Sabun
Sabun kuwi salah siji senyawa kimia paling tuwa sing tau dikenal.[1] Sabun kuwi ora kanthi aktual ditemokaké, nanging saka usaha ngembangaké campuran senyawa alkali lan lemak utawa lenga.[1] Sabun kuwi ''surfaktan'' sing digunakaké kanggo umbah-umbah utawa ngresiki lan digunakaké kanthi pitulungan banyu.[2] Sabun kuwi diasilaké saka proses saponifikasi, yaiku proses hidrolis lemak dadi asam lemak lan gliserol ing kahanan basa.[2] Bahan sing biyasané digunakaké yaiku ''NaOH'' (natrium/sodium hidroksida) lan ''KOH'' (kalium/potasium hidroksida).[2] Asam lemak sing sesambungan karo natrium utawa kalium iki sing dijenengaké sabun.[2]
Bab lan Paragraf |
Jinis-jenis Sabun [sunting]
Jenis-jenis sabun yakuwi:[3]
- ''Toilet soap''
- ''Bar soap''
- ''Industrial soap'', kaperang dadi macem-macem jenis sabun, kayata
- sabun régular
- sabun sing akéh banget lemaké
- sabun deodorant (anti mikrobial)
- sabun busa
- sabun transparan
- sabun kanggo air keras
Tujuan Nggunakaké Sabun [sunting]
Ana pirang-pirang perkara sing dikarepaké bisa ditangani kanthi nggunakaké sabun, kayata ngangkat sél-sél kulit mati, sisa keringet, lebu, sarta lenga sing nutup kulit[4] Nanging ing jaman sing saya maju iki, tujuan nggunakaké sabun ora mung mandheg ing bab kuwi.[4] Supaya nambah kawigatén, mangka ditambahake bahan-bahan tartamtu kayata wewangén, werna, lan bahan-bahan liya sing bisa kanggo terapi penyakit.[4]
Sabun Alami [sunting]
Saliyané manfaat sing ditawakaké, sabun uga duweni bab-bab sing prelu digatekaké supaya sabun ora dadi racun kanggo awak.[4] Kuwi merga sabun akeh migunakaké bahan=bahan kimia.[4] Kanggo ngatasi perkara kuwi mangka saiki dikembangaké sabun alami.[4]
Bahan baku sabun alami bisa saka rempah-rempah, janganan, lan woh-wohan kayata pang, lan gegodhongan kang ana ing alam sakubenge, kang utama bisa dimupangatake kang utawa wit pari utawa kanthi jeneng merang,[5]
- Anggur: nglarutaké lemak lan nglangsingké awak.
- Alpukat: marakaké lembab lan nyegah kerut-kerut kulit.
- Lulur: ngresiki, nyegeraké, lan marakaké wangi awak.
- Susu: mutihaké,nglembabaké kulit,nyegah flek-flek ireng, lan ngurangi pecah-pecak ing sikil.
- Pegagan: nyegah lan ngurangi selulit.
- Apel: nyegah kerut lan komedo.
- Bengkoang: ngaluské lan mutihaké kulit.
- Ketimun: gawé kenceng lan gurangi kadar lenga ing kulit.
- Cokelat: ngangkat sel kulit mati.
- Kopi: marasake tilas borok.
- Zaitun: nglembutaké lan nglembabaké kulit.
- Madu: ngenomké kulit lan ngilangake flek.
- Kunyit: ngilangi gatel,jamur, lan rang.
- Sirih: nyegeraké lan ngilangi ambu apek awak.
- Sereh: ngilangi pegel,kesel, lan rematik.
- Strawberry: ngencengaké otot lan payudara.
- Limau: nghilangi kukul lan ngaluské rai.
- Teh ijo: gawé kulit katon seger.
- Lengkuas: ngilangi panu lan jamur kulit.
- Kemangi: ngrumat lan ngarumaké organ vital.
- Wortel: nyegah kanker kulit.