Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
British Columbia, utawa dickekak B.C., iku provinsi paling kulon Kanada. Propinsi iki minangka provinsi ka-enem sing gabung marang Konfederasi ing taun 1871. Kaitung nganti taun 2004, populasi pedunungé 4.168.123 jiwa.
Ibukutha provinsi iki yakuwi Victoria, dumunung ing sisih kidul-wétan Pulo Vancouver. Kutha paling padhet pedunungé yakuwi Vancouver, sing dunungé ana ing sisih sudut kidul-kulon daratan Kanada (dudu ing Pulo Vancouver). Kutha-kutha gedhé provinsi antara liya Surrey, Burnaby, Coquitlam, Richmond, Delta, lan New Westminter sing klebu Distrik Regional Vancouver Raya (Greater Vancouver Regional District), Abbottsford lan Langley di Fraser Valley, Nanaimo ing Pulo Vancouver, lan Kelowna bebarengan karo Kamloops ing "Pedalaman" (utawa "Interior"). Kutha paling cedhak karo titik tengah provinsi yakuwi Prince George; ananging, kutha cilik Vanderhoof, 100 km luwih kakulon, luwih cedhak sacara geografi. 10 Kabupatèn paling gedhé miturut Populasi
Pranala jaba [sunting]