NASDAQ
| NASDAQ | |
|---|---|
| Logo NASDAQ | |
| Tipe | Bursa saham |
| Lokasi | New York City, Amérika Sarékat |
| pemilik | The NASDAQ OMX Group |
| Tokoh wigati | Robert Greifeld Dirut H. Furlong Baldwin Présidhèn Direktur |
| Mata uang | Dolar AS |
| Gunggung daftaran | 3,200 |
| Indeks | NASDAQ Composite NASDAQ-100 NASDAQ Biotechnology Index |
| Situs web | www.nasdaqomx.com |
NASDAQ, asliné sawijining singkatan kanggo National Association of Securities Dealers Automated Quotations, iku sawijining bursa saham sing dioperasikaké déning National Association of Securities Dealers. Nalika miwiti perdagangan tanggal 8 Februari 1971, NASDAQ arupa bursa saham èlèktronik pisanan ing donya.
Wiwit taun 1999, NASDAQ iku bursa saham paling gedhé ing Amérika Sarékat kanthi luwih saka setengah gunggung perusahaan sing diperdagangaké ing AS dicathet ing kéné. NASDAQ kapérang saka NASDAQ National Market lan NASDAQ SmallCap Market. Bursa utamané ana ing Amérika Sarékat, kanthi cabang ing Kanada lan Jepang. NASDAQ uga duwé asosiasi mawa bursa saham ing Hong Kong lan Eropah.
Tanggal 17 Juli 1995 NASDAQ ditutup ing lèvel sandhuwuré 1.000 poin kanggo pisanané. Puncaké dumadi tanggal 10 Maret 2000, ing ngendi indèks nganti 5048,62 poin.
NASDAQ ditutup saka 11 nganti 14 September 2001 amarga dumadiné Serangan Teroris 11 September 2001.
[sunting] Pirsani uga
- NYSE (Bursa Saham New York)
- Dow Jones Industrial Average