Ketindhihan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
The Nightmare, déning Henry Fuseli (1781) minangka salah sawijining gambaran klasik sing ana sesambungané karo kapercayan babagan lumpuh turu amarga "ditindhes" déning dhemit .

Sleep paralysis utawa lumpuh turu utawa ketindhihan yaiku kahanan kang nyebabaké awak ora bisa obah nalika turu utawa tangi turu. Nalika kena lumpuh turu biasané ora bisa ngobahaké awak, ora bisa ngetokaké swara, lansapanunggalané. Lumpuh turu biasané uga dibarengi karo ngimpi kang ala.

Lumpuh turu bisa kedadéyan nalika setengah turu, turu angler, uga bisa nalika durung turu utawa isih sadhar. Kahanan iki umume dumadi nalika turu mathang-mathang, tandhané angèl ambegan, dhadha sesek, awak ora bisa obah, lan angèl ngetokaké swara .

Kedadéyan iki diprecaya sebabé amarga kagangguné fasé turu REM (Rapid Eye Movement sleep) , nyebabaké atonia otot lengkap kang nyegah tindakaning badan ing sajabané ngimpi. Lumpuh turu digayutaké karo gangguan liyané kaya ta narkolepsi, migrain, kelainan kecemasan, lan apnea turu obstruktif . [1] [2]

Jinis[besut | besut sumber]

Kalumpuhan turu bisa dipérang dadi loro, yaiku lumpuh turu terisolasi (ISP) lan lumpuh turu terisolasi berulang (RISP) . Saka rong jinis kasebut, ISP luwih umum yen dibandhingaké karo RISP. [2] ISP dumadi kanthi wektu sedhéla, udakara samenit. Lumpuh turu ISP kedadeyan paling ora sepisan saumur urip. Déné RISP bisa dilebokaké golongan kronis. Manungsa bisa ngalami lumpuh turu bola-bali. Bédané antara ISP lan RISP yaiku dawané wektu nalika ngalami lumpuh turu; RISP bisa nganti 1 jam utawa luwih, lan awak ngalami kedadéyan kang luwih sengsara, dene ISP dumadi kanthi wektu sing sedhela (biasane ora luwih saka samenit) lan kedadéyane mung sawates ngimpi ala utawa hallucinations incubus . Saliyane kuwi, ing kahanan RISP, ing sawengi panandhang bisa ngalami lumpuh turu bola-bali, dene ing ISP ora.

Rada angèl mbédakaké antarané katapleksi kang disebabaké déning narkolepsi karo amarga lumpuh turu. [2] Cara paling apik kanggo mbedakaké yaiku nyathet wektu kedadéyan serangan kasebut. Narkolepsi umumé dumadi nalika panandhang durung turu, déné ISP lan RISP umumé kedadéyan nalika panandhang kasebut turu. [3]

Kahanan Umum[besut | besut sumber]

Kalumpuhan turu terisolasi umumé dialami para pasien kang didiagnosis lelara narkolepsi. Udakara 30-50% wong sing didiagnosis narkolepsi ngalami lumpuh turu minangka pratandha tambahan. [1] [4] Prevalensi lumpuh turu ing masarakat udakara 6,2%. Umumé wong kang ngalami lumpuh turu iku sawulan pisan utawa sataun pisan. Déné ana 3% wong kang ngalami lumpuh turu ing saben wenginé; kaya sing wis kasebut sadurungé, wong-wong iki didiagnosis RISP. Kalumpuhan turu bisa kedadéyan marang sapa waé, wong lanang utawa wong wadon. Nanging, klompok umur tartamtu bisa luwih gampang kena lumpuh turu. Udakara 36% individu kang ngalami lumpuh turu saka klompok umur 25-44 taun, lan umur rata-rata wong sepisanan ngalami gangguan turu yaiku 14-17 taun.

Tandha lan gejala[besut | besut sumber]

Patofisiologi lumpuh turu durung bisa dimangertèni kanthi nyata, nanging ana sawetara teori babagan apa sing nyebabaké wong ngalami lumpuh turu. Sing kapisan yaiku saka pangertèn yèn lumpuh turu iku parasomnia kang disebabaké déning fasé REM kang ora laras karo tangi turu, kanthi tembung liya, utek isih turu, nanging awak péngin tangi, saéngga awak ora bisa obah. [5] Panalitèn polisomografik ngandhakaké manawa wong sing ngalami lumpuh turu kuwi duwèni wektu turu REM kang luwih sethithik tinimbang padatané. [6] Panaliten iki uga ngandharaké pola turu sing ora ajeg bisa nyebabaké lumpuh turu, amarga malafungsi turu REM biasané dumadi nalika pola turu kaganggu.

Saliyané kuwi, panalitèn uga mbuktèkaké yèn kurang turu uga bisa nyebabaké lumpuh turu. Adhedhasar gelombang utek, turu kapérang dadi 4 tataran. Tataran kasebut yaiku tatar turu sing paling ènthèng (isih sadhar), tatar turu sing luwih jero, turu sing paling jero lan tatar REM. Ngimpi bisa kedadéyan ing tahap REM. Menawa awak lagi kesel utawa kurang turu, gelombang utek ora kaya padatané; saka tataran sadhar nganti tataran turu kang paling ènthèng, banjur mlumpat menyang tataran REM. Dadi, nalika utek ujug-ujug tangi saka tataran REM nanging awak durung, bisa kedadéyan lumpuh turu. Wong kang ngalami bisa ngrasakaké nanging ora bisa obah. Katambahan anané halusinasi metuné wujud liya kang sanyatané karakteristik saka ngimpi.[7]

Kalumpuhan turu asring diiringi halusinasi kang medèni ( hypnopompics utawa hypnagogics ) lan rasa wedi sing nemen. [8] Kawedènan panandhang iki amarga cethane halusinasi kang dialami. Halusinasi kang dialami panandhang umumé ditegesi yèn kuwi wujud saka ngimpi, amarga obyek sing ora nyata bisa katon ing kamar kanthi pandeleng kasar. [9]

Ana angen-angen yèn lumpuh turu iku sipatè genetik. [10] Panalitèn marang sapasang bocah kembar mbuktikaké menawa salah sijining bocah kuwi mau ngalami lumpuh turu, bocah sing liya uga bisa kena.

Sawetara faktor wis dianggep minangka prekara sing nyebabaké lumpuh turu. Faktor-faktor kasebut ing antawisipun insomnia lan kurang turu, jadwal turu sing ora teratur, turu kanthi cara mathang-mahang, strès, kakèhan nggunakaké stimulan, kesel, lan nggunakaké obat-obatan tartamtu kanggo nambani ADHD. [2] Turu kanthi cara mathang-mathang diarani dadi panyebab utama lumpuh turu. [11] Kalumpuhan turu uga bisa dadi pratandha narkolepsi (serangan turu kang ujug-ujug tanpa ana tandha-tandha ngantuk), apnea turu (ngorok), kuwatir, utawa depresi .

Ing budaya[besut | besut sumber]

Nalika ngalami lumpuh turu, panandhang asring ngalami halusinasi, kaya lagi ndelok wujud utawa ayang-ayang ireng ing sapinggiré ambèn. Mula, kedadéyan iki asring digayutaké karo barang-barang mistis.

  • Ing Finland lan Swedia, lumpuh turu diprecaya disebabaké déning mare, makhluk gaib sing ana gandhèngané karo incubi lan succubi. Miturut kaprecayan masarakat, mare yaiku wanita sing dikutuk lan awaké digawa lunga nalika dhèwèké turu. Dhèwèké banjur nekani para warga nalika dalu lan nglungguhi balung iga kang nyebabaké ngimpi ala. [12]
  • Ing folklor Newfoundland, South Carolina lan Georgia, diceritakaké yèn lumpuh turu panyebabé roh ala, Hag, sing ninggalaké awaké ing wayah wengi, lan lungguh ing dhadhané kurban. Kurban biasane tangi kanthi rasa wedi, lan kangèlan ambegan amarga dhadhané ditindhihi déning Hag.
  • Ing Fiji, fénoména iki diarani kana tevoro, yaiku "dipangan" déning Iblis. Sétan iki diprecaya minangka sadulur saka wong kang lagi waé séda lan duwèni jejibahan kanggo ngrampungaké urusan wong kang séda sing durung rampung.
  • Ing Turki, lumpuh turu diarani karabasan, versi liyané saka kunjungan setan nalika turu.
  • Ing Thailand, diprecaya lumpuh turu disebabaké déning para sétan saka carita rakyat Thailand sing dikenal kanthi jeneng Phi Am ( Thai: ผีอำ ). [13]
  • Ing Indonesia lan Malaysia, lumpuh turu luwih dikenal kanthi jeneng ketindhihan.
  • Ing budaya Meksiko, diarani se me subio el muerto lan diprecaya anané arwah wong kang wis séda nèmplèk ana badané salah sawijining uwong.
  • Ing budaya Jepang, diarani kanashibari, sing sejatiné tegesé nalèni saéngga ditegesi dadi ditalèni déning sétan.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Ohayon, M.; Zulley, J.; Guilleminault, C.; Smirne, S. (1999). "Prevalence and pathologic associations of sleep paralysis in the general population". Neurology 52: 1194–2000. 
  2. a b c d Terrillon, J.; Marques-Bonham, S. (2001). "Does Recurrent Isolated Sleep Paralysis Involve More Than Cognitive Neurosciences?". Journal of Scientific Exploration 15: 97–123. 
  3. Sharpless, B.; McCarthy, K.; Chambless, D.; Milrod, B.; Khalsa, S.; Barber, J. (2010). "Isolated sleep paralysis and fearful isolated sleep paralysis in outpatients with panic attacks". Journal Of Clinical Psychology 66: 1292–1306. 
  4. Dauvilliers, Y.; Billiard, M.; Montplaisir, J. (2003). "Clinical aspects and pathophysiology of narcolepsy". Clinical Neurophysiology 114: 2000–2017. 
  5. Goldstein, K. (2011). "Parasomnias". Dis Mon 57: 364–88. 
  6. Walther, B.; Schulz, H. (2004). "Recurrent isolated sleep paralysis: Polysomnographic and clinical findings". Somnologie - Schlafforschung und Schlafmedizin 8: 53–60. 
  7. Cheyne, J.; Rueffer, S.; Newby-Clark, I. (1999). "Hypnagogic and Hypnopompic Hallucinations during Sleep Paralysis: Neurological and Cultural Construction of the Night-Mare". Consciousness and Cognition 8: 319–337. 
  8. Hersen, Turner & Beidel. (2007) Adult Psychopathology and Diagnosis. p. 380
  9. Hersen Turner & Beidel. (2007) Adult Psychopathology and Diagnosis
  10. Sehgal, A.; Mignot, E. (2011). "Genetics of Sleep and Sleep Disorders". Cell 146: 194–207. 
  11. Cheyne, J. (2002). "Situational factors affecting sleep paralysis and associated hallucinations: position and timing effects". Journal Of Sleep Research 11: 169–177. 
  12. Bjursell, Aurore (13 December 2010). "Interview with director Filip Tegstedt, about Marianne". Dijupuk 13 May 2011. 
  13. ผีอำ

Pranala njaba[besut | besut sumber]