Ahmad bin Hanbal

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ahmad bin Hanbal

Ahmad bin Hanbal kang duwé jeneng dawa Ahmad bin Muhammad bin Hanbal Adz-Dzuhli Asy-Syaibani Al-Marwazi Al-Baghdadi ya iku sawjining ulama lan Imam ahlussunnah. Kabèh uripé kanggo ngèlmu lan amal, dhèwèké wong kang ngadegaké sunnah lan ngadohi bid’ah.[1]

Dhèwèké lair taun 164 H utawa 778 M ing Baghdad, Irak.[2]

Nasab[besut | besut sumber]

Bapake sawijining komandan wadyabala ing Khurasan ing sangisore kendali Dinasti Abbasiyah. Simbahe manten Gubernur Sarkhas ing jaman Dinasti Bani Umayyah, lan ing jaman Dinasti Abbasiyah dadi da'i kang kritis.[3] Ibuke jenenge ya iku Shafiyyah binti Maimunah.[4]

Nasabe saka Adnan, salah sawijining moyang bangsa Arab kang turunan wong-wong Quraisy. Sanajan lair ing Baghdad, Irak, wong tuwané saka Marw, sawijining tlatah ing Khurasan. Banjur pindhah menyang Baghdad nalika ibune ngandhut Ahmad bin Hanbal. Bapake sedo nalika Muhammad bin Hanbal umur 3 taun. Sakawit iku, dhewke digedhèkaké déning ibune.[2]

Nalika Ahmad bin Hanbal lair, khalifah Abbasiyah kang mrentah ya iku khalifah Harun Ar-Rasyid.[2]

Kulawarga[besut | besut sumber]

Dhèwèké nikah umur 40 taun karo wong Arab lan duwé anak lanang jenenge Shalih. Sawisé garwane sedo, dhèwèké nikah manèh lan nduwé anak jenenge Abdullah.[2]

Kahanan Fisik[besut | besut sumber]

Muhammad bin 'Abbas An-Nahwi naté carita, aku naté weruh Imam Ahmad bin Hambal, awakaupane gagah, ing jenggote isih ana kang ireng. Dhèwèké seeng nganggo almbi kang kandel, warna putih, sorban lan kain.[3] Sing liyané ngendika, "warna kulite coklat (sawo mateng)"[3]

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Ilmu kang kapisanan disinaoni ya iku Al Qur'an lan bisa apal ing umur 15 taun, dhèwèké uga pinter maca nulis lan kawentar kanthi wong kang paling éndah tulisané.[3] Kanggo kang kapisanan Ahmad bin Hanbal krungu babagan ngèlmu talaqqi ing majelis Abu Yusuf, muride saka Abu Hanifah. Banjur pindhah marang majelis-majelis tahdits. Nalika iku ing kekuasaan khilafah Abbasiyah akèh majelis-majelis tahdits, kaya ing Kufah, Basrah, laladan-laladan ing Yaman, Mesir, laladan-laladan ing Khurasan kaya ing Marw, lan uga ing Baghdad. Wong-wong kang nyinaoni hadits saka majelis-majelis iki kawentar kanth jeneng ahlul hadits utawa muhadditsun.[2]

Rihlah Ahmad bin Hanbal[besut | besut sumber]

Prosès pindhahe Ahmad bin Hanbal saka majelis ra’yu menyang majelis tahdits nalika dhèwèké umur 15 taun. Majelis tahdits kang kaping kapisanan ditekani ya iku majelis Husyaim bin Basyir Al-Washiti. Guru hadits pertamane ya iku sawijining muhaddits kang kawentar kang uga gurune saka Malik bin Anas lan Asy-Syafi’i.[2]

Saka Kufah, Ahmad bin Hanbal najur nerusaké rihlahang negri-negri Islam lan natngokake hadist saka Abdullah bin Mubarak, Abu Mu’awiyah Muhammad bin Khazim, Sufyan bin Sa’id Ats-Tsauri, Sufyan bin ‘Uyainah, Mu’tamir bin Sulaiman, Abu Bakar bin ‘Iyasy, ‘Abidah bin Humaid Al-Hadzdza’, Muhammad bin Ja’far Ghundar, Ismail bin ‘Ulayyah, Hafsh bin Ghiyats, Waki’ bin Jarrah, Abdurrahman bin Mahdi,Muhammad bin Basysyar Bundar, Abdurrazzaq bin Hammam, lan Muhammad bin Idris Asy-Syafi’i—imam mazhab Syafi’i.[2]

Nalika rihlah, Ahmad bin Hanbal naté munggah kaji ping 5, ping 3 kanthi mlaku, lang ping 2 nganggo kendaraan.[2]

Karya Ahmad bin Hanbal[besut | besut sumber]

Al-’Ilal wa Ma’rifah ar-Rijal Al-Musnad.[2]

Guru-gurune[besut | besut sumber]

Ing kutha Baghdad, dhèwèké ngangsu kawruh marang ulama-ulama kaya:

  1. Al-Imam Abu Yusuf, murid seniore Al-Imam Abu Hanifah.
  2. Al-Imam Husyaim bin Abi Basyir
  3. ‘Umair bin Abdillah bin Khalid
  4. Abdurrahman bin Mahdi
  5. Abu Bakr bin ‘Ayyasy.[5]

Al-Imam Adz Dzahabi jronng kitab As-Siyar, nyebutake jumlah guru-gurune Al-Imam Ahmad kang diriwayatke sajeroning Musnad punjul 280.[5]

Murid[besut | besut sumber]

  1. Muhammad bin Yahya Adz-Dzuhli
  2. Al-Imam Al-Bukhari
  3. Al-Imam Muslim
  4. Abu Dawud
  5. An-Nasa'i
  6. At-Tirmidzi
  7. Ibnu Majah
  8. Abu Zur’ah
  9. Abu Hatim Ar-Razi
  10. Abu Qilabah
  11. Baqi bin Makhlad
  12. Ali bin Al-Madini
  13. Abu Bakr Al-Atsram
  14. Shalih Lan Abdullah (putrane), lan liya-liyané.[5]

Pujian saka Ulama[besut | besut sumber]

  • Abu Ja'far ngendika, "Ahmad bin Hambal wong kang isnan, mulya lan apik pergaulan lan adabe, akèh mikir, ora ana kang diomongake kejaba mudzakarah hadits lan nyebut wong-wong shalih kanthi kurmat lan tenang. Manawa ketemu karo wong, dhèwèké bakal seneng lan ngadepake raine. Dhèwèké andhap asor marang gru-gurune lan ngormati banget.[3]
  • Imam Asy-Syafi'i ngendika, "Ahmad bin Hambal imam sajeroning 8 perkara, Imam sajeroning hadits, Imam sajeroning Fiqih, Imam sajeroning basa, Imam sajeroning Al Qur'an, Imam sajeroning kefaqiran, imam sajeroning kezuhudan, Imam sajeroning wara' lan Imam sajeroning Sunnah".[6]
  • Ibrahim Al Harbi nendika, "Aku weruh Abu Abdillah Ahmad bin Hambal kaya ta Allah nggabungke ngèlmu wong kanggo dhèwèké."[3]

Wafat[besut | besut sumber]

Dhèwèké sedo dina Jumat, tanggal 12 Rabiul Awwal 241H amarga lara suwéné 9 dina.[4]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Ahmad Bin Hanbal (diaksés tanggal 30 September 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i Ahmad Bin Hanbal (diaksés tanggal 30 September 2011)
  3. ^ a b c d e f [1] Ahmad Bin Hanbal (diaksés tanggal 30 September 2011)
  4. ^ a b Ahmad Bin Hanbal (diaksés tanggal 30 September 2011)
  5. ^ a b c [2] Ahmad Bin Hanbal (diaksés tanggal 30 September 2011)
  6. ^ [3] Ahmad Bin Hanbal (diaksés tanggal 30 September 2011)