Erbil
Erbil ھەولێر أربيل Hawler, Arbīl | |
---|---|
Kutha krajan | |
Manut jarum jam, saka paling ndhuwur: Tengahing kutha, Mudhafaria Minaret, Recané Ibn al-Mustawfi, Citadel Erbil | |
Koordhinat: 36°11′28″N 44°0′33″E / 36.19111°N 44.00917°EKoordhinat: 36°11′28″N 44°0′33″E / 36.19111°N 44.00917°E | |
Nagara | Irak |
Wewengkon otonom | Kurdhistan Irak |
Provinsi | Kagubernuran Erbil |
Pamaréntahan | |
• Walikutha | Nihad Qoja |
Laladan | |
• Gunggung | 197 km2 (76 sq mi) |
Élepasi | 390 m (1,280 ft) |
Cacah warga (2015) | |
• Gunggung | 852,500[1] |
Zona wektu | GMT+3 (UTC+3) |
• Usum panas (DST) | not observed (UTC) |
Kodhe pos | 44001 |
Kodhe laladan | 066 |
Situs wèb | http://hawlergov.org/ku/index.php |
Erbil (Kurdish: ھەولێر, Hawler; Basa Arab: أربيل, Arbīl), uga katulis Arbil utawa Irbil, iku kutha krajané wewengkon Kurdhistan ing Irak pérangan lor. Kutha iki dumunung udakara 350 kilomèter (220 mil) ing sisih loré kutha Bagdad. Déné wewengkon kagubernurané nduwé gungguh cacah jiwa tetep kang ngancik udakara 1,61 yuta wong ing taun 2011.[2]
Manungsa mukim ing Erbil titimangsané udakara saka 5000 SM, lanmujudaké salah sawijining laladan paling tuwa sadonya kang didunungi.[3] Ing punjering kutha ana Citadel kuna saka Arbil. Rujukan sajarah kang paling kawitan ngenani bab wewengkon iki titimangsané saka trah Ur III saka Sumer, nalika prabu Shulgi ngarani bab Urbilum. Kutha iki kang banjur didunungi déning wong Suryani.[4][5]
Erbil dadi pérangan integral saka karajan Asyur ing udakara abad ka-21 SM nganti pungkasaning abad ka-7 SM, sawisé wewengkon kasebut dikuwasani déning wong Gutians lan ing sajarah Asyur, dikenal minangka Urbilim, Arbela lan Arba-ilu. Sawise prastawa iku, wewengkon iki dadi pérangané provinsi géopolitik Asyur sangisoré sawenèh kakaisaran, kalebu Kakaisaran Median, Kakaisaran Akhemeniyah (Akhemeniyah Asyur), Kakaisaran Makédonia, Kakaisaran Seleukia, Kakaisaran Parthia (Athura), Asyur (Provinsi Romawi) lan Kakaisaran Sasaniyah (Assuristan). Wewengkon iki uga dadi kutha krajané nagara Adiabane saka Karajan Asyur Anyar ing antarané tengahaning abad ka-2 SM lan kawitané abad ka-2 Masèhi. Sawisé panelukan Arab déning Pèrsi, Asyur minangka èntitas géo-pulitik (banjur dijuluki Assuristan/Athura) alon-alon bubar, lan nalikané abad tengahan, kutha kuwi dibawahi Seljuk lan kakaisaran Ottoman.[6]
Musiyum arkéologi ing Erbil nduwé kolèksi artéfak saka jaman pra-Islam (kususé saka jaman Sumeria lan Asyur) lan mujudaké panceré proyèk arkéologi ing wewengkon kasebut.[7] Kutha kuwi dirancang dadi Punjering Priwisata ing Arab taun 2014 déning Majelis Pariwisata Arab.[8][9] Ing Juli 2014, Citadel Erbil kacathet minangka salah sawijining Sana Warisan Donya déning UNESCO.
Kutha iki duwé cacah jiwa saka manèka warna golongan ètnis, kalebu wong Kurdhi, wong Suryani, wong Arab, wong Armènia, Wong Turki-Irak, wong Yasidhi, wong Shabaki lan wong Mandean. Agama-agama ing kutha iki uga amnèka warna, ya iku Islam Sunni, Islam Sufi, Islam Singah, Kristen (akèh-akèhé kang ngrasuk wong Suryani lan wong Armènia), Yashidisme, Yarsan, Shabakisme lan Mandeanisme uga ana ing Erbil lan wewengkon sakupengé.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Iraq". CITY POPULATION. Dibukak ing 5 September 2017.
- ↑ "Ministry of Planning".
- ↑ Novácek, Karel (2008). "Research of the Arbil Citadel, Iraq, First Season". Památky Archeologické (XCIX): 259–302.
- ↑ Villard 2001
- ↑ Hamblin, William J. (2006). Warfare in the Ancient Near East to 1600 BC. Routledge. kc. 111. ISBN 0-415-25589-9.
- ↑ Georges Roux – Ancient Iraq
- ↑ 'Directorate Antiquities of Erbil's Guide' Brochure produced by General Directorate of Antiquities, KRG, Ministry of Tourism
- ↑ Erbil named 2014 Arab Tourism Capital Archived 2015-07-08 at the Wayback Machine.. Retrieved 30 January 2014
- ↑ "Erbil: Kurdish City, Arab Capital", Rudaw. Retrieved 30 January 2014