Kemangi
| Kemangi | |
|---|---|
| Bagéyan kemangi sing bisa dipangan | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Lamiales |
| kulawarga: | Lamiaceae |
| Genus: | Ocimum |
| Species: | O. ×citriodorum |
| Jeneng binomial | |
| Ocimum ×citriodorum Vis. |
|
Kemangi ing basa basa Madurané kondhang karo jeneng kemangék. [1]. Kemangi kuwi rasané rada legi, adhem, wangi, lan nyegeraké.[1]terna cilik sing godhongé biasa dipangan minangka lalap. Aroma godhongé khas, kuwat nanging lembut mawa sentuhan aroma limau.[1] Godhong kemangi arupa sawijining bumbu kanggo pèpès. [1]Minangka lalapan, godhong kemangi biasané dipangan karo godhong kubis, irisan timun, lan sambel kanggo ngancani pithik utawa iwak gorèng. [1]Ing Thailand kemangi dikenal minangka manglak lan uga asring ditemoni ing menu masakan kana [1]. Kemangi kuwi hibrida antarspesies antarané loro spesies selasih, Ocimum basilicum lan O. americanum [1]. Kemangi dikenal uga minangka O. basilicum var [1]. anisatum Benth [1]. Aroma khasé asalé saka kandhutan sitral sing dhuwur ing godhong lan kembangé [1].
Bab lan Paragraf |
Kandhutan [sunting]
Kandhutan lan manfaat godong kemangi nduweni daya penenang lan ngetokaké gas-gas saka awak. Godhongé uga asring digunakaké kanggo bumbu panganan daging utawa iwak. Kemangi uga ngandung zat minyak atsiri|atsiri, protein|protein, kalsium|kalsium, fosfor|fosfor, besi|besi, belerang|belerang, dan lain-lain.
- 1,8 sineol, (kabèh tetandhuran) kanggo anestesi, biyantu ngatasi ejakulasi premature, antikejang, ngrangsang aktivitas saraf pusat, jembaraké pembuluh kapiler (ngrangsang èrèksi), lan nguataké hepar (ati) [1].
- anethol,(kabèh tetandhuran) bisa ngrangsang kekebalan awak lan ngrangsang ASI [1].
- apigenin,(kabèh tetandhuran) isa jembaraké pembuluh getih, nyegah pengentalan getih, nglancaraké sirkulasi, neken saraf pusat, lan biyantu ing relaksasi otot polos [1].
- arginine (godhong), agawé kuat daya tahan hidup sperma, nyegah mandul, mudhunaké gula darah, ''antihepatitis'', ''diuretik'' [2].
- Asam aspartat|aspartat (godhong), ngrangsang sarap, analeptik [2].
- Boron (kabéh tanduran), ngrangsang metuné hormon androgen lan hormon estrogen sarta nyegah keroposané tulang/balung [2].
Nama Liyané [sunting]
Ing dhaérah Mediterania (Italia), sinebut genovese [3]. Yèn ing Thailand lan India,sinebut holy basil utawa tulsi [3]. Ing basa basa Madurané kondhang karo jeneng kemangék.[1]
Manéka ilmu buktiaké godhong kemangi bisa ningkataké produksi hormon adrenalin lan noradrenalin, sarta mudhunaké kadar serotonin kang bisa micu stres [3].
Morfologi [sunting]
- Terna, dhuwuré 60–70cm [4].
- watang alus mawa godhong ing saben ros [4].
- godhongé werna ijo enom, wangun oval [4].
- 3-4cm dawané, mawa rambut alus ing permukaan bagéyan ngisor [4].
- kembangé werna putih, kurang nengsemaké [4].
- kasusun jroning tandhan [4].
- yèn dijarké ngembang, tuwuhé godhong luwih sithik lan tanduran luwih cepet tuwa lan mati [4].
Pepènget [sunting]
Minangka bagéyan saka kulawarga selasih, kemangi bisa ngandhut estragol, senyawa sing dikawruhi minangka karsinogen (pamicu kanker) ing mencit [1]. Sanadyan pangujèn èfèk ing manungsa durung dilakoni, nanging panggunaan sing kakèhen diprayogakaké dièndhani [1].
Paédah [sunting]
Saben Dina [sunting]
Godhong Kemangi kang arum asring digunakaké kanggo masakan, kayata; campuran pepes, karédok utawa lalapan mentah [4]. Kajaba kuwi, kemangi ngandhut akèh senyawa kang duwéni khasiat kanggo awak [4]. Senyawa arginin ing sajroningé kabukti bisa memperpanjang masa hidup sperma, nyeegah kemandulan lan mudhunaké kadar gula darah[4]. Kemangi uga ngandhut zat kang bisa ngrangsang produksi hormon androgen lan estrogen [4].
Minyak racikan kemangi duwéni fungsi mnglawan bakteri ''Staphylococcus aureus'', ''Salmonella enteritidis'', lan ''Escherichia coli'', nangkal ''infeksi'' akibat virus ''Basillus subtilis'', ''Salmonella paratyph'',lan ''Proteus vulgaris'' [5].
Pengobatan [sunting]
Kagunaan godhong kemangi kanggo pengobatan, kayata :
Jantung [sunting]
Kemangi uga ana betakaroten lan magnesium, mineral kang wigati kanggo jaga lan memelihara kesehatan jantung [5].
Panu [sunting]
Sagenggem godhong kemangi diumbah, tumbuk alus. Wènèhi sithik banyu kapur sirih [6]. Gosokaké ramuan kuwi ing kulit kang ana panu [6]. Lakoni kanthi 2x sedina [6].
Diare lan Muntah [sunting]
Godhong kemangi sacukupé dipangan minangka lalapan [6].
Sariawan [sunting]
50 helai godhong kemangi diumbah resik, kunyah kanthi alus sasuwéné 2 - 3 menit [6]. Telen [6]. Ombéni banyu anget [6]. Lakoni kanthi 3x sedina [6].
Ambu Napas, Ambu Cangkem [sunting]
Asring dipangan lalapan godhong kemanginé, godhong kuniré, lan godhong beluntas [6].
Ambu Kringet [sunting]
Kemangi sacukupé dipangan minangka lalapan santap malam sasuwéné 1 minggu [6].
Nyegah Mandul [sunting]
Godhong kemangi ngandhut senyawa arginine kang kabukti bisa nguataké masa hidup sperma, nyegah mandul lan mudhunaké gula darah [6]. Kemangi uga ngandhut zat kang bisa ngrangsang terbentuké hormon androgen lan estrogen [6].
Ngobati kutil [sunting]
Kanthi cara godhong kemangi dikumbah resik banjur diusapaké/digosokaké ing kutil kanthi bola-bali lan teratur [6].Dadiné kemangi kuwi sanadjan kanggo bumbu dapur pelengkapé sambel, uga duwéni paédah kanggo obat alami [6].
Kecantikan [sunting]
Kemangi bisa disuling lan dijupuk minyak atsiriné kanggo campuran pembuatan obat utawa kanggo bahan perawatan tubuh, kayata :
Nanging panganggonané kemangi minangka minyak pijet apiké ora diaplikasikaké marang wong wédhok kang lagi meteng/hamil [5]. Yèn dicampur karo lulur, kemangi bisa ngrangsang peredaran darah ing awak saéngga kulit luwih alus lan berkilau, sarta ngatasi masalah jerawat lan rontoké rambut [5].
Cara Gunakaké [sunting]
Kanggo ngredakaké stres, nikmati 1-2 cangkir teh godhong kemangi [5]. Carané: 10-15 helai godhong kemangi direndhem ing banyu umup kanthi kurang luwih 5 menit, saring, banjur disajikaké [5].
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p (id)Sofyan Tsauri. 2005. Ramuan Tradisional Madura. Jakarta:Penebar Swadaya hal : 39
- ^ a b c (id) diundhuh tanggal 20 Mei 2011
- ^ a b c (id) [http://carahidup.um.ac.id/tag/kemangi diundhuh tanggal 27 Mei 2011} /
- ^ a b c d e f g h i j k (id) http://www.smallcrab.com/kesehatan/216-manfaat-kemangi-ocimum-canum
- ^ a b c d e f g h i j (id) [1]
- ^ a b c d e f g h i j k l m n (id) [2]