Windows Vista

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Windowsvistalogo.jpg
Windows Vista
(Bagéyan saka keluwarga Microsoft Windows)
Tampilan
Windows Vista Ultimate Desktop.png
Tampilan Layar saka Windows Vista Ultimate
Pangembang
Microsoft
Situs web: Official website
Informasi wetu
Tanggal diwetokaké: RTM: 8 November 2006;
Vol. Lic.: 30 November 2006;
Retail: 30 Januari 2007 info
Vèrsi paling anyar:  6.0 Service Pack 2 (SP2) (Build 6002)
(6002.18005.090410-1830[1])
, 28 April 2009 (2009-04-28), 1133 dina kepungkur info
Modhèl sumber: Closed source / Shared source[2]
Lisensi: MS-EULA
Kernel tipe: Hybrid
Métodhe pamutakiran: Windows Update, Windows Server Update Services, SCCM
Dhukungan platform: IA-32, x86-64
Status dhukungan
Mainstream support

Windows Vista yaiku sistem operasi mawa basis grafis saka Microsoft kang digunakaké ana ing komputer pribadi (PC), kang digunakaké kanggo omah utawané kanggo bisnis, uga kanggo komputer laptop, utawané media center.[3] Sadurungé diumumaké kanthi jeneng Windows Vista nalika tanggal 22 Juli 2005, sistem operasi iki luwih ditepungi kanthi jeneng codename Longhorn (asalé saka jeneng Longhorn Saloon, sawijining bar kang misuwur ing Whistler, British Columbia, Kanada).[3] Microsoft ngluncuraké Windows Vista nalika tanggal 8 November 2006 kanggo panganggo bisnis, lan 30 Januari 2007 kanggo panganggo ing omah.[3] Paluncuran Windows Vista iki leté luwih saka limang taun sawisé paluncuran Windows XP yaiku nalika tanggal 25 Oktober 2001.[3] Microsoft pisanan ngumumaké "Longhorn" nalika sasi Juli 2001, yaiku sadurungé paluncuran Windows XP kang diluncuraké nalika sasi Oktober ana ing taun kang padha.[3] Wiwitané Longhorn dikarepaké wiwit dipasaraké ing kisaran taun 2003 kang didadèkaké watu lumpatané Windows XP lan "Blackcomb" (saiki ditepungi minangka "Windows 7").[3] Kanthi alon-alon, "Longhorn" nyatané dibangun nganggo fitur-fitur kang akèh lan tèknologi anyar saka "Blackcomb", kang ndadèkaké tanggal paluncurané diundur.[3] Microsoft banjur ngumumaké nalika tanggal 27 Agustus 2004 yèn perusahaan iku nglakokaké owah-owahan kang signifikan.[3] Pembangunan "Longhorn" diambali manèh lan didhasaraké marang basis program Windows Server 2003.[3] Fitur kang sadurungé diumumaké, kaya WinFS, dibatalaké.[3]

[sunting] Cathetan sikil

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Windows_Vista&oldid=627051"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès