Menyang kontèn

Abdurrahman bin Mahdi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Abdurrahman bin Mahdi inggih punika setunggaling tiyang ulami ahli hadits ingkang wedal ing warsa 135 hijriah. Abdurrahman bin mahdi nggadhahi nami jangkep Abdurrahman bin Mahdi bin Hassan Al-Anbari Al Lu'lui Al Hafizh Al kabir Imamul Ilmi Asy-Syahir. Tiyang-tiyang paling caketipun langkung remen memanggilipun kaliyan Abu Sa'id. Abdurrahman bin Mahdi wafat ing yuswo 63 warsa ing warsa 198 hijriah. [1]

Guru lan Murid

[besut | besut sumber]

Abdurrahman bin Mahdi gesang lebet lingkungan keilmuan ingkang kenthel wiwit piyambakipun alit . Piyambakipun berguru dhateng sacacah ulami ageng lan terkenal ing masa puniku antawis sanes kalih Aiman bin Nabil, Muawiyah bin Sholeh, Syu'bah, Abu Khaldah, lan Sufyan Ats-Tsauri. Piyambakipun nyinaoni kathah cabang elmi agami Islam. Ananging cabang elmi agami ingkang paling piyambakipun kuwaosi inggih punika elmi hadits, mila piyambakipun kathah dipundadosaken rujukan lebeting panganggenan hadits dening para ulami ing wekdalipun. Malah Al Gawariri muji apalan hadis saking Abdurrahman bin Mahdi kaliyan sanjang menawi piyambakipun didiktekan kalih ewu hadits dening Abdurrahman bin Mahdi kalih apalan. [2]

Kejawi nggadhahi guru para ulami, Abdurrahman bin Mahdi nggadhahi kathah murid ingkang dados ulami, antawis sanes Ishaq bin Rahawaih, Ali bin Al-Madini, Abdullah bin Al Mubarok lan Ahmad bin Hanbal. Ahmad bin Hanbal piyambak inggih punika salah setunggal ulami sekawan mazhab ingkang kathah dianut ing donya ingkang dipuntepang kaliyan mazhab sunni hanbali. ulami terkenal Imam Syafi'i ingkang inggih punika salah setunggal ulami sekawan mazhab sanesipun (mazhab syafi'i) malah nyukani bebingah karya monumentalipun Ar-Risalah dhateng Abdurrahman bin Mahdi.[3]

Ukanten Hikmah ingkang Terkenal

[besut | besut sumber]

Abdurrahman bin Mahdi nggadhahi ukanten hikmah ingkang terkenal inggih punika "Ngertia! salah setunggaling tiyang mboten angsal dados imam ngantos piyambakipun sumerep pinten-pinten bab salajeng puniki, inggih punika punapa ingkang patut lan mboten patut kangge piyambakipun, mboten ngangge sedaya bab kangge berhujjah (debat), lan sumerep batas-batase elmi ".[1]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b Abduh, Bilif (2023). Enskiklopedia Tokoh Islam Dunia. Yogyakarta: Checklist. kc. 19–21. ISBN 978-602-5479-65-6.
  2. "Abdurrahman bin Mahdi". Tribunnewswiki.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-12-31.
  3. Esa Prasastia Amnesti, Muhammad (2022). "Metode Tafsir Imam Al -Syafi'i dalam Kitab Ar-Risalah". Madania. 12 (2620–8210): 16–27.