H. Mutahar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
H.
Mutahar
Duta Besar ing Vatikan
Linggih
1969–1973
PrésidhènSoeharto
Sekretaris Jenderal Departemen Luar Negeri
Linggih
1974–1974
Pendiri Paskibraka
Linggih
1946–1973
PrésidhènSoekarno
Rerincèn dhiri
Lair(1916-08-05)5 Agustus 1916
Semarang, Jawa Tengah, Hindia Nèderlan
PatiJuni 6, 2004(2004-06-06) (umur 87)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
BangsaIndonésia
AgamaIslam

M. Husein Mutahar (lair ing Semarang, Jawa Tengah , 5 Agustus 1916 – pati ing Jakarta , 9 Juni 2004 ing umur 87 taun), kang luwih kondhang kanthi jeneng H. Mutahar, ya iku komponis musik Indonésia, mligi kanggo kategori lagu kebangsaan lan bocah-bocah.

Lagu ciptaane kang kondhang ya iku hymne Syukur (dikenalake Januari 1945) lan mars Hari Merdeka (1946).[1] Karya pungkasané, Dirgahayu Indonésiaku , dadi lagu resmi tanggap warsa kaping 50 Kemerdekaan Indonésia.[1] Lagu bocah-bocah ing antarané: "Gembira", "Tepuk Tangan Silang-silang", "Mari Tepuk", "Slamatlah", "Jangan Putus Asa", "Saat Berpisah", lan "Hymne Pramuka".[2]

Karier[besut | besut sumber]

Dhèwèké kuliyah ing Fakultas Hukum Universitas Gadjah Mada kalamangsa 1946-1947,[3] setelah tamat dari MULO B (1934) dan AMS A-I (1938).[3] Ing taun 1945, Mutahar nyambut gawé minangka Sekretaris Panglima Angkatan Laut RI ing Jogjakarta, candhaké dadi punggawa tinggi Sekretariat Nagara ing Jogjakarta (1947).[3] Candhake dhèwèké éntuk kalungguhan-kalungguhan kang mlumpat-mlumpat antardepartemen. Pucuk karire mbok manawa minangka Duta Besar RI ing Tahta Suci (Vatikan) (1969-1973).[3] Dhèwèké ngwasani nem basa kanthi aktif. Jabatan pungkasané minangka Penjabat Sekretaris Jenderal Departemen Luar Negeri (1974).[3]

Kepanduan[besut | besut sumber]

Mutahar aktif ing kagiyatan kepanduan. Dhèwèké minangka salah sawijiné tokoh baku Pandu Rakyat Indonésia,[2] obahan kepanduan independen kanthi haluan nasionalis. Dhèwèké uga kaloka anti-kuminis. Nalika kabèh obahan kepanduan dilebur dadi Gerakan Pramuka, Mutahar uga dadi tokoh ing jerone. Jenenge uga gegayutan sajeroning madegake lan bina Pasukan Pengibar Bendera Pusaka (Paskibraka), tim kanthi anggota pelajar saka manéka penjuru Indonésia kang duwé tugas ngiberake Bendera Pusaka ing upacara pengetan Hari Kemerdekaan RI.

Paskibraka[besut | besut sumber]

Artikel utama: Paskibraka

Minangka salah sawijiné ajudan Présidhèn, Mutahar diwènèhi tugas nyusun upacara pengibaran bendera nalika Republik Indonesia ngrayakake dina tanggap warsa sepisanan kamardikan, 17 Agustus 1946.[4] Miturut pemikirane, pangibaran gendéra prayogane katindakake para mudha kang makili laladan-laladan Indonésia. Dhèwèké banjur milih para mudha cacah nem kang ndomisili ing Yogyakarta (lanang 3 lan wadon 2) minangka wakil laladane.[4]

Taun 1967, minangka direktur jenderal urusan nom-noman lan Pramuka, Departemen Wiyata dan Kebudayaan, Mutahar dijaluk Présidhèn Soeharto kanggo nyusun tata cara pengibaran Bendera Pusaka.[4] Tata cara pengibaran Bendera Pusaka disusun kanggo dikibarake déning sawijining wadyabala kang kapérang dadi telung golongan. Golongan 17 minangka pangiring utawa pemandu; golongan 8 minangka golongan inti panggawa gendéra; golongan 45 minangka pengawal. Pembagian dadi telung golongan mau minangka simbul saking tanggal Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia.[4]

Kulawarga[besut | besut sumber]

H. Mutahar ora krama, nanging duwé 8 anak semang (6 lanang lan 2 wadon). Separone minangka ”se­rahan” saka ibune —kang randha— utawa bapaké —sadurungé tilar donya. Déné bapak/ibu kang rila menehake anaké diakoni minangka anaké dhéwé. Kabèh anaké wis omah-omah lan duwé 15 putu (7 lanang lan 8 wadon).

Tilar donya[besut | besut sumber]

Mutahar tilar donya ing Jakarta nalika umuré meh 88 taun, 9 Juni 2004 awit lara tuwa. Sasuwene uripé, dhèwèké ora tau nikah. Mayite dimakamake ing Pemakaman Jeruk Purut, Jakarta Selatan.[1]

Papan Anggegana[besut | besut sumber]

Saikine jenenge diabadhikake Pelabuhan M. H. Mutahar, Cilamaya, Karawang lan ing Muhammad Husein Mutahar Cilamaya,Karawang. lan ana ing sawijining patung H. Mutahar ing cedhaké Pelabuhan Muhammad Husein Mutahar, Cilamaya, Karawang

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c "H Mutahar Telah Pergi". Kompas. 2004-06-10. Diarsip saka sing asli ing 2007-09-29. Dibukak ing 2012-08-17.
  2. a b "H. Mutahar - Potret Seorang Musikus Ulung". Purna Paskibraka Indonésia. 2009-02-08. Diarsip saka sing asli ing 2012-12-18. Dibukak ing 2012-08-17.
  3. a b c d e Ismail, Gunawan (2007). Kumpulan Lagu Nasional: Persembahan untuk Indonésiaku. Niaga Swadaya. kc. 173. ISBN 9791133719, 9789791133715. {{cite book}}: |access-date= requires |url= (pitulung); Check |isbn= value: invalid character (pitulung)
  4. a b c d Pamuji, Kukuh (2010). "4". Komunikasi dan Edukasi di Museum Pura Kepresidenan Jakarta (PDF) (Magister). kc. 114.

Pranala njaba[besut | besut sumber]


Cithakan:Pramuka-stub