Jamur kuping abang
| Jamur kuping abrit | |
|---|---|
Status konsèrvasi: Aman | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Fungi |
| Dhivisi: | Basidiomycota |
| Klas: | Homobasidiomycetes |
| Ordho: | Auriculariales |
| Famili: | Auricularaceae |
| Génus: | Auricularia |
| Spésies: | A. auricula-judae |
| Jeneng binomial | |
| Auricularia auricula-judae (Fr.) J.Schröt. | |
Jamur kuping abrit utawi mawi basa Jawi ngoko jamur kuping abang (Auricularia auricula-judae, sinonim Auricularia auricula, Hirneola auricula-judae) punika salah setunggaling spésies saking kelas Heterobasidiomycetes (jelly fungi).[1] Jamur kuping abrit punika gadhah warni coklat tuwa radi abrit.[1] Jamur kuping abrit punika gadhah wangun ingkang mèmper kados talinganipun manungsa.[1] Jamur kuping abrit gadhah tekstur ingkang kenyal.[1] Habitat jamur kuping abrit punika wonten alam bébas mliginipun tuwuh wonten ing wit-witan ingkang sampun pejah ingkang teles saha lembab.[1]
Jamur kuping abrit limrahipun dipunsadé kanthi wangun ingkang sampun garing.[1] Manawi badhé dipunmasak jamur kuping abrit ingkang garing punika kedah dipunkum rumiyin wonten ing toya.[1] Jamur kuping abrit punika limrahipun dipun-ginakaken kanggé masakan-masakan Asia.[1]
Nalika jaman rumiyin, jamur kuping abrit gesang ing papan saenggèn-enggèn, nanging sapunika, jamur kuping abrit sampun kathah ingkang dipunbudidayakaken.[2] Jamur kuping abrit punika dipunbudidayakaken wonten ing griya kanthi suhu kirang langkung 24-36 drajat Celsius.[2] Jamur kuping abrit kalebet taneman ingkang aleman saha sènsitif.[2] Manawi suhunipun langkung panas utawi langkung asrep, jamur kuping abrit punika boten saged tuwuh kanthi sampurna, malah-malah saged pejah.[2] Boten sembarang tiyang saged manèn jamur kuping abrit, kedahipun tiyang ingkang sampun trampil.[2]
Miturut èlmu pangobatan tradhisional Cina, jamur kuping abrit gadhah kaginan kanggé jampi lelara.[2]
Galeri
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |