Wora-wari gantung
| Worawari gantung | |
|---|---|
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Plantae |
| Dhivisi: | Magnoliophyta |
| Klas: | Magnoliopsida |
| Ordho: | Malvales |
| Famili: | Malvaceae |
| Génus: | Hibiscus |
| Spésies: | H. schizopetalus |
| Jeneng binomial | |
| Hibiscus schizopetalus (Mast.) Hook.f. | |
Wora-wari gantung (Hibiscus schizopetalus)[1] ya iku spésiès wora-wari kang asalé saka laladan tropis Afrika wétan, mligi ing Kenya, Tanzania lan Mozambik.
Wedharan
[besut | besut sumber]Wit wora-wari gantung rupa grumbul kang dhuwuré bisa nganti 3 metres (9.8 ft).
Kembangé werna abang utawa jambon kanthi kelopak kang kayadéné disuwir-suwir[2][3] lan katon tansah nggantung amarga gagangé kang dawa lan cilik. Kayadéné racaké tuwuhan wora-wari, kembang wora-wari gantung uga ora bisa ngasilaké woh. Déné tumangkaré bisa nganggo cara stèk lan cangkok. Godhongé mèh padha karo godhong wora-wari (H. rosa-sinensis) nanging luwih cilik lan luwih arang.
Manfangat
[besut | besut sumber]Wora-wari gantung ditandur kanggo tuwuhan ornamental, ing taman lan kebon ing laladan tropis lan subtropis. Ing padésan ing Jawa, tuwuhan wora-wari gantung dugunakaké kanggo pager sapinggiré lurung lan kikis pomahan.
Bahan kimia kang kakandhut ing kembang wora-wari gantung durung akèh dimangertèni. Efèk farmakologis saka tuwuhan iki antarané antiradang (anti-inflamasi), ngilangi abuh, ngetokaké nanah lan ngrangsang thukulé sèl anyar. Godhongé kena kanggo tamba absès, wudun (furunculus), abuh, radhang ginjel (nephritis), gudhig nanahen (poiderma), radang sendi lan rématik arthritis.[4][5]
Galeri
[besut | besut sumber]- Wit wora-wari gantung
- Gambar rinci saka pucuk kembang
- Kembang wora-wari gantung ing Trivandrum, Kerala, India.
- Kembang wora-wari gantung ing Iguazu Falls, Argentina.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Klasifikasi Wora-wari Gantung". www.plantamor.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-02-20.[pranala mati permanèn]
- ↑ Cithakan:GRIN
- ↑ Huèley, A., ed. (1992). New RHS Dictionary of Gardening. Macmillan ISBN 0-333-47494-5.
- ↑ 1945-, Hariana, Arief,. 262 tumbuhan obat dan khasiatnya (édhisi ka-Edisi revisi). Jakarta. ISBN 9790026137. OCLC 890803627.
{{cite book}}: CS1 maint: extra punctuation (link) CS1 maint: numeric names: authors list (link) - ↑ Arienf., Hariana, H. (2008). Tumbuhan Obat dan Khasiatnya. 2. Vol. 2 (édhisi ka-4. cet). Jarkata: Penebar Swadaya. ISBN 9794899577. OCLC 915195963.