Kirkuk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Kirkuk
كركوك
Kerkûk
Kutha Kirkuk
Kutha Kirkuk
Kirkuk is located in Iraq
Kirkuk
Kirkuk
Kirkuk's location in Iraq
Koordhinat: 35°28′0″N 44°19′0″E / 35.46667°N 44.31667°E / 35.46667; 44.31667Koordhinat: 35°28′0″N 44°19′0″E / 35.46667°N 44.31667°E / 35.46667; 44.31667
Nagara  Irak
Kagubernuran Kirkuk
Élevasi 350 m (1,150 ft)
Cacah warga (2009 Est.)[1]
 • Gunggung 850 787
Zona wektu GMT +3

Kirkuk (Arab: كركوك‎‎ Karkūk, Basa Turki: Kerkük, Basa Kurdhi: کەرکووکKerkûk; Karkh-Selokh) ya iku sawijining kutha ing Irak lan mujudaké kutha krajané Kagubernuran Kirkuk ing Irak, 238 kilomèter (148 mil) sing dumunung ana pérangan lor kutha Baghdad.[2] Wewengkoné Kirkuk iki nduwé populasi sing manéka warna lan basa sing dituturaké uga rupa-rupa, kawit pirang-piran abad kapungkur. Démografiné Kirkuk ngalami owahan nalika ana urbanisasi Kirkuk ing abad ka-20, sing njalari anané manéka warna golongan ètnis mara menyang Kirkuk.[3] Wong Kurdhi, wong Turkmen, wong Arab lan wong Suryani padha carukan ngenani wewengkon iki, lan padha ndhesek tuntutan bab tanah iki migunakaké crita, lan latar wuri sajarahé kanggo nyengkuyung tuntutané dhéwé-dhéwé.[4] Wong Turkmen ing Irak nganggep Kirkuk minangka kutha krajané Turkmeneli.[5]

Kutha Kirkuk iki dumunung ana ing sakupenge patilasané Kutha Kirkuk, sanané kutha kuna ing Asyur, ya iku Arrapha, saka tengahaning milénium kaping 3 SM,[6] sing prenahé ana ing sacedhaké Kali Khasa. Kutha iki disebutake ing salah sawijining tulisan kuneiform nalika jaman Sumero-Akkadian ing Asyur saka 2400 SM.[7] Wewengkon iki dadi péranganing kakaisaran Akkadian (2335–2154 SM) sing manunggalaké wong Mésopotamia sing nuturaké basa Akkadian lan Sumeria ana sangisoring siji pamaréntahan. Sawisé kakaisaran iki bubar, wong Gutian sing nyaturaké basa isolat, golongan ras saka Iran Kuna, nguwasani wewengkon iki suwéné sawenèh abad, lan Arrapha didadèkaké kutha krajané, banjur nalikané jaman pamaréntahan Mésopotamia déning wong Sumeria sasuwéné 2112-2004 SM, wong Gutian iki diusir saka wewengkon kono. Banjur kutha kasebut didunungi akèh-akèhé déning wong Hurrian sing nuturaké basa isolat saka Anatolia wétan. Tumuli, wewengkon iki digabungaké ana sangisoré Kakaisaran Kuna Asyur (2025–1750 SM). Arrapha dadi kutha ing Asyur sing penting nganti bubaré kakaisaran Asyur antarané 615–599 SM. Banjur Arrapha uga dadi salah sawijining pérangan géo-politik ing provinsi Asyur sangisoré manéka warna pamaréntahan asing. Ing antarané abad ka-2 SM lan ka-3 Masèhi dadi kutha krajané nagara ing Asyur Anyar ya iku Beth Garmai, nuli wewengkon iki diteluk déning kakaisaran Sassanid lan dadi pérangané Assuristan.

Wong Kurdhi[8][9] lan wong Turkmen[10] ngarani kutha iki minangka kutha sana budaya. Kutha iki dijenengi kutha "sana budaya Irak" déning kamentrèn kabudayan Irak ing 2010.[11] Kutha iki saiki akèh-akèhé didunungi déning wong Kurdhi, wong Arabs, wong Turkmen ing Irak, lan wong Asyur.

Démografi[besut | besut sumber]

Sènsus sing miyatani ngenani golongan ètnis sing ana ing Kirkuk titimangsané saka taun 1957. Tapal watesé provinsi Kirkuk diowahi, provinsiné salin jeneng dadi al-Ta'mim lan dhistrik sing akèh didunungi wong Kurdhi didadèkaké pérangané provinsi Erbil lan Sulamaniya.[12]

Étungan sènsus ing Liva (saindhengé kagubernuran) Kirkuk ing 1957[13]
Golongan ètnis adhédhasar basa asliné Cacahé Prèsentase
Basa Kurdhi 187,593 48.2%
Basa Arab 109,620 28.2%
Basa Turkmen 83,371 21.4%
Basa Suriah 1,605 0.4%
Basa Ibrani 123 0.03%
Gunggung 388,829
Étungan sènsus ing City Proper ing Kirkuk taun 1957[13]
Golongan ètnis adhédhasar basa asliné Cacahé Prèsentase
Basa Turkmen 45,306 37.6%
Basa Kurdhi 40,047 33.3%
Basa Arab 27,127 22.5%
Basa Suriah 1,509 1.3%
Basa Ibrani 101 0.1%
Gunggung 120,402
Étungan sènsus ing Kagubernuran Kirkuk[14]
Golongan ètnis 1957 Prèsentase 1977 Prèsentase 1997 Prèsentase
Wong Arabs 109,620 28.2% 218,755 45% 544,596 72%
Wong Kurdhi 187,593 48.2% 184,875 38% 155,861 21%
Wong Turkmens 83,371 21.4% 80,347 17% 50,099 7%
Wong Suryani 1,605 0.4%
Wong Yahudi 123 0.03%
Liyané 6,545 1.77% 0 0% 2,189 0.3%
Gunggung 388,829 100% 483,977 100% 752,745 100%

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "World Gazetteer". World Gazetteer. 26 January 2009. Diarsip saka sing asli ing 9 February 2013. Dijupuk 2009-01-26. 
  2. "Google Maps Distance Calculator". Daftlogic.com. 12 January 2013. Dijupuk 2013-03-26. 
  3. Bet-Shlimon, Arbella. 2012. Group Identities, Oil, and the Local Political Domain in Kirkuk: A Historical Perspective. Journal of Urban History 38, no. 5.
  4. "Kirkuk". Cities in transition. 
  5. Ezzat 2012, k. 1.
  6. The Cambridge Ancient History – Page 17 by John Boardman
  7. William Gordon East, Oskar Hermann Khristian Spate (1961). The Changing Map of Asia: A Political Geography, 436 pages, p: 105
  8. [1] Claims in conflict: reversing ethnic cleansing in northern Iraq, Human Rights Watch (Organization), Aug. 2004, Vol.16, 54.
  9. Cocks, Tim (21 July 2009). "U.N. wants Iraq Kurds to drop Kirkuk vote-diplomat". ofReuters. 
  10. "The Identity of Kirkuk" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 20 August 2011. Conclusion 
  11. "Archived copy". Diarsip saka sing asli ing 30 June 2017. Dijupuk 27 December 2009. 
  12. Dagher, Sam (25 April 2008). "Can the U.N. avert a Kirkuk border war?". CS Monitor. Dijupuk 2 August 2012. 
  13. a b "Iraq". www.let.uu.nl. Dijupuk 2016-10-16. 
  14. Part I. Kirkuk and its environs. – Chapter 2. Kirkuk in the Twentieth Century, page 43. // Crisis in Kirkuk: The Ethnopolitics of Conflict and Compromise. Authors: Liam Anderson, Gareth Stansfield. Philadelphia: University of Pennsylvania Press, 2011, 312 pages. ISBN 9780812206043

Kapustakan[besut | besut sumber]

Uga wacanen[besut | besut sumber]

Dibabar ing abad ka-19
Dibabar ing abad ka-20
  • "Kerkuk", Encyclopædia Britannica (ed. 11th), New York: Encyclopædia Britannica Co., 1910, OCLC 14782424 
  • "Kerkuk", Palestine and Syria (ed. 5th), Leipzig: Karl Baedeker, 1912 
Dibabar ing abad ka-21
  • Michael R.T. Dumper; Bruce E. Stanley, eds. (2008), "Kirkuk", Cities of the Middle East and North Africa, Santa Barbara, USA: ABC-CLIO, ISBN 1576079198