Microsoft
- Kanggo kagunaan liyané, pirsani Microsoft (disambiguasi).
| Jinis | Terbuka (NASDAQ: MSFT) |
|---|---|
| Slogan | Your potential. Our passion. |
| Didegaké | Albuquerque, New Mexico (1975) |
| Lokasi | Redmond, WA |
| Wong wigati | William H. (Bill) Gates III, Chairman & Chief Software Architect Steven A. (Steve) Ballmer, CEO Kevin R. Johnson, VP Marketing |
| Karyawan | 71.172 (2006) |
| Prodhuk | Windows Office Xbox Windows Mobile (Salengkapé.) |
| Situs web | www.microsoft.com |
Microsoft Corporation (NASDAQ: MSFT, didegaké 1975), kantor pusaté ing Redmond, Washington, Amérika Sarékat, iku perusahaan piranti alus paling gedhé ing donya (kanthi luwih saka 50.000 karyawan ing manéka negara, tekan Mei 2004).
Microsoft ngembangaké, gawé, nglisensikaké lan ndhukung manéka jenis prodhuk software kanggo manéka piranti pakomputeran. Prodhuké sing paling misuwur yaiku klompok sistem operasi Microsoft Windows, sing wis ana ing endi-endi jroning pasar komputer desktop.
Strategi bisnis Microsoft sing agresif wis njalari sapérangan panylidhikan pamaréntah, klebu tuntutan hukum federal nalika taun 1998 ing ngendi Microsoft dinyatakaké wis sacara ilegal migunakaké kekuwatan monopoliné kanggo ngalahaké pesaingé; liwat aksi bandhing lan negosiasi, Microsoft wis ngurangi pangaruh saka keputusan iki ing pangoprasian perusahaan lan status kewuangané.
[sunting] Prodhuk lan organisasi
Microsoft adol manéka prodhuk software. Akèh saka prodhuk mau dikembangaké sacara internal, contoné Microsoft Basic. Sapérangan prodhuk dituku saka pihak liya banjur dimèrek ulang déning Microsoft kanggo dhistribusiné, kayadéné Microsoft Project, sawijining program manajemen proyèk; Visio, sawijining program pantabèlan; DoubleSpace; Virtual PC sing dituku saka Connectix; lan malah MS-DOS dhéwé, sing dadi awal kasuksèsan Microsoft jroning donya panggawéyan lan pamasaran piranti alus.
Nalika wulan April 2002, Microsoft diorganisasi-ulang dadi pitung unit bisnis utama,yaiku:
- Windows Client (ngelola client, server lan sistem operasi sing jenengé Microsoft Windows)
- Information Worker (ngelola prodhuk software kanggo kantor)
- Microsoft Business Solutions (ngelola jasa bisnis lan aplikasi prosès)
- Server and Tools (ngelola piranti pangembangan lan software server sing kaintegrasi)
- Mobile and Embedded Devices (ngelola palmtop lan jasa tèlpon)
- MSN (ngelola jasa mawa basis-web)
- Home and Entertainment (ngelola hardware lan software konsumèn)
Ada uga Unit Bisnis Macintosh sing ndadèkaké Microsoft pangembang software Macintosh paling gedhé sanjabané Apple dhéwé.
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala njaba
- (en) Situs web resmi