Kembang Mawar

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Mawar
Rosa alba 'Maiden's Blush
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Rosales
kulawarga: Rosaceae
Subkulawarga: Rosoideae
Genus: Rosa L.
Spesies

  antara 100-150

Kembang Mawar iku kalebu keluwarganing Rosa.[1] Cacah jinisé ana atusan, wiwit sing thukul umbaran (liar) nganti sing dibudidayakaké.[1] Mawar ana sing biasa, ana uga sing thukulé mrambat.[1]

Cara membudidayaké utawa nandur kembang mawar isa plantaran wiji, seték, okulasi, cangkokan, lan mbelah anakan.[1] Nanging cara kang luwih cepet sarana seték.[1]

Warnané uga ana rupa-rupa, sing asli biasané awarna abang, kuning, oranyé, uga ana sing jambon. Nanging, saiki ana kamajuan tèknologi sing bisa malih rupakaké warna, mawar uga ana sing wernané biru, ungu, malah ana sing ireng.[1]

Kembang mawar iki wis misuwur ing donya wiwit zaman kalabendhu. Lengané didadèkake lenga wangi, sing wis misuwur ganda arum lan larang regané. Uga ana manèh sing digawé bahaning setrup, jenengé Rosa canina, amarga akèh vitamin C-né.[1]

Mawar akèh-akèhé nduwé eri, nanging ana sing ora ana eriné.[2] Eri mawar gunane kanggo njaga mawar supaya ora dirusak kewan lan srangga.[3] Awit ana uga kéwan kang seneng mangan kembang.[3] Kéwan iku kalebu kewan herbivora.[3] Eri kalebu salah sawijiné organ tanduran, yaiku organ aksesoris utawa hiasan.[3] Eri ana kang kalebu aksesoris sejati lan ana kang mung modifikasi.[3] Eri minangka aksesori biyasané kang ana ing pang, wit, godhong, lan woh tanduran.[3] Tuladhané yaiku ing wit mawar.[3]

Bab lan Paragraf

[sunting] Mawar bathik

Mawar biyasané nduwé werna polos, yen ana campuran werna, biyasané mung ing pingiré. Tuladhané mawar putih kang pinggiré ''pink'', ana uga mawar kuning kang pinggiré rupané abang.[2] Ananging ana jinis mawar kang trotol-trotol wernané. Mawar iki diarani mawar bathik.[2] Mawar bathik iki ora nduwé eri ing gagangé.[2]

Mawar bathik bisa urip ing dhataran rendah, ananging yèn kepéngin kembang luwih gedhé lan wernané luwih cerah kudu ditandur ing dhataran tinggi.[2] Bibit mawar bathik asalé saka sambung pucuk utawa''grafting''.[2]Carané gagangé mawar bathik disambung karo mawar biyasa ing pucukké. Sawisé 2-3 wulan, sambungan iki wis siap ditandur.[2] Tanduran iki isiram kaping pindho sedinané.[2] Pupuk kang digunakaké kanggo nyuburké tanduran yaiku pupuk N-P-K, nanging cukup sewulan sepisan.[2] Pupuk kandhang utawa rabuk dienggo mupuk nalika sepisanan nandur mawar bathik iki. Yen dirumat kanthi temen, mawar iki bakal cepet ngembang.[2]

[sunting] Kena ing guna

Kembang mawar biyasané dadi simbol ''cinta'' lan katresnan. Ananging sejatiné kembang mawar uga kalebu kembang kang nduwéni akèh khasiat.[4] Kembang mawar uga bisa kanggo obat, kosmetik, lan terapi.[4] Ing jaman Yunani Kuno utawa kerajaan Roma, sari mawar bisa kanggo kosmetik lan ngalusake kulit, gawe tenang, lan obat déprési, iritasi kulit.[4] Ing jaman India, sari mawar kanggo nglancaraké pencernaan lan kanggo kaséhatan ''metabolismé'' awak.[4] Jaman saiki mawar kena kanggo kosmétik lan ngalusaké kulit, terapi kecantikan kaya serum lan kosmétik.[4] Banyu mawar utawa [[ékstrak] sari mawar kang diprosés kanthi ''déstilasi'' bisa dadi krim pelembab lan sabun.[4] Sari mawar kang luwih kenthel bisa kanggo serum utawa ékstrak rose oil lan minyak wangi utawa ''parfum''.[4]

Sari mawar bisa kagunakaké ing kabéh jinis kulit lan ora ndadékaké ''iritasi''.[4] Minyak mawar uga bisa kanggo ningkataké élastisitas kulit wajah lan ndadékaké luwih lembab.[4] Garis kerutan ing rai uga kena dicegah nganggo mawar, saéngga kulit katon luwih seger.[4] Jinis kulit kang akèh jerawaté lan sensitif uga kena nggunakaké sari mawar, awit sari mawar bisa kanggo bahan ''antiséptik'' kang maténi ''baktéri''.[4] Mawar saka spésiés ''Rosa Canina'' ngandhut vitamin C kang luwih akèh.[4] Vitamin C kang ana ing mawar iki padha karo ping papaté woh blackcurrant lan ping woluné woh jeruk.[4] ''Kelopak'' kembang mawar uga ngandhut vitamin A lan E, lemak oméga 3 kang bisa nglembabaké kulit supaya kulit katon seger.[4]

[sunting] Spesies

Rosa canina
Rosa gallica
Rosa rugosa
Rosa multiflora

Miturut asalé mawar kagolong dadi pira-pira spesiés, mawar saka Eropa, mawar saka Amérika, mawar saka Timur Tengah, mawar saka Cina , lan mawar saka Jepang.[5]

  • Spesies saka Éropah
    • Rosa alba
    • Rosa canina
    • Rosa gallica
    • Rosa chnamomea
    • Rosa cettifolia
    • Rosa spinosissma
    • Rosa wichuraiana
  • Spesies saka Timur Tengah
    • Rosa fetida
    • Rosa fetida bicolor
    • Rosa fetida perciana
    • Rosa feicikoana
    • Rosa damascena
  • Spesies saka Tiongkok:
    • Rosa chinensis
    • Rosa liviegata
    • Rosa gigantea
    • Rosa primula
    • Rosa mulluganii
    • Rosa sericana pteracantha
    • Rosa hugonis
    • Rosa banksiae lutea
  • Spesies saka Jepang
    • Rosa roxburghii
    • Rosa roxburghii 'hirthua'
    • Rosa aciculaisis nipponensis
    • Rosa mulitiflora
    • Rosa wichuraina
    • Rosa rugosa
    • Rosa uchiyamana
    • Rosa jasminoidesu
    • Rosa fujisanesis
  • Spesies saka Amérika Sarékat
    • Rosa cinemoemea
    • Rosa nitida
    • Rosa california

[sunting] Pemulia misuwur

06.2010a white Rosa wp1.jpg

[sunting] Pranala njaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:


[sunting] Chatetan suku

  1. a b c d e f g (id)Budidaya mawar (diakses tanggal 1 Maret 2011)
  2. a b c d e f g h i j (id)Profil Tanaman Rubrik(dipunundhuh tanggal 13 April 2011)
  3. a b c d e f g (id)Gramedia Majalah(dipunundhuh tanggal 14 April 2011)
  4. a b c d e f g h i j k l m n (id)Rumah Cantik Citra(dipunundhuh tanggal 14 April 2011)
  5. (id)bunga mawar (diakses tanggal 1 Maret 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kembang_Mawar&oldid=605548"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès