Kurdhi |
---|---|
Pernah | Mésopotamia udhik, lan Pagunungan Zagros, kalebu péranganing Wewengkon Anatolia iring wétan (Pagunungan Arméni) lan Anatolia Kidul, Suriah iring lor, Irak iring lor, lan Plato Irani iring lor-kulon.[1] |
Pérangan | Kurdhistan Lor Kurdhistan Kidul Kurdhistan Wétan Kurdhistan Kulon |
Nagara | Turki Irak Iran Suriah |
Laladan | 190.000–390.000 km²–500.000 km² 74.000–151.000 sq. mi[butuh sitiran] |
Cacah wong | Diwatara ana 36,4 yuta ing taun 2016 [2][3] |
Kutha gedhé dhéwé | Diyarbakır (Amed) Erbil (Hawler) Kermanshah (Kirmashan) Kirkuk (Kerkuk) Sanandaj (Sine) Sulaymaniyah (Slemani) Urfa (Riha) Van (Wan) |
Internèt TLD | .krd |
Kurdhistan (basa Kurdhi: [ˌkurdɪˈstan] ( rungokaké); "Tanah wutah getihé wong Kurdhi" utawa "Tanah Kurdhi")[4] utawa Kurdhistan Magung iku wewengkon géo-budaya kang didunungi wong Kurdhi, minangka mayoritas ing kono.[5] Wewengkon iki dadi asalé budaya, basa, saha jatidhiriné bangsa Kurdhi.[6] Kurdhistan nyrambahi Pagunungan Zagros iring lor-kulon lan Pagunungan Taurus iring wétan.[7]
Ing jaman saiki, tembung Kurdhistan tegesé laladan-laladan iki: Turki iring kidul-wétan (Kurdhistan Lor), Suriah iring lor (Rojava utawa Kurdhistan Kulon), Irak iring lor (Kurdhistan Kidul), lan Iran iring lor-kulon (Kurdhistan Wétan).[8][9] Sawenèh pakumpulan nasionalis Kurdhi marusudi yasa sawijining nagara bangsa kang mardika saka sawenèh utawa sakabéhing wewengkon mau kanthi wong Kurdhi dadi mayoritasé, déné sawenèh liyané kampanye njaluk otonomi luwih ing sajeroning nagara-nagara kang saiki dienggoni wong Kurdhi.[10][11]
Kurdhistan Irak pisanan éntuk status otonom lumantar pasarujukan ing taun 1970 karo pamaréntah Irak. Statusé mau dikukuhaké manèh ing taun 2005 ing sajeroning républik Irak fédheral.[12] Ana sawijining provinsi jeneng Kurdistan ing Iran kang ora swatantra. Wong-wong Kurdhi kang perang ing Perang Sipil Suriah kasil ngrebut pérangan gedhéné wewengkon Suriah iring lor amarga wadyaning pamaréntah Suriah kang setya tuhu marang Bashar al-Assad mundur saka palagan. Kasil yasa pamaréntahané dhéwé, wong Kurdhi mau njaluk otonomi ing Suriah fédheral sawisé perang[13]
Wong
[besut | besut sumber]Wong Kurdhi iku wong asli Indhu-Éropah. Wong-wongé ngendikan sawijining basa Irani aran basa Kurdhi lan minangka mayoritas ing wewengkon iki kang uga didunungi wong Arab, wong Arméni, wong Suriah,[14] wong Azerbaijan, wong Yahudi, wong Oséti, wong Pèrsi, lan wong Turki. Akèh-akèhé kang manggoni wewengkon iki nggilut agama Islam, nanging uga ana kang nggilut agama liyané kaya ta Yarsanisme (agamaning wong Kurdhi), Yazidhi, Alévi, Kristen,[15] lan Yahudi (mligi ing kala kapungkur), kang akèh-akèh wis ngalih menyang Israèl.[16]
Réferènsi
[besut | besut sumber]- ↑ "Kurdistan – Definitions from Dictionary.com". Dibukak ing 2007-10-21.
- ↑ "The Kurdish population". Fondation-Institut kurde de Paris. 20 Dhésèmber 2016. Dibukak ing 2017-10-15.
- ↑ Étungan kasaran déning CIA Factbook nuduhaké angka 14,5 yuta wong Kurdhi ing Turki, 6 yuta ing Iran, watara 5 nganti 6 yuta ing Irak, lan ora nganti 2 yuta ing Suriah, kang gunggungé mèh nyandhak 28 yuta wong Kurdhi kang urip ing nagara-nagara iki (ing Kurdhistan lan wewengkon-wewengkon pérangané ing sawenèh nagara). CIA Factbook ngira-ira ing 2014; Turki: "Kurdhi 18% [saka 81,6 yuta]", Iran: "Kurdhi 10% [saka 80,8 yuta]", Irak: "Kurdhi 15%-20% [saka 32,6 yuta]" Suriah: "Kurdhi, Arméni, lan liyané 9,7% [saka 17,9 yuta]".
- ↑ "Kurdistan". Encyclopaedia Britannica Online. Dibukak ing 2010-07-29.
- ↑ Zaken, Mordechai (2007). Jewish Subjects and Their Tribal Chieftains in Kurdistan: A Study in Survival. Leiden, The Netherlands: BRILL. kc. 1–2. ISBN 9789004161900.
Kurdistan was never a sovereign state, though the area with an ethnic and linguistic majority of Kurdish population is defined as Kurdistan.
- ↑ M. T. O'Shea, Trapped between the map and reality: geography and perceptions of Kurdistan , 258 pp., Routledge, 2004. (see p.77)
- ↑ Kurdistan, Britannica Concise.
- ↑ Kurdish Awakening: Nation Building in a Fragmented Homeland, (2014), by Ofra Bengio, University of Texas Press
- ↑ "The Columbia Encyclopedia, Sixth Edition, 2005". bartleby.com.
- ↑ "The Kurdish Conflict: Aspirations for Statehood within the Spirals of International Relations in the 21st Century". Kurdishaspect.com. Diarsip saka sing asli ing 2011-06-05. Dibukak ing 2011-05-13.
- ↑ Hamit Bozarslan “The Kurdish Question: Can it be solved within Europe?”, page 84 “The years of silence and of renewal” in Olivier Roy, ed.
- ↑ Iraqi Constitution, Article 113.
- ↑ "Kurds seek autonomy in democratic Syria". BBC. August 16, 2012.
- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2016-07-12. Dibukak ing 2017-10-31.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ Mehrdad R. Izady, The Kurds: A Concise Handbook, 1992, Taylor & Francis, Washington, D.C., [1]
- ↑ "Photos of Kurdish Jews in Israel". Saradistribution.com. Dibukak ing 2011-05-13.
- CS1 maint: archived copy as title
- Artikel mawa tetélan tanpa sumber kawit November 2016
- Articles with invalid date parameter in template
- Artikel Wikipedia kanthi BNE identifiers
- Kaca kanthi kategori kontrol otoritas sing durung digawe
- Artikel Wikipedia kanthi BNF identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi GND identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi HDS identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi LCCN identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NARA identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NDL identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NKC identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi NLI identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi SUDOC identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi VcBA identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi VIAF identifiers
- Artikel Wikipedia kanthi identifikasi WorldCat-VIAF
- Kurdhistan