Menyang kontèn

Beksan Bambangan Cakil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bambangan Cakil

Beksan Bambangan Cakil ya iku jogèd klasik ing Jawa mligi ing Jawa Tengah.[1] Sakbeneré jogèd iki kajupuk saka salah sawijining adegan ing pakeliran wayang ya iku adegan Perang Kembang.[1] Jogèd iki nyritakaké perang antarané kang becik klawan kang ala, ing kéné digambaraké antarané Ksatriya klawan Buta Cakil.[1] Ksatriya iku minangka tokoh kang apik kang sipaté lemah lembut, Buta Cakil nggambaraké tokoh kang kasar.[1] Ing pakeliran wayang Kulit, adegan perang kembang iki racaké metu ana ing tengah-tengah utawa ing wayah Pathet Sanga.[1] Amarga ing pathet sanga para miyarsa racaké wis wiwit bosen karo adegan-adegan caturan, mula Dhalang tanggap banjur ngisi adegan perang kembang iki.[1] Perang antarané Ksatriya (Bambangan) klawan Cakil iki pancèn atraktif, ing kono uga bisa dadi papan pambiji kanggo dhalang ing bab njogètké wayang.[1]

Makna Falsafi

[besut | besut sumber]

Makna kang ana ing sajeroning perang kembang antarané Ksatriya kang sipaté tenang (alus) klawan buta kang kasar utawa ''dinamis''.[1] Ing kéné dak jabaraké miturut Budaya Jawa ing jaman biyèn bab kang kasar utawa dinamis iku mesthi bakal sirna klawan bab kang tenang utawa alus.[1]

Ksatriya ing pakeliran jawa wis mesthi dianggep tokoh kang apik, seneng mbéla ing bebener, seneng paring pitulung marang liyan, lan liya-liyané.[2] Ing Budaya Jawa, pangkat ksatriya iku ora amarga keturunan.[2] Contoné ing carita wayang Mahabarata, ing kono Kurawa ora bisa karan ksatriya sanajan Kurawa iku duwèni leluhur kang padha karo Pandhawa ya iku para Raja, Brahmana, lan Déwa.[2]

Tokoh Bambangan

[besut | besut sumber]

Tokoh Bambangan iku ora nunjuk salah sawijining tokoh tertamtu kaya ta Bambang Irawan, Bambang Priyambada, Bambang Wijanarka, Bambang Wisanggeni, Bambang Swatama, Bambang Senggotho, lan liya-liyané.[2] Ing pakeliran Wayang Kulit lan Wayang wong tokoh bambangan racaké luruh artiné rainé nunduk (ora ndengak) prawakan cilik (mbambang).[2] Bambangan iku minangka simbolisasi saka tokoh ksatria kang pasuryané gantheng kang sarwa alus ing sabarang solahé, kaya ta: solah bawa, wicara, pocapan, lan budi pekertiné.[2]

Tokoh-tokoh ksatriya kang kagolong bambangan ya iku antarané:

  1. Sumantri,
  2. Rama,
  3. Laksmana,
  4. Palasara,
  5. Pandu,
  6. Arjuna,
  7. Abimanyu,
  8. Irawan, lan
  9. Priyambada.[2]

Tokoh-tokoh wayang gagah kaya déné:

  1. Gandamana,
  2. Salya,
  3. Bima,
  4. Gathutkaca,
  5. Antareja,
  6. Kakrasana,

iku ora bisa karan bambangan, sanajan kagolong ksatriya.[2]

Gandhèng cènèngé karo perang kembang utawa Bambangan-Cakil, tokoh-tokoh gantheng kang prawakan cilik lan rainé ndengak (tradisi wayang nyebutké "longok" utawa "lanyapan") ora bisa karan bambangan kaya ta:

  1. Karna,
  2. Nangkula,
  3. Sadewa,
  4. Truthajumena,
  5. Narasoma,
  6. Narayana,
  7. Wisanggeni, lan
  8. Samba.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i Murtiyoso, 2009, Perang Kembang dan Bambangan-Cakil "Tontonan Bermakna Ganda", ISI Press, Surakarta
  2. a b c d e f g h i Murtiyoso, 2004, Pertumbuhan dan Perkembangan Seni Pertunjukan Wayang, ISI Press, Surakarta

Pranala njaba

[besut | besut sumber]