Basa Èslan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Basa Èslan
íslenska
Pangucapan ['i:s(t)lɛnska]
Asal Èslan
Panyatur asli
330.000 (2013)[1]
Indo-Éropah
Rupa purwa
Latin (Alfabèt Èslan)
Braille Èslan
Status resmi
Basa resmi ing
 Èslan
Diatur déning Badan Árni Magnússon tumrap Kajian Èslan minangka panaséhat
Kodhe basa
ISO 639-1 is
ISO 639-2 ice (B)
isl (T)
ISO 639-3 isl
Glottolog icel1247[2]
Linguasphere 52-AAA-aa
Idioma islandés.PNG
Jagat panyatur basa Èslan:      laladan basa Èslan minangka basa mayoritas      laladan basa Èslan minangka basa minoritas tur wigati
Artikel iki ngandhut simbul-simbul fonètis IPA. Tanpa sengkuyungan tèhnis sing trep, panjenengan namung bakal weruh simbul pitakon, kothak, utawa liyané, nanging dudu karakter Unicode.

Basa Èslan(Ngenani wuni iki íslenska ) iku basa Jermanik Lor lan basa ing nagara Èslan. Basa iki kalebu kulawarga basa Indo-Éropah ing cawang Jermanik Lor utawa Nordhik sajeroning kulawarga basa Jermanik. Duk nguni, basa iki dadi basa Indo-Éropah paling kulon sadurungé ana kolonisasi Amérika. Basa Èslan, Faru, Noren, lan Nurwègen Kulon nunggal kulawarga basa Nordhik Kulon; dalah basa Dhénemarken, Nurwègen Wétan, lan Swédhen nunggal kulawarga basa Nordhik Wétan. Basa Nurwègen Anyar Bokmål kaprabawani rong golongan iku, kang nuli njalari kulawarga basa Nordhik kapérang dadi golongan basa Skandhinavia dharatan lan golongan basa Nordhik Kapuloan (kalebu basa Èslan).

Pérangan gedhé basa-basa Éropah Kulon wis akèh sudané ing tataran inflèksi, mligi babagan dhéklinasi tembung aran. Nanging sawaliké, basa Èslan isih memetri paramasastra sintètik patang kasus kang mandi, nanging adoh luwih konservatif lan sintètik tinimbang, basa Jerman. Awit basa Èslan ana ing kulawarga Jermanik, kang sakabèhé wis suda ing babagan sistem kasus Indo-Éropah, ala duluné yèn nyandhingaké paramasastra Èslan karo tunggal-tunggalé saka kulawarga basa Baltik lan Slavik kang luwih konservatif sajeroning kulawarga basa Indo-Éropah, isih memetri kasus nganti cacah enem utawa punjul. Basa Èslan kaciri saka warna-warna dhéklinasi nirajeg. Basa Èslan uga ngemu akèh conto kasus mèncèng tanpa tembung pangatur, kaya déné basa Latin. Contoné, akèh saka pirang-pirang kasus ablatif Latin kang sapasang karo kasus datif Èslan. Konservatisme basa Èslan lan isomorfisme dhengketé karo basa Norse Kuna (kang diistilahaké basa Èslan Kuna déning para linguis) ateges wong Èslan saiki isih gampang maca Eddas, saga, lan karya sastra Norse Kuna liyané kang dianggit nalika abad ping sepuluh tekan telulas.

Mayoritas panyatur basa Èslan, watara wong 320.000, urip ing nagara Èslan. Punjul wong 8.000 panyatur basa Èslan manggon ing Dhénemarken,[3] kang udakara 3.000 ing antarané mono minangka siswa utawa mahasiswa.[4] Basa iki uga dicaturaké déning udakara wong 5.000 ing Amérika Sarékat[5] lan punjul wong 1.400 ing Kanadha.[6] Cacah jiwa panyatur basa Èslan gedhé dhéwé kang urip ing jaban rangkah Èslan ya iku ana ing Manitoba, mligi Gimli (Gimli iku tembung Norse Kuna ateges 'swarga').

Masiya 97% cacah jiwané ngakoni yèn basa Èslan minangka basa ibuné,[7] basa iki mendha panganggoné ing sawenèh bebrayan ing jaban rangkah, mligi ing Kanadha. Panyatur basa Èslan sajabaning nagara Èslan katon gedhé angka èmigrasiné ing samubarang kajaba ing Gimli, kang wis didunungi kawit 1880-an tekan sapréné.

Badan Árni Magnússon tumrap Kajian Èslan minangka sasana kanggo ngupakara babon-babon Èslan tengahan lan nyinaoni basa lan sastrané. Paheman Basa Èslan, kang dumadi wakil-wakil universitèt, seniwan, jurnalis, guru, lan Kamantrian Budaya, Kawruh, lan Wiyata, wènèh wewenang ngenani naya basa. Kawit 1995, saben 16 Novèmber, tanggal lairé pujangga abad ping 19 Jónas Hallgrímsson iku dibiwada minangka Dina Basa Èslan.[7][8]

Sajarah[besut | besut sumber]

A page from the Landnámabók

Tulisan abasa Èslan paling lawas kang kasil kaupakara ditulis watara taun 1100 AD. Akèh-akèhé tulisan iku dhedhasar kidung lan kukum kang adaté diuri-uri kanthi lésan. Tulisan kang paling kaloka, kang ditulis ing laladan Èslan kawit abad ping 12, ya iku saga-saga Èslan. Tulisan-tulisan iku nglimputi karya-karya sujarah lan kidung Édda.

Basa kang dianggo ing saga iku basa Èslan Kuna, minangka dhialèk kulonan saka basa Norse Kuna. Nalika Èslan kabawah papréntahan Dhénemarken saka taun 1380 tekan 1918, basa Èslan sithik owahé lan panggah dadi basa padinan wargané. Sanajan isih luwih arkais tinimbang basa Jermanik liyané, owahing basa Èslan kaciri ing cara pangucap saka abad ping 12 tekan ping 16, mligi ing babagan wuni swara (mirunggan á, æ, au, lan y/ý).

Alfabèt Èslan modhèren tumuwuh saka bebaku kang dipikukuh nalika abad ping 19, mligi déning linguis Dhénemarken Rasmus Rask. Bebaku iku banget dhedhasar ortografi ing wiwitan abad ping 12 kang kapacak ing babon nyalawadi aran Paramasastra Wiwitan anggitané wong anonim, kang nuli dijuluki Juru Paramasastra Wiwitan. Bebaku kang disusun Rasmus Rask mono gawéan ulang saka paramasastra kuna ika dikanthèni sawenèh owahan saperlu minangkani samaya Jermanik kang ana, kaya ta panganggoné k kang èksklusif timbangané c. Manéka fitur arkais, kaya déné huruf ð, durung dianggo nganti tumekané abad-abad kèri iki. Bebaku Rask mono ndhasari owahan gedhé ing praktèké. Owahan kang tembé dumadi nalika abad ping 20 contoné panganggoné é lowung je lan pambusaké z saka alfabèt Èslan ing 1973.[9]

Sajabané panambahing kosa anyar, basa Èslan tulis ora akèh owahé kawit abad ping 11, ya iku nalika tulisan-tulisan wiwitan ginurit ing vèlum.[10] Panyatur ing wektu iki bisa mangertèni saga lan Édda asli kang tinulis watara wolung atus taun kapungkur. Saga-saga iku racaké diwaca mawa éjaan anyar lan cathetan sikil nanging saliyané iku wutuh (saèmper pamacaning Shakespeare sarana basa Inggris anyar). Akèh wong Èslan ora patia kangèlan saperlu mangertèni babon-babon asli iku.

Status ukum lan pangaku[besut | besut sumber]

Miturut undhang-undhang (61/2011) kang disahaké parlemèn nalika 2011, basa Èslan iku "basa resmi ing Èslan".[11]

Èslan iku anggota Paheman Nordhik, minangka forum tembayatan antara nagara-nagara Nordhik. Paheman iku mung nganggo basa Dhénemarken, Nurwègen, lan Swédhen minangka basa karya (masiya Paheman iku mbabar materi ing basa Èslan).[12] Lumantar Samaya Basa Nordhik, kawit taun 1987 warga Èslan duwé hak saperlu nganggo basa Èslan nalika sesambungan karo bebadan resmi ing nagara-nagara Nordhik liya, tanpa kena béya alih basa utawa pertalan. Samaya iki nyakup kanggo urusan griya sakit, sasana pakaryan, kantor pulisi lan kasantosan sosial.[13][14] Nanging, paugeran iki ora tumama amarga basa Èslan ora cukup dingertèni wong akèh lan akèh wong Èslan dhéwé, kang ora lanyah ing basa-basa Skandhinavia liya, cukup ngerti basa Inggris nedya sesambungan karo bebadan sarana basa iku (masiya ana bukti yèn kabisan basa Inggris umum wong Èslan iku rada diluwih-luwihaké).[15] Ing kahanan mangkono, wong Èslan milih nganggo basa Inggris. Nagara-nagara Nordhik ngandhemi nedya nyadhiya ladi ing manéka basa marang kabèh warga saben nagarané, nanging iki ora ateges kabèh hak basa diwènèhaké, kajaba prakara pidana lan pangadilan.[16][17]

Pratélan tetembungan[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ 97% cacah jiwa 325.000 + 15.000 panyatur basa Èslan asli sajabaning Èslan
  2. ^ Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Icelandic". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  3. ^ Statbank Danish statistics
  4. ^ Official Iceland website
  5. ^ "MLA Language Map Data Center: Icelandic". Modern Language Association. n.d. Dijupuk 2010-04-17.  Based on 2000 US census data.
  6. ^ Canadian census 2011
  7. ^ a b "Icelandic: At Once Ancient And Modern" (PDF). Icelandic Ministry of Education, Science and Culture. 2001. Dijupuk 2007-04-27. 
  8. ^ "Menntamálaráðuneyti". Dijupuk 2007-04-27. 
  9. ^ "Auglýsing um afnám Z". Brunnur.stjr.is. 2000-04-03. Dijupuk 2010-06-17. 
  10. ^ Sanders, Ruth (2010). German: Biography of a Language. Oxford University Press. k. 209. Overall, written Icelandic has changed little since the eleventh century Icelandic sagas, or historical epics; only the addition of significant numbers of vocabulary items in modhèren times makes it likely that a saga author would have difficulty understanding the news in today's [Icelandic newspapers]. 
  11. ^ "Act [No 61/2011] on the status of the Icelandic language and Icelandic sign language" (PDF). Ministry of Education, Science and Culture. k. 1. Dijupuk 15 November 2013. Artikel 1; Basa nasional – basa resmi; Basa Èslan iku basa nasional wong Èslan lan basa resmi ing Èslan. 
  12. ^ "Norden". Dijupuk 2007-04-27. 
  13. ^ "Nordic Language Convention". Diarsip saka sing asli ing 2007-06-29. Dijupuk 2007-04-27. 
  14. ^ "Nordic Language Convention". Dijupuk 2007-04-27. 
  15. ^ Robert Berman. "The English Cognitive Academic Language Proficiency of Icelandic students, and how to improve it". English is often described as being almost a “second language” in Iceland, as opposed to a “foreign language” like German or Chinese. Certainly in terms of Icelandic students’ Basic Interpersonal Communication Skills (BICS), English does indeed seem to be a second language. However, in terms of many Icelandic students’ Cognitive Academic Language Proficiency (CALP)—the language skills required for success in school—evidence will be presented suggesting that there may be a large number of students who have substantial trouble utilizing these skills. 
  16. ^ Language Convention not working properly, Nordic news, March 3, 2007. Retrieved on April 25, 2007.
  17. ^ Helge Niska, "Community interpreting in Sweden: A short presentation", International Federation of Translators, 2004. Retrieved on April 25, 2007.