Ortografi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kanggo aksara Jawa, wacaa ꦎꦂꦠꦺꦴꦒꦿꦥ꦳ꦶ
Gedhong Dewan Bahasa dan Pustaka, minangka bebadan sing ngatur ortografi basa Melayu kanggo ing Malaysia.
Pitembungan "aksara Cina" ditulis sarana aksara Cina padatan (ireng) lan aksara Cina prasaja (abang). Aksara Cina kaloka kanthi ortografi logografis.

Ortografi iku sakumpulan pasarujukan ngenani cara nulisaké sawijining basa. Rembug ing ortografi nglimputi éjaan (spelling), hifenasi, kapitalisasi, pamisahing tembung (word break), aksèntuasi, lan tandha waca (punctuation). Ortografi mono séjé paramasastra (grammar), sing ngrembug bab susunaning basa dudu bab tata tulisé.

Akèh-akèhé, basa-basa wigati ing jaman modhèren iki kena ditulis. Basa-basa mangkéné ortografiné sing pokok wis maju. Ortografiné wiyahé dikembangaké adhedhasar dhialèk baku sing ana ing basa, nanging kurang minangkani warna-warna dhialèk sing urip ana ing basa caturan (spoken language). Kala-kala ana variasi ing sajeroning ortografi sawijining basa. Contoné ing ortografi basa Inggris, ana éjaan Amérika saha Britis. Ing sawenèh basa, ortografi diatur déning bebadan kaya déné akadhemi basa. Ananging, uga ana basa-basa, kaya ta basa Inggris, sing ora duwé otoritas mangkono éngga ortografiné tumuwuh dhéwé.

Ortografi mono dudu tipografi, ya iku kawruh sing ngrembug paugeraning tata huruf (typesetting).

Étimologi lan werdi[besut | besut sumber]

Tembung ortografi ing basa Jawa dijupuk saka basa Inggris orthography. Tembung orthography kapisan kacathet ing abad ping 15 sing asalé saka tembung Prancis orthographie, kawuri manèh saka tembung Latin orthographia, sing tumurun saka tembung Yunani ὀρθός orthós, "bener", lan γράφειν gráphein, "nulis".[1]

Ortografi mono racaké ngrembug prakara éjaan lan mliginé ngrembug gegayutaning fonem karo grafem ing sawijining basa.[2][3] Prakara liyané sing dirembug ya iku hifenasi, kapitalisasi, pamisahing tembung, aksèntuasi, lan tandha waca.[4] Mula, ortografi medhar lan nemtokaké (1) simbul-simbul apa waé sing kena dianggo tumraping sawijining basa sarta (2) paugeran anggoné ngecakaké simbul-simbul mau.

Pérangan gedhé basa alami (natural languages) ngrembaka saka basa lésan (oral language). Aksara (writing system) banjur diripta utawa diréka minangka sarana kanggo nglambangaké basa caturan. Aturan ngecakaké iku banjur kerep ingaran mbakokaké sawijining basa, sing banjur ndadèkaké ortografi digawé saya mapan lan adaté banjur ingaran sing "bener". Ing babagan linguistik, istilah ortografi asring kanggo ngarani sawijining cara nulisaké sawijining basa, tanpa ananing panemu ngenani bener lan salah, linandhesan pawadan ngèlmiah yèn pambakuning sawijining basa dumadi saka spèktrum (manéka warna) pasarujukan sing padha kuwaté.

Tembung ortografi asliné ngemu surasa dhikotomi bener lan salah. Panganggoné tembung mau kerep mung mligi kanggo ngarani caraning nulisaké sawijing basa sing baku utawa bener sing prèskriptif. Ngejabakaké surasa iku, ana cara pangeleng etic lan emic: etic iku cara pandeleng kalawan dhèskriptif sing nganggep sawernaning cara panulis sing satemené dienggo padha wigatiné (ora ngabotaké bener lan salah), déné emic iku cara pandeleng sing ngabotaké marang panemuné sing nganggo aksara ngenani endi tatanan sing bener.

Ékan lan notasi[besut | besut sumber]

Ékan (unit) ing ortografi, kaya déné huruf ing alfabèt, ingaran grafem. Iki minangka abstraksi, sing duwé analogi marang fonem ing basa caturan; manéka warna rupa fisik saka simbul tulis bisa kanggo makili grafem sing padha yèn prabédan ing antarané manéka warna rupa fisik iku ora wigati mungguhing babagan werdi. Contoné, huruf "b" sing rupané warna-warna dianggep mung makili grafem siji ing ortografi basa Inggris.

Grafem kala-kala didèkèk ing antarané kurung lingir (angle bracket), kaya ta ing ⟨b⟩ utawa ⟨back⟩. Cara iki kanggo mbédakaké grafem saka transkripsi fonèmis, sing didèkèk ing antarané garis miring (/b/, /bæk/), lan transkripsi fonètis, sing didèkèk ing antarané kurung siku ([b], [bæk]).

Jinis[besut | besut sumber]

Ana sawenèh jinis ortografi miturut aksara sing dianggo. Jinis ortografi iki gumantung jinis ékan sing dilambangaké ing saben simbul. Jinis-jinis sing palin lumrah ya iku (1) logografis (simbul sing nglambangaké tembung utawa morfem), (2) silabis (simbol sing nglambangaké wanda), lan (3) alfabètis (simbol sing nglambangaké fonem). Akèh aksara uga nyamboraké sipat-sipating pirang-pirang jinis ortografi dadi siji.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ orthography, Online Etymology Dictionary
  2. ^ Seidenberg, Mark S. 1992. "Beyond Orthographic Depth in Reading: Equitable Division of Labor." In: Ram Frost & Leonard Katz (eds.). Orthography, Phonology, Morphology, and Meaning, pp. 85–118. Amsterdam: Elsevier, p. 93.
  3. ^ Donohue, Mark. 2007. "Lexicography for Your Friends." In Terry Crowley, Jeff Siegel, & Diana Eades (eds.). Language Description, History and Development: Linguistic Indulgence in Memory of Terry Crowley. pp. 395–406. Amsterdam: Benjamins, p. 396.
  4. ^ Coulmas, Florian. 1996. The Blackwell Encyclopedia of Writing Systems. Oxford: Blackwell, p. 379.