Brek
Brek | |
---|---|
Brek, Systomus rubripinnis. | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Actinopterygii |
Ordho: | Cypriniformes |
Famili: | Cyprinidae |
Génus: | Systomus |
Spésies: | S. rubripinnis |
Jeneng binomial | |
Systomus rubripinnis (Valenciennes, 1842)[1] | |
Sinonim | |
|
Brek atau mata merah (Systomus rubripinnis) inggih punika satunggaling jinis iwak toya tawar anggota suku Cyprinidae. Ulam punika nyebar kanthi wiyar wonten ing Indocina lan Kepuloan Sunda [3]. Nama sanèsipun kanggé ulam punika ing antawisipun maroca, marococa, wadonon (Betawi); brek, pekiseh, lunjar, wader (Jawa); lan sisik milik, ampa (Sunda)[4]. Ing Tasikmalaya, ulam punika ugi kawéntar kanthi sebutan beureum panon. Wonten ing Basa Inggris ulam brek punika kawéntar kanthi nama Javaen Barb. Ing tlatah Banyumas lan tlatah Purbalingga ulam punika dipunwastani ulam brek. Ulam punika dèrèng kawéntar sanget amargi dèrèng dipunbudidaya [5].
Morfologi
[besut | besut sumber]Ulam ingkang gadhah ukuran awak sedengan kanthi dawa total dumgugi 250 mm. Gurat sisih kirang langkung 31-34 buah. 5-5½ sisik ing antawisipun sirip dorsal kaliyan gurat sisih. Batang buntut dipunubengi déning 16 sisik. Eri-eri ingkang atos pungkasan wonten ing sirip dorsal kanthi gerigi alus 30. Sirip buntut kanthi pinggir nginggil lan ngandhap gadhah warna ireng, bintik ireng ugi wonten ing buntut. Ulam brek ingkang enèm wonten larikan bintik ireng ing sedawaning larikan sisikipun [3].
Kebiasaan
[besut | besut sumber]Ulam brek punika ulam ingkang kalebet jinis karnivora ingkang mangsanipun gegremet, bekicot, lan sanèsipun [6]. Kanthi alami, ulam brek punika saged kapanggih wonten ing lèpèn, waduk, lan tlaga, nanging wonten ugi ing kolam-kolam. Kajawi dipun-konsumsi ulam brek punika ugi dipunmanfaataken dados ulam hias lan dados sadéan.
Sebarau utawi hampal (Hampala macrolepidota) gadhah pola warni ingkang sami kaliyan ulam brek. Nanging sebarau gadhah awak ingkang langkung dawa, moncong ingkang langkung lancip, sisik-sisik punika langkung ageng, sarta wonten belang ireng ing sisih wetengipun déné manawi ulam brek wonten belang irengipun ing buntut.
Ulam brek punika kathah dipunsade wonten ing tlatah Purbalingga lan tlatah Banyumas. Kangge nuruti panyuwunan pasar sapunika ulam brek dipuncekel langsung saking habitat aslinipun saéngga dipunkhawatiraken kadadosan over eksploitasi. Amargi wonten indikasi bilih ukuran ulam brek ingkang dipuncekel sansaya sakedhik lan sansaya alit populasinipun. Ulam punika dèrèng memasarakat amargi dèrèng dipundamel budidayanipun [5].
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Austria: Puntius orphoides (Valenciennes, 1842)
- ↑ Austria. 1842. Histoire Naturelle des Poissons, to. XVI: 193. Paris :Chez F. G. Levrault.
- ↑ a b Kottelat, M., A.J. Whitten, S.N. Kartikasari, S. Wirjoatmodjo. 1993. Ikan Air Tawar Indonesia Pérangan Barat dan Sulawesi. Periplus Edition (HK) Ltd. dan Proyek EMDI KMNKLH Jakarta. hal 59.
- ↑ Weber, M. and L.F. de Beaufort. 1916. The Fishes of The Indo-Australian Archipelago III:194-195. E.J. Brill. Leiden.
- ↑ a b [1][pranala mati permanèn], (id) Ikan brek (dipun-akses tanggal 11 Januari 2013).
- ↑ Umar, C., S. Makmur, & DWH. Tjahjo. 2007. Kebiasaan makan beberapa jinis ikan dan relung ekologi di Danau Sentani, Papua[pranala mati permanèn]. Torani 17 (2): 93-99, Juni 2007