Windows 7
| 250px | |
| Windows 7 | |
| (Bagéyan saka keluwarga Microsoft Windows) | |
| Pangembang | |
| Microsoft | |
| Situs web: Official website | |
| Informasi wetu | |
| Tanggal diwetokaké: | RTM: 22 Juli 2009 Retail: 22 Oktober 2009 info |
| Vèrsi paling anyar: | 6.1 (build 7600.16385.090713-1255[1]), 22 Oktober 2009 info |
| Modhèl sumber: | Closed source / Shared source |
| Lisensi: | MS-EULA |
| Kernel tipe: | Hybrid |
| Métodhe pamutakiran: | Windows Update |
| Dhukungan platform: | IA-32, x86-64 |
| Status dhukungan | |
| Mainstream support | |
Windows 7 (sadurungé mawa kodhe Blackcomb utawa Vienna) arupa vèrsi sabanjuré Microsoft Windows sing nggantèkaké Windows Vista.[2] Microsoft ngumumaké yèn pangembangan Windows 7 bakal lumaku jroning telung taun. Vèrsi klien saka Windows 7 bakal dirilis jroning vèrsi 32-bit lan 64-bit senajan vèrsi serveré (sing bakal nggantèkaké Windows Server 2008) bakal dirilis mung jroning vèrsi 64-bit, sing bakal dijenengi Windows Server 2008 R2. Komputer bakal ngandhani yèn dumadi owah-owahan ing komputer mau. Windows 7 diluncuraké tanggal 22 Oktober, 2009. Saben panganggo bakal éntuk perlindhungan 3 lapis yèn ana panyuwunan ngundhuh file saka sing ora ditepungi.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Spesifikasi piranti atos
Microsoft wis mublikasikaké spesifikasi kabutuhan minimum piranti atos kanggo Windows 7.
| Arksitèktur | 32-bit | 64-bit |
|---|---|---|
| Kecepatan unit pangolah pusat | 1 GHz 32-bit CPU | 1 GHz 64-bit CPU |
| Memori Aksès Acak(RAM) | 1 GB of RAM | 2 GB of RAM |
| Kartu Grafis | Dhukungan DirectX 9 prosesor grafis mawa WDDM Driver Modhèl 1.0 (Kanggo Windows Aero) | |
| Cakram Atos(HDD) | Memori sumadiya 16 GiB | Memori sumadiya 20 GiB |
| Cakram optik | DVD drive (kanggo instalasi saka medhia DVD) | |
Prasyaratan tambahan supaya bisa migunakaké fitur tinentu:[3]
- BitLocker merlokaké Trusted Platform Module (TPM) 1.2 lan mbutuhaké USB flash drive kanggo migunakaké BitLocker
- Windows XP Mode merlokaké tambahan memori 1 GB, tambahan 15 GB cakram atos , lan Unit Pangolah Pusat sing ndhukung virtualisasi karo Intel VT utawa AMD-V
[sunting] Pangadolan
Kunci kasuksèsan Windows 7 yaiku luwih narik akèh panuku sakwéné mangsa diskoné. Kétung wiwit wulan Juni 2009 kepungkur, Windows 7 Home Premium wis sumadiya kanthi rega sing kajangkau banget yaiku watara 49 USD utawa watara 500 èwu rupiah waé, iki temtu luwih ngirit 70 USD utawa watara 700 èwu rupiah tinimbang rega pangadolan asliné yaiku 119 USD utawa watara 1,2 yuta rupiah. Éwadéné kanggo Windows 7 Professional didol kanthi rega 99 USD waé utawa watara 1 yuta rupiah, iki arupa setengah rega saka rega asliné. Saiki program mau wis kliwat. Nanging nganti detik iki pihak Amazon isih nawakaké Windows 7 kanthi rega sing luwih murah saka rega asli paluncurané mengko.
[sunting] Réferènsi
[sunting] Pranala njaba
- (en) Website Resmi Windows 7
- (en) Windows Vienna News
- (en) Windows 7 FAQ
|
||||||||||||||||||||