Microsoft Windows
Tampilan Layar Windows 7 Ultimate |
|
| Situs wèb: | www.microsoft.com/windows |
| Parusahan/ developer: |
Microsoft Corporation |
| Kulawarga OS: | MS-DOS/9x-based, Windows CE, Windows NT |
| Modhèl sumber: | Sumber katutup / Shared source |
| Vèrsi stabil pungkasan: | {{{latest_release_version}}} / 22-10-2009 |
| License: | MS-EULA |
Microsoft Windows utawa luwih dikenal kanthi sebutan Windows iku kulawarga sistem operasi. sing dikembangaké déning Microsoft, migunakaké antarmuka panganggo grafis.
Sistem operasi Windows wis tuwuh wiwit saka MS-DOS, sawijining sistem operasi sing mawa basis modus tèks lan command-line. Windows vèrsi pisanan, Windows Graphic Environment 1.0 sepisanan dikenalaké ing tanggal 10 November 1983, ananging nenbé metu ing pasar sasi November taun 1985, kanggo ngebaki kabutuhan komputer kanthi tampilan mawa gambar. Windows 1.0 minangka perangkat alus 16-bit tambahan (dudu minangka sistem operasi) sing lumaku ing MS-DOS (lan sawetara varian saka MS-DOS), saéngga ora bakal bisa mlaku tanpa anané sistem operasi DOS. Vèrsi 2.x, vèrsi 3.x uga padha. Sawetara vèrsi pungkasan saka Windows (diwiwiti saka vèrsi 4.0 lan Windows NT 3.1) minangka sistem operasi manhdiri sing ora gumantung manèh marang sistem operasi MS-DOS. Microsoft Windows banjur bisa ngembang lan bisa nguasani panggunaan sistem operasi nganti ngancik 90%.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Vèrsi-vèrsi Windows
[sunting] Wis dirilis
- 16-bit, lumaku ing MS-DOS
- Hibrida (16-bit/32-bit), lumaku tanpa MS-DOS (senadyan ora sapepaké)
- 1995 24 Agustus - Windows 95 (Vèrsi: 4.00.950)
- 1998 25 Juni - Windows 98 (Vèrsi: 4.1.1998)
- 1999 5 Mei - Windows 98 Second Edition (Vèrsi: 4.1.2222)
- 2000 19 Juni - Windows Millennium Edition (Me) (Vèrsi: 4.9.3000)
- Berbasis kernel Windows NT
- 1993 Agustus - Windows NT 3.1
- 1994 September - Windows NT 3.5
- 1995 Juni - Windows NT 3.51
- 1996 29 Juli - Windows NT 4.0
- 2000 17 Februari - Windows 2000 (Vèrsi: NT 5.0.2195)
- 2001 - Windows XP (Vèrsi: NT 5.1.2600)
- 2003 - Windows Server 2003 (Vèrsi: NT 5.2.3790)
- 2006 - Windows Vista (Vèrsi 6.0 Build 6000)
- 2007 - Windows Home Server (Vèrsi 6.0.1800.24)
- 2008 - Windows Server 2008 (Vèrsi 6.1)
- 2009 - Windows 7 (Vèrsi 6.1 Build 7600)
- 2009 - Windows Server 2008 R2 (Vèrsi 6.1)
- 2011 - 2012 - Windows 8 (jroning rencana)
[sunting] Bakal dirilis
- Mawa basis kernel Windows NT
[sunting] Deleng uga
|
||||||||||||||||||||
|
|||||||||||||||||