Menyang kontèn

Paribasan Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ketula-tula ketali)

Iki wujud pratélan paribasa lan saloka basa Jawa (durung pepak) kang ditata urut abjad. Paribasan iku tetembungan utawa ukara saèmper saloka nanging tegesé wantah, dudu pepindhan. Ana ing pratélan iki paribasan lan saloka digabung dadi siji amrih luwih prasaja.



A B C D E G H I J K L M N O P Q R S T U V W X Y Z


Paribasa Teges
Adhang-adhang tètèsé embun Njagakaké barang mung trima saolèh-olèhé
Adigang, adigung, adiguna Aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé
Agama ageming aji Agama dadi panuntun tingkah laku lan bisa ngatonaké jatining dhiri
Aja dumèh Aja ngagungaké kalungguhan, kasudibyan, utawa kalungguhané
Aja golèk wah, mengko dadi owah Aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman
Aji godhong garing Wis ora ana ajiné babar pisan
Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana Aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé
Alon-alon waton kelakon Aja kesusu, nanging ajeg garap apa kang dadi tanggung jawabé
Ambeg parama arta Ndhisikaké tugas kawajiban kang utama
Ana catur mungkur Ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik
Ana dhaulaté ora ana begjané Wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida
Anak polah bapak kepradah Kalakoné anak iku apa waé kang nanggung wong tuwané
Angon mangsa Golèk wektu kang prayoga kanggo tumindak
Angon ulat ngumbar tangan Nyawang kaanan jalaran arep nyolong utawa tindak culika
Asu belang kalung wang Wong asor nanging sugih
Asu gedhé menang kerahé Wong gedhé lan nduwé panguwasa menang kuwasané
Asu marani gepuk Marani bebaya
Asu rebutan balung Rebutan barang kang sepélé
Ati bengkong olèh oncong Wong kang nduwé niyat ala olèh dalan
Paribasa Teges
Baladéwa ilang gapitéĪ Wong kang ilang kaluhurané
Banyu pinerang Pasulayané sadulur mesthi énggal pulihé
Bathang lelaku Lelungan ngliwati panggonan kang mbebayani
Bathok bolu isi madu Wong asor nanging sugih kapinteran
Becik katitik, ala katara Tumandang apa waé mengko bakal bisa mangertèni endi kang becik endi kang ala
Belo mèlu saton Wong bisané mung mèlu-mèlu, ora ngerti kang dikarepaké
Bubuk olèh lèng Wong kang duwé niyat ala olèh dalan
Busuk katekuk, pinter kablinger Wong bodho lan wong pinter padha-padha nemu cilaka
Paribasa Teges
Canthing jali Wong kang wis ora bisa diisi manèh pikirané kanggo ngèlmu
Cathok gawèl Ora diajak rembugan, nanging mèlu-mèlu ngrembug
Car-cor kaya kurang janganan Ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
Cecak nguntal cagak Duwé kekarepan kang mokal bisa klakon
Cecak nguntal empyak Gegayuhan kang ora timbang karo kakuwatané
Aja cedhak kebo gupak Pawongan kudu bisa wicaksana anggoné kakancan
Cilik lombok ijo Wong cilik lakone kaya wong gedhé
Cincing-cincing meksa klebus Karepé ngirid nanging malah entèk akèh
Criwis cawis Tansah mbantah préntah nanging sumadhiya nindhakaké
Paribasa Teges
Dahwèn ati opèn Nacad nanging arep dimelik dhéwé
Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra Ora ana bédané babar pisan
Dhemit ora ndulit, sétan ora doyan Tansah ginanjar slamet, ora ana kang ngribedi
Désa mawa cara nagara mawa tata Saben panggonan duwé cara dhéwé-dhéwé
Diwehi ati ngrogoh rempela Nyuwun wis diparingi sithik, nyuwun kang akèh
Dom sumuruping banyu Laku samar utawa meneng-menengan
Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kelangan Sanajan wong liya yèn ana ora kapénaké mèlu ngrasakaké
Didhadunga medhot, dipalangana mlumpat Padha kethikan, kang siji api-api ora ngerti
Durung pecus keselak besus Durung sembada wis kapéngin kang ora-ora
Paribasa Teges
Éman éman ora kaduman Karepé ngéman nanging malah ora kaduman dhéwé
Emban cindhé emban siladan Siji lan sijiné ora padha pangrengkuhé (ora adil)
Embat-embat celarat Nyambut gawé klawan ngati-ati banget
Emprit abuntut bedhug Prakara kang sepélé dadi gedhé
Endhas gundhul dikepeti Wis kapénak ditambahi luwih kapénak manèh
Enggon welut didoli udhet Panggoné wong pinter dipamèri kapinteran kang ora sapiraa
Entèk jaraké Wis entèk kasugihané
Ésuk dhelé soré témpé Méncla-ménclé
Paribasa Teges
Gagak nganggo laring merak Wong cilik tumindak kaya wong gedhé
Gajah alingan suket teki Lair lan batin ora padha, mesthi bakal katara
Gajah elar Sarwa gedhé lan dhuwur kakarepané
Garang garing Wong sumugih nanging sabeneré kakurangan
Gupak puluté ora mangan nangkané Mèlu rekasa nanging ora mèlu kepénak
Gegedhèn empyak kurang cagak Kagedhèn kakarepan nanging ora kuwawa nandangi
Golèk uceng kélangan dheleg Kapingin olèh kang luwih aji malah kélangan apa kang wis diduwèni
Paribasa Teges
Harda walépa Tumindak kang ora patut, ditakoni malah ganti takon
Hasta kukila warsa Pralambang saka wong urip nalika wis tuwa umuré
Hèr gung raja manah anung Wong sugih, pangkaté dhuwur, lembah manah, lan ngurmati sapadha-padha
Hèru cakra Sang raja kang dipercaya ngeculaké rakyaté saka kasangsaran
Holopis kuntul baris Nindakake pagawéyan bebarengan
Hyang kalingga surya Panuntun gedhé kang bisa ngayomi lan misuwur ing bebrayan
Hyang Sukma Adiluwih Kabèh kang ana ing donya iki wis dadi karsané Gusti
Paribasa Teges
Idu didilat manèh Narik manèh ukara-ukara kang wis diujaraké
Idu geni Apa kang diujaraké mesthi kedadèn
Ilang jaraké kari jailé Sipat wicaksanané ilang, kari sipat alané
Ilang leginé kari ampasé Wong kang wis ora bisa mènèhi paédah, dilalèkaké jasané
Ilang-ilangan endhog siji Wong tuwa kang wis ora gelem ndhaku anak amarga duraka
Ilu-ilu kapiluyu Wong kang senengé mung mèlu-mèlu
Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani Pamimpin nalika ana ing ngarep kudu bisa dadi patuladan, nalika ana ing tengah bisa nggatokaké rakyaté, lan nalika ing buri bisa mènèhi panyengkuyung
Ing sandhi praléna Wong kang tumindak wewadi lan grusa-grusu saéngga gawé cilaka wong liya
Iwak lumebu wuwu Wong kang gampang kapusan amarga bodho
Paribasa Teges
Jail mringkil Wong kang tumindak ala ora patut didadèkaké kanca
Jajah désa milang kori Wong kang seneng lalungan lan nyawangi akèh papan panggonan
Jalma angkara mati murka Kangèlan amarga nesuné dhéwé
Jalma limpad saprapat tamat Wong kang duwé daya linuwih bisa weruh sadurungé winarah
Jamur ing mangsa katiga Kaanan kang arang kadadèn
Jaran karubuhan empyak Kapok banget
Jarit lawas ing sampiran Duwé kalantipan nanging ora digunakaké
Jer basuki mawa béya Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
Jati katlusuban luyung Wong-wong apik kang kalebon wong-wong ala kang banjur ngrusak
Jiniwit katut Yèn sadulur sedhih mèlu ngrasa sedhih
Jujul wuwul Prakara kang tambah angèl
Jurang growah ora mili Wong kang mesthi mblénjani janji
Paribasa Teges
Kacang mangsa ninggal lanjaran Sipaté anak ora bakal béda adoh karo sipaté wong tuwané
Kadang konang Ngakoni sadulur mung karo kang sugih-sugih
Kalah cacak menang cacak Samubarang pagawéan luwih becik dicoba dhisik bisa lan orané
Kandhang langit kemul méga Wong kang ora duwé omah
Katon kaya cempaka sawakul Tansah disenengi wong akèh
Kaya banyu karo lenga Wong kang ora bisa rukun
Kakèhan gludhug kurang udan Akèh omongé ora ana nyatané
Kabanjiran sagara madu Nemu kabegjan kang gedhé banget
Kebat kliwat gancang pincang Tumindak sarwa kasusu asilé mesthi ora kabeneran
Kebo bulé mati sétra Wong pinter nanging ora ana kang merlokaké
Kebo ilang tombok kandhang Wis kilangan, ngetokaké wragat manèh kanggo nggolèki, malah ora katemu pisan
Kebo kabotan sungu Rekasa marga kakèhan anak
Kebo lumumpat ing palang Ngadili prakara ora nganggo waton
Kebo mulih menyang kandhangé Wong lunga adoh bali menyang omah manèh
Kebo nusu gudèl Wong tuwa jaluk wuruk wong enom
Kegedhèn empyak kurang cagak Kagedhèn kakarepan nanging kurang sembada
Kajugrugan gunung menyan Oleh kabegjan kang gedhé banget
Kakudhung welulang macan Ngapusi nganggo jeneng wong kang diwedèni
Kalacak kapathak Ora bisa mungkir, jalaran wis kabuktèn
Kena iwaké aja nganti butheg banyuné Kang dikarepaké kalakon nanging aja nganti gawé rusak
Kencana katon wingka Sanajan apik nanging ora disenengi
Kendel ngringkel Ngaku kendel tur pinter jebu1 jirih tur bodho
Kenès ora èthès Wong sugih umuk nanging bodho
Keplok ora tombok Wong senengé maido, ora gelem mèlu cawé-cawé
Kéré munggah balé Batur dipek bojo karo bendaran
Kéré nemoni malem Wong kang bedhigasan
Kérot ora duwé untu Duwé kakarepan nanging ora duwé wragat
Karubuhan gunung Wong nemoni kasusahan kang gedhé banget
Kasandhung ing rata, kabentus ing tawang Olèh cilaka kang ora dinyana-nyana
Katula-tula katali Wong kang tansah nandhang sengsara
Kethèk saranggon Kumpulan wong kang tindak ala
Kléyang kabur kanginan Lunga ora karuwan jujugé
Klenthing wadhah masin Angèl ninggal pakulinan tumindak ala
Kongsi jambul wanen Nganti tumekan tuwa banget
Krokot ing galeng Wong kang mlarat banget
Kriwikan dadi grojogan Prakara kang mauné cilik dadi gedhé
Kumenthus ora pecus Seneng umuk nanging ora sembada
Kurung munggah lumbung Wong cilik didadèkaké wong gedhé
Kuthuk nggéndhong kemiri Nganggo kang sarwa apik, liwat dalan kang mbebayani
Kutuk marani sunduk Njarag marani bebaya
Kuncung nganti tumeka gelung Suwé banget anggoné entèni
Paribasa Teges
Lali karo baruté
Ladhak kacocog eri
Lahang karoban manis Bagus/ayu rupané tur luhur bebudèné
Lambé satumang kari samerang Dituturi bola-bali meksa ora digugu
Lanang kemangi Wong lanang kang jirih
Legan golèk momongan
Lumpuh ngideri jagad Duwé kakarepan kang mokal katurutan
Paribasa Teges
Maju tatu mundur ajur Prakara kang sarwa pakéwuh
Matang tuna numbak luput Tansah luput kabèh panggayuhané
Manuk emprit abuntut bedhug Wong kang senéng gawé prakara alit digedhé-gedhékaké
Meneng widara uleran Katon anteng nanging sajatiné ala atiné
Menthung koja kena sembaginé Rumangsané ngapusi, nanging sajatiné malah kena apus
Merangi tatal Mbalèni pakaryan kang wus rampung
Melok nanging aja nyolok Wong urip aja nganti seneng pamèr
Mikul dhuwur, mendhem jero Bisa njunjung drajaté wong tuwa
Mrojol selaning garu Linuwih (pinunjul ing kawruh) lan langka kang madhani
Mulat sarira angrasa wani, rumangsa mèlu andarbèni, wajib mèlu angrukebi Wani mawas dhiri, rumangsa mèlu nduwé lan njaga apa kang ana
Paribasa Teges
Nabok nyilih tangan Tumindak ala kanthi kongkon wong liya
Nawu lintang Tumindak kang angèl dilakoni (tangèh lamun).
Nagara mawa tata, désa mawa cara Sesami manungsa ingkang gesang wonten ing pundi kémawon saged ngurmati dhumateng martabat tiyang sanèsipun
Ngagar metu kawul Ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan
Ngemut legining gula Bareng karasa kapénak, lali asalé
Nglungguhi klasa gumelar Wong asor bisa ngalahaké wong luhur (gedhé) nganti gawé kagèt wong akèh
Nguyahi banyu sagara Nglakokaké barang kang ora ana gunané
Ngrusak pager ayu Ngrebut bojoné wong
Ngundhuh wohing pakarti Wong bakal nampa wales apa kang ditindakaké
Nguthik-uthik macan dhédhé Njarag wong kang wis lilih nepsuné
Nucuk ngiberaké Wis disuguh, mulihé nyangking suguhan (brekat)
Nututi layangan pedhot Ngupaya barang sepélé kang wis ilang
Nyangoni kawula minggat Ndandani barang kang pijer rusak
Nyunggi lumpang kenthèng Luwih becik rekasa dhisik, ing tembé mburiné bakal kapénak
Paribasa Teges
Obor blarak Pagawéan kang mung grengseng sadhéla waé
Opor bèbèk mentas awaké dhéwé Rampung saka rekadayané dhéwé
Ora gonja ora unus Wong kang ala rupané, atiné uga ala
Ora mambu enthong irus Dudu sanak dudu kadang
Ora ana banyu mili mendhuwur Wataké anak adaté niru wong tuwané
Ora ana kukus tanpa geni Ora ana tundhon tanpa ana larahé
Ora tembung ora tawung Njupuk barangé liyan tanpa kandha dhisik
Ora uwur ora sembur Ora gelem cawé-cawé babar pisan
Othak athik gathuk Nggothak-nggathukaké kaanan kang dumadi saéngga cocog, kamangka durung karuwan ana gayutané
Othak athik didudut angèl Rembugé sajak kapénak bareng ditandangi jebulé angèl
Paribasa Teges
Pakulinan iku kodrat kang kapindho Yèn nglakokaké barang tartamtu ora usah dipikir manèh
Palang mangan tuwuhan Wong kang diprecaya malah ngrusak
Pitik trondhol diumbar ing padaringan Wong ala dipasrahi tunggu barang aji
Pupur sadurungé benjut Ngati-ati mumpung durung cilaka
Paribasa Teges
Rawé-rawé rantas malang-malang putung Apa-apa kang ngalangi ing patujon kudu dibabad entèk
Rebut balung tanpa isi Regejegan prakara kang sepélé
Rindhik asu digitik Dikongkon nglakoni gawéan kang cocog karo karepé
Paribasa Teges
Sabaya pati sabaya mukti Rukun nganti tekaning pati
Sadumuk bathuk sanyari bumi Ajining dhiri lan panggonan bakal dibéla mati-matian
Sandhing kebo gupak
Sapa gawé nganggo Samubarang bakal mènèhi pituwas marang kang nglakoni
Sapa sira sapa ingsun Aja waton ngguroni utawa mréntah wong liya
Sapa kang salah bakal sèlèh Sapa kang salah bakal konangan
Sadhakep awé-awé Marèni tumindak ala nanging isih kapingin tumindak manèh
Sembur sembur adus siram siram bayem Bisa kaleksanan jalaran pandungané wong akèh
Sepi ing pamrih ramé ing gawé Seneng tumindak becik marang wong liya tanpa ngarep-arep piwales
Sing bisa rumangsa aja rumangsa bisa
Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasoraké Manungsa kang sugih ing budi
Sumur golèk timba
Paribasa Teges
Téga larané ora téga patiné Téga nglarani, nanging ora téga yèn nganti blai (mati)
Tembang rawat-rawat ujaré bakul sinamberawa Kabar kang durung mesthi bener lan luputé
Timun jinara Prakara gampang banget
Timun mungsuh durèn Wong cilik mungsuh panguwasa
Timun wungkuk jaga imbuh Kanggo jagan yèn ana kurangé
Tinggal glanggang colong playu Kaplayu saka tanggung jawab
Tumbak cucukan Wong kang seneng wadulan
Tumbu olèh tutup Wong kakancan kang cocog banget
Tuna sathak bathi sanak Tuna bandha nanging bathi olèh sadulur
Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati Turunané wong cilik dadi wong gedhé, turunané wong gedhé dadi wong cilik
Tulung menthung Ditulungi malah ngrusuhi.
Paribasa Teges
Ubaya saksi Wong kang janji sumedya mènèhi kakucah marang saksi
Ubut saksi Wong prekaran tanpa nampik saksi
Udan gemblong omahé wong, udan gaplèk omahé dhéwé Saapik-apiké omahé wong liya isih luwih becik yèn manggon ing omahé dhéwé
Ulah semu Nandukaké pratingkah kang sinamon ing pasemon praèn
Ujaring wong pepasaran Kabar kang ora genah asal usulé karo parané
Ula marani gebug Nemaha marang kacilakan
Ulangan cumbon
Ulat madhep ati arép
Ula-ula dawa
Undhaking pawarta sudaning kiriman
Undhaking pawarta sudaning titipan
Undha usuk
Ungak-ungak pager arang Ngisin-ngisinaké pokal gawéné
Unjal angempan
Upaya prabéda
Upaya saksi
Urik klelet candhu tiké
Urun rembug
Urun wudhu
Usung-usung lumbung
Utangé nurut wulu Wong kang utangé akèh banget
Utang lara nyaur lara utang pati nyaur pati Wong kang arep mbales sakemengé
Utang nyaur nyilih ambalèkaké Wong iku kudu netepi kawajibané
Uwot gedebog Wong kang ngundani kasaguhané awaké dhéwé
Uyah kacemplung sagara Mènèhi wong kang wis sugih
Paribasa Teges
Wastra bedhah kayu pokah Wong nandhang tatu, babak kulité, putung balungé (wong ketula-tula uripé)
Watra lungsèt ing sampiran Wong pintèr ora diguroni, wong liya kang ala dipanuti nganti tuwa
Wedi rai wani silit Waniné mung saka mburi, wedi yèn adhep-adhepan
Wedhus diumbar ing pakacangan Wong mlarat dipércaya njaga barang pakarèmané
Welas tanpa alis Arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilainé
Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug Mèlu-mèlu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepaké
Wis kebak sundukané Wong kang akèh banget kaluputané
Witing tresna jalaran saka kulina Bisa dadi tresna amarga kulina
Wiwit kuncung nganti gelung Wiwit cilik nganti gedhé
Wong mati ninggal jeneng
Wong wadon cowèk gopèl Drajating wong wadon kang ora pangaji
Paribasa Teges
Yitna yuwana léna kena Wong kang ngati-ati bakal nemu slamet, kang sembrana bakal nemoni cilaka
Yiyidan mungging rampadan Biyèné wong durjana saiki dadi wong kang alim
Yoga anyangga yogi Murid nirokaké piwulangé guru
Yuyu rumpung mbarong rongé Omahé magrong nanging sajatiné mlarat



A B C D E F G H I J K L M N O P Q R S T U V W X Y Z


Uga delengen

[besut | besut sumber]