Agus Noor

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Agus Noor.

Agus Noor (lair ing Tegal, Jawa Tengah, 26 Juni 1968; umur 55 taun) inggih punika salah satunggalipun sastrawan saking Indonesia. Awit taksih nèm, Agus Noor sampun ngraketi jagat kasusastran kanthi nganggit pakaryan awujud geguritan, carita cekak, lakon sandiwara, lan prosa. Piyambakipun didhapuk nganggit naskah kanggé acara Republik Sentilan Sentilun ingkang digiyaraken déning Metro TV, dijupuk saking naskah monolog anggitanipun piyambak, Matinya Sang Kritikus, ingkang sadèrèngipun diparagakaken ing sapérang kutha déning Butet Kartaredjasa.[1][2]

Latar wingking[besut | besut sumber]

Agus Noor lair ing Kacamatan Margasari, Kabupatèn Tegal, Jawa Tengah, tanggal 26 Juni 1968. Piyambakipun nglampahi pawiyatan wonten ing Jurusan Teater, Institut Seni Indonesia (ISI), Yogakarta. Éwadéné saking latar pawiyatan teater, piyambakipun ugi nyerat pakaryan sastra awujud carita cekak, prosa, lan naskah drama panggung gagrag parodi ingkang kadhang kala ngandhut kritik dhumateng panguwaos. Monolog Matinya Toekang Kritik punika salah satungalipun karya ingkang ngguyoni kaanan Indonesia. Naskah punika lajeng dipunboyong minangka program Republik Sentilan Sentilun ingkang kasiaraken déning Metro TV.[3]

Pakaryan[besut | besut sumber]

Sesarengan kaliyan Ayu Utami, piyambakipun nyerat lakon sandiwara Sidang Susila kanggé nyuwantenaken kritik dhumateng Rancangan Undang Undang Anti-Pornografi. Kajawi nganggit gancaran, Agus Noor ugi nyerat carita cekak. Pakaryanipun sampun dipacak ing sawenèh buku antawisipun Antologi Ambang (1992), Pagelaran (1993), Lukisan Matahari (1994). Éwadéné carita cekak anggitanipun ingkang sampun karoncé wonten buku antologi bebarengan inggih punika Lampor (Cerpen Pilihan Kompas, 1994), Jalan Asmaradana (Cerpen Pilihan Kompas, 2005), Kitab Cerpen Horison Sastra Indonesia (Majalah Horison dan The Ford Foundation, 2002), lan Dari Pemburu ke Tapuetik (Majelis Sastra Asia Tenggara dan Pusat Bahasa, 2005).[4]

Buku-buku kempalan carita cekak anggitanipun inggih punika Memorabilia (Yayasan untuk Indonesia, 1999), Bapak Présidhèn yang Terhormat (Pustaka Pelajar, 2000), Selingkuh Itu Indah (Galang Press, 2001), Rendezvous: Kisah Cinta yang Tak Setia (Galang Press, 2004), Potongan Cerita di Kartu Pos (Penerbit Buku Kompas, 2006), Sebungkus Nasi dari Tuhan, Sepasang Mata Penari Telanjang, Matinya Toekang Kritik (Lamalera, 2006), Sepotong Bibir Paling Indah di Dunia (Bentang, 2010), Cerita Buat Para Kekasih (Gramedia Pustaka Utama, 2015). Carita cekak anggitanipun naté dipunlebetaken déning Korie Layun Rampan wonten ing buku Sastrawan Angkatan 2000. Buku énggal anggitanipun inggih punika Cerpen-carkak Terbaik Indonesia ingkang ngandut pambabaran carita cekak saking Idrus dumugi Seno Gumira Ajidarma.[5]

Bebungah[besut | besut sumber]

Taun 1991, Agus pikantuk bebungah minangka kampiun satunggal panyeratan carita cekak ing Pekan Seni Mahasiswa Nasional (Peksiminas). Taun 1992, piyambakipun nampi bebungah minangka Panganggit Carita Cekak Paling Saé wonten Festival Kesenian Yogyakarta (FKY) IV. Anugerah Cerpen Indonesia ingkang dipunwontenaken déning Dewan Kesenian Jakarta ugi dipunparingaken dhumateng Agus, awit saking tiga carita cekak anggitanipun, Kulawarga Bahagia, Dzikir Sebutir Peluru, lan Tak Ada Mawar di Jalan Raya (1999). Taun 1999-2000 piyambakipun pikantuk bebungah Pakaryan Paling Saé saking kalawarta sastra Horison. Uga, Mantri Kabudayan lan Pariwisata maringi bebungah Anugerah Seni taun 2006, awis tasking carita cekak anggitanipun, Piknik.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Website resmi Metro TV, dijupuk 27 Fèbruari 2015
  2. Tempo: Agus Noor dan Para Selingkuhannya, dijupuk 1 Mèi 2017
  3. Taman Ismail Marzuki Archived 2015-02-27 at the Wayback Machine., dijupuk 27 Fèbruari 2015
  4. Literary Biennale Salihara Archived 2015-02-27 at the Wayback Machine., dijupuk 27 Fèbruari 2015
  5. Hot Detik: AN rombak dua naskah penulis senior teater Gandrik, dijupuk 27 Fèbruari 2015