Basa Turki Khorasan
Khorasani Turkic | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Iran | |
Wilayah | Khorasan | |
Gunggung panutur | 1 yuta | |
Rumpun basa | ||
| ||
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | –
| |
ISO 639-3 | kmz
| |
|
Turki Khorasan (Basa Turki Khorasan: Xorasan Türkçesi IPA [xorɑsɑn tyrktʃesi] Pèrsi: Zabān Torkī Xorāsānī زبان ترکی خراسانی) iku salah sawijiné basa-basa Turki utawa bahasa Oghuz. Basa iki dipituturake ing Provinsi Khorasan Lor lan Provinsi Razavi Khorasan ing nagara Iran. Saliyané basa dhéwé, panyatur basa Turki Khorasani meh kabèh uga bisa Persia.[1]
Tlatah Panyebaran
[besut | besut sumber]Basa Turki Khorasan dipituturake ing provinsi Khorasan Lor Iran, cedhak kutha Bojnord, lan Razavi Khorasan, cedhak Sabzevar, Quchan. Dhialek Oghuz sing dipituturake ing Uzbekistan kulon kadangkala diarani dhialek Turki Khorasan.
Dhialek
[besut | besut sumber]Turki Khorasan duwé dhialek-dhialek ya iku: dhialek Lor, Kidul lan Kulon. Dhialek lor dipituturake ing Khorasan Lor cedhak kutha Quchan; dhialek Kidul ing Soltanabad cedhak Sabzevar; lan dhialek kulon saindenging kutha Bojnord.
Peprincen lan basa-basa sedhuluran
[besut | besut sumber]Basa Turki Khorasan kalebu kelompok Oghuz basa-basa Turki, sing uga sak grup karo Turki, Azerbaijani, Gagauz, Turki Gagauz Balkan, Turkmen, lan Salar, saliyané dhialek Oghuz ing Uzbekistan. Basa Turki Khorasan paling cedhak karo Uzbek Oghuz lan Turkmen kajaba cedhak karo dhialek-dhialek Azeri ing Iran.[butuh klarifikasi]
Basa Turki Khorasan iki diprincakake dadi dhialek sing bedha déning Javad Heyat ing buku judhulé Tarikh-e zabān o lahcayā-ye Türki (History of the Turkic).[2]
Miturut para ahli basa, basa iki dianggep antaraning Azerbaijani lan Turkmen, nanging ora dadi péranganing dhialek basa-basa iku.[3]
Konsonan
[besut | besut sumber]Konsonan bibir | Konsonan gusi | Konsonan langit-langit | Konsonan langit-langit mburi | Konsonan uvular | Konsonan celah swara | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Plosif | p | b | t | d | k | ɡ | q | |||||
Konsonan Afrikat | t͡ʃ | d͡ʒ | ||||||||||
Konsonan Frikatif | f | v | s | z | ʃ | ɮ | x | ɣ | h | |||
Anuswara | m | n | ɲ | ŋ | ||||||||
Konsonan sentuhan | r | |||||||||||
Konsonan sisihan | l | |||||||||||
Konsonan aproksiman | j |
Swara
[besut | besut sumber]Swara ngarep | Swara mburi | |||
---|---|---|---|---|
Swara bundher | Bundher | Ora Bundher | Bundher | |
Swara sempit | i | y | ɯ | u |
Swara tengah | e | ø | o | |
Swara buka | æ | ɑ | ɒ |
Swara buka mburi ngiringi /u/ utawa /i/ ing tembung muxabbat tresna [muxɒbbɑt] lan insan human [insɒn] nanging uga ing tembung yoldaşlık friendship [joldɑʃlɯk]. Sawetara tembung mbunderake swara /ɑ/ ngiring /o/ kanggo swara dawa. Ora kabèh panyatur ngucapake kaya ngono, amarga plural ora duwé swara bundher. Persia ora duwé swara kaya ning basa Turki.
Morfologi
[besut | besut sumber]Tembung Aran
[besut | besut sumber]Penjamakan
[besut | besut sumber]Penjamakan ing tembung aran ditengeri karo panambang -lAr, sing duwé rong wujud ya iku -lar lan -lær, didheleng saka cundhuk swara. Swara /ɑ/ jamak ora krungu bundher ing swara /u/ utawa /i/.
Kasus
[besut | besut sumber]Tembung Aran ing basa Turki Khorasan duwé akhiran sing ngalih miturut cundhuk swara lan ngiringi swara utawa konsonan:
Case | After Vowels | After Consonants |
---|---|---|
Kasus Nominatif | No Ending | |
Kasus Genitif | niŋ/nin | iŋ/in |
Kasus Datif | ya/yæ | a/æ |
Kasus Akusatif | ni/nɯ | i/ɯ |
Kasus Lokatif | da/dæ | |
Kasus Ablatif | dan/dæn | |
Kasus Instrumental | nan/næn |
Tembung Darwya
[besut | besut sumber]Tembung darwya ditengeri karo rimbagan ing tembung aran darwya (possessed noun).
Tunggal | Jamak | |
---|---|---|
Utama Purusa | (I)m | (I)mIz |
Dwi Purusa | (I)ŋ | (I)ŋIz |
Pratama Purusa | (s)I | lArI |
Sesulih
[besut | besut sumber]Basa Turki Khorasan duwé enem Sesulih. Kadangkala sesulih iki duwé akhiran kasus sing béda saka Tembung Aran reguler.
Tunggal | Jamak | |
---|---|---|
Utama Purusa | mæn | bɯz |
Dwi Purusa | sæn | siz |
Pratama Purusa | o | olar |
Tembung Kriya
[besut | besut sumber]Tembung kriya dikurangi amarga ukara kala, aspek, sambawa, aran lan cacah. Wujud tembung kriya infinitif diiringi karo rimbagan -max.
Tuladha
[besut | besut sumber]- Excerpt from Tulu (1989) p. 90
Alih Basa | IPA | Ing Aksara Latin |
---|---|---|
Thus, there was a padishah named Ziyad. | ɑl ɣəssa bir ziyæːd pæːdiʃæːhiː bæːɾɨdɨ | Al ğässa bir ziüäd pädişähi bärıdı. |
Almighty God had given him no son. | xodɒːʷændi æːlæm ona hit͡ʃ ɔɣul ataː elæmɑmiʃdi | Xodavändi äläm ona hiç oğul ata elämamişdi. |
There he spoke to his vizier: "O Vizier, I have no son. What shall I do about it?" | bæːdæn vaziːɾæ dədi, ej vaziːɾ, mændæ ki ɔɣul joxdɨ, mæn næ t͡ʃaːɾæ eylem | Bädän vazirä dädi: "Ey vazir, mändä ki oğul yoxdı. Män nä çarä eylem?" |
The vizier said: "Ruler of the whole world, what will you do with this possession?" | vaziːɾ dədi, pɒːdiʃaː-i ɢɨblæ-ji ɒːlæm, sæn bu mɒːlɨ-æmwɒːlɨ næjlijæsæn | Vazir dädi: "Padişai qıbläyi aläm, sän bu malıämvalı näyliyäsän?" |
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Ethnologue report for Khorasani Turkic Archived 2012-05-17 at the Wayback Machine."
- ↑ [1] Horasan Türkçesi ne İlgili Folklor Çalışmaları
- ↑ "Sultan Tulu, "Horasan Türkçesi ile İlgili Folklor Çalışmaları", Atatürk Üniversitesi Türkiyat Araştırmaları Enstitüsü Dergisi, Sayı 1, 1994, s. 48-51". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-16. Dibukak ing 2017-09-11.
Tulu, Sultan (1989). Chorasantürkische Materialien aus Kalāt bei Esfarāyen. Berlin: Klaus Schwarz Verlag. ISBN 3-922968-88-0.
Doerfer, Gerhard; Hesche, Wolfram (1993). Chorasantürkisch: Wörterlisten, Kurzgrammatiken, Indices. Wiesbaden: Harrassowitz. ISBN 3-447-03320-7.