Banjaran
Banjaran jare penelitiané K.Heyne ning buku Tumbuhan Berguna Indonesia I-IV (Badan Penelitian dan pengembangan Kehutanan Departemen Kehutanaan, 1987), banjaran yaniku suket. Ing Jawa ana loro jenis suket sing pada diarani banjaran, yaiku suket banjaran (Calamagrostis australis) sering uga diarani pari utawa suket kroncong. Suket kien keetung suket tetaunan, Duwuré sekitar 15-80 cm. Wit pangé lurus, tapi pugas wité ngelalar ning lemah biasané nyerupai gerombolan dewek ning selipan suket ruwed ning gunung. bengen suket iki akehe cukul ning sedawané wilayah Gunung Pangrango sampe pegunungan Ijèn ning keduwuran 1.500-3.000 mdpl.
Sedangkan sing diarani suket banjaran (Festuca nubigena), ana uga golongan sing ngarani kembalan alas, raman taji, lan tukatrama. Golongané kuat pisan duwuré antara
50 - 75 cm. Tandurané akèh ning pegunungan Tawa Tengah lan jawa timur ning keduwuran 2.500-3.000 mdpl, biasané ana ning wit-wit tan cemara ning jaman bengen akèh digunakaken kanggo panganan satokewan, khususé wedhus (Mahesa).[1]
Aran- arane désa
[besut | besut sumber]Desa-desa ning Jawa Wétan utawa Jawa Tengah utawa Daerah Istimewa Yogyakarta sing gunakaken aran banjaran yaiku :
- Désa Banjaran, Kecamatan Driyorejo, Kabupatèn Gresik
- Désa Banjaran, Kecamatan Kediri, Kabupatèn Kediri
- Désa Banjaran, Kecamatan Taman, Kabupatèn Pemalang
- Désa Banjaran, Kecamatan Bangsri, Kabupatèn Jepara
- Désa Banjaran, Kecamatan Bojongsari, Kabupatèn Purbalingga
- Désa Banjaran, Kecamatan Salem, Kabupatèn Brebes
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Santosa, Iman Budhi. Suta naya dhadhap waru : manusia Jawa dan tumbuhan. Yogyakarta. ISBN 9786026250421. OCLC 1040082743.