Johannes Jacobus Ras

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Hans Ras.

Prof. Dr. Johannes Jacobus (Hans) Ras (Rotterdam, 1 April 1926Warmond, 22 Oktober 2003) inggih punika salah satunggaling profésor emeritus basa lan sastra Jawa wonten ing Universitas Leiden. Panjenenganipun makarya minangka profésor wiwit taun 1985 dumugi taun 1992. Kajawi punika, Ras ugi ngasta Kepala Kantor Perwakilan KITLV ingkang sepindhah wonten ing Jakarta.

Mangsa Alit[besut | besut sumber]

Hans ing taun 1935.

Ras miyos taun 1926 wonten ing Rotterdam. Ras punika putra ingkang kaping tiga saking kulawarga ingkang gadhah sekawan putra. Bapanipun medamel bakul kuwé-kuwé lan panganan legi-legi, ingkang ngladosi kitha Rotterdam lan sapunjeripun. Bapanipun piyambak ingkang ngasta dhirèktur wonten ing Firma Ras, lan sadaya putra kedah ngabiyantu wonten ing firma punika. Sajatosipun sadaya putra dipunsekolahaken dhateng Mulo, kados déné limrahipun laré biyasa. Nanging, sasampunipun putra pambajeng pratingkahipun aéng-aéng lan ndableg, pramila piyambakipun lajeng dipunsekolahaken wonten ing HBS, saéngga sadaya putra ugi lajeng tumut dipunsekolahaken wonten ing HBS.

Ujian ingkang pungkasan sekolah madyanipun Ras dipunwiwiti nalika Perang Donya II. Piyambakipun ndhelik rikala sedhèrèk-sedhèrèkipun dipunpeksa nyambut damel rodi déning pamaréntah Nazi (Jerman: Arbeitseinsatz). Nalika samanten piyambakipun wiwit kasengsem dhateng studhi basa; utamanipun basa Jawa lan basa Arab. Namung ing jaman samanten boten saged kuliyah basa wonten ing satunggiling universitas manawi boten mawi ijasah HBS.

Studhi lan panglelananipun[besut | besut sumber]

Taun 1946 Ras miwiti studhi Indologie, wondéné kaanan wonten ing Indonésia ngatingalaken manawi boten wonten dinten ngajeng (ing tembé) dhumateng para padamel bangsa Walandi. Pramila piyambakipun lajeng pindhah jurusan kuliyah dhateng jurusan ékonomi. Ras lajeng bidhal dhateng Prancis. Wonten ing Prancis ras pikantuk padamelan wonten ing salah satunggaling proyèk pambangunan. Wonten ing papan punika kawruhipun babagan basa Arab ingkang naté dipunsinaoni nalika studhi Indologie pratéla wigatos sanget, amargi kathah sanget buruh-buruh ingkang asalipun saking Afrika Lor. Ras, ingkang dhasaripun remen lelana, nglajengaken panglelananipun dumugi Libya, Mesir lan Aden.

Sabibaripun wangsul dhateng nagara Walandi, Ras lajeng nglampahi wajib militèr. Nalika yuswanipun 24 taun, Ras nglamar padamelan dhateng satunggaling kantor dagang Internatio-Müller wonten ing kitha Rotterdam. Ras lajeng dipunkintun dhateng Indonésia lan dipunbenung wonten ing Jakarta. Sawetawis wekdal salajengipun, Ras dipunpindhah dhateng Banjarmasin lan dipunpasrahi tugas supados numbasi karèt rakyat wonten ing mriku. Prekawis punika pranyata kadadosan nalika gayutan antawisipun Indonésia lan Walanda saweg genting, inggih punika salah satunggaling pakaryan ingkang mbebayani. Sarékat-sarékat buruh lokal ingkang gadhah paham kiwa utawi Marxis boten purun nampi modal saking kolonialis. Sauntawis karyawan dipundalaken saking padamelanipun lan lajeng sami nyambat tiyang pinter utawi dhukun supados nyanthèt dalemipun Ras. Wekasanipun Ras ngraos bilih piyambakipun boten saged makarya wonten ing Indonésia manawi kahananipun tetep kados makaten.

Pranyata pakaryanipun wonten ing Kalimantan malah ugi ngagengaken raos kesengsemipun Ras tumrap Indonésia. Mahaguru sastra Indonésia nalika samanten, profésor G.W.J. Drewes lajeng paring pepènget dhateng Ras kapurih nglampahi ujian alih basa Indonésia. Pungkasanipun taun 1959 Ras saged mentas lan pikantuk ijasah, saéngga saged nglajengaken studhinipun dhateng universitas Leiden.

Rikala ujian punika, Ras kepanggih lan pitepangan kaliyan Widjiati Soemoatmodjo. Widjiati nalika samanten medamel wonten ing KBRI Den Haag, lajeng taun 1960 Widjiati dipunpindhahaken dhateng Brusel. Prakawis punika ndamel Ras asring wira-wiri tindakan saking Leiden dumugi Brusel nitih scooter. Malah naté Ras nemahi kacilakan awrat ingkang nyababaken gegar utek. Wondéné kadadéan punika boten ngalang-ngalangi krentegipun.

Sawetawis punika Ras bregas nglampahi studhinipun, kalebet ugi studhi basa Arab lan basa Sansekreta ingkang wajib dipunayahi. Wonten ing témbok-témbok kamar pondhokanipun wonten ing Leiden, dipuntèmplèki sakathahing pratélan tembung lan ukara ingkang kedah dipunapalaken. Ras ngapalaken sadaya punika dipunsambi nyukur bréngos nalika wanci enjang.

University of Malaya[besut | besut sumber]

Taun 1961, Ras saged mentas ujian dhoktoralipun (S2) mawi prédhikat cum laude. Piyambakipun lajeng krama kaliyan Widjiati lan sesarengan bidhal dhateng Kuala Lumpur. Wonten ing mrika Ras – kepara sadèrèngipun lulus – sampun dipunangkat minangka "lecturer" (dhosèn) wonten ing University of Malaya. Profésor Roolvink, ingkang mbénjingipun kajibah minangka mahaguru wonten ing Universitas Leiden, nalika punika ngasta Head of Department. Ras nalika wonten ing Kuala Lumpur, ngupadosaken nyerat dhisertasinipun prakawis Hikayat Banjar (sajarah Banjarmasin kanthi basa Melayu) kajawi nglampahi pakaryanipun memulang.

Promosi, KITLV[besut | besut sumber]

Ras saha Widjiati sigra pinaringan putra lan sasampunipun kontrak ingkang jangkanipun tigang taun jangkep, lajeng wangsul malih dhateng Leiden. Wonten ing Leiden Ras dipunangkat minangka asistèn dhosèn jurusan “Basa lan Budaya Asia Kidul-Wétan lan Oséania”.

Lajeng ing taun 1966 kulawarga Ras pinaringan putri, lan taun 1968 Ras promosi pikantuk gelar S3. Ras pikantuk prédhikat cum laude. Dhisertasinipun inggih punika babagan édhisi tèks Hikayat Banjar, ingkang antawisipun momot prakawis sajarah Suku Banjar wonten ing Banjarmasin. Boten dangu sasampunipun promosi, Ras lajeng bidhal dhateng Jakarta saperlu cecawis mbikak kantor KITLV.

Sanadyan kathah kapanggih alangan prakawis pulitik lan birokrasi, Ras saged mrantasi sadaya kanthi saé. Amargi pakaryanipun punika, pramila satunggaling dhasar makarya sama ilmiah ingkang kiyat saged dipunyasa lan taksih lestari dumugi wekdal punika.

Universitas Leiden, publikasi[besut | besut sumber]

De schending van Soebadra

Sasampunipun wangsul dhateng Leiden taun 1971, Hans Ras tetep ngasta wonten ing jurusan Asia Kidul-Wétan lan Oséania. Piyambakipun sangsaya nggeluti sastra Jawa lajeng dados asistènipun profésor Uhlenbeck. Ras ugi lajeng ngayahi kuliyah-kuliyahé prof. Uhlenbeck. Sasampunipun Uhlenbeck pènsiun lan kajibah minangka profésor emeritus, Ras ingkang nglajengaken ngasta. Taun 1985 Ras dipunangkat minangka mahaguru Sastra lan Budaya Jawa.

Kanggé bahan kuliyah, Ras nyerat satunggaling kitab tatabasa Jawa lan kitab sekar sumawur tèks-tèks Jawa modhèren. Wondéné ingkang wigatos piyambak dhumateng pangrembakanipun kawruh sastra Jawa inggih punika studhi-studhinipun ingkang jembar lan jero. Utamanipun wonten kalih aspèk budaya Jawa ingkang dipungatèkaken déning Ras: wayang lan sajarahipun. Pramila Ras ugi naté damel alih basa salah satunggaling lampahan wayang dhumateng basa Walanda. Lampahan ingkang dupun pretal punika ater-ateripun "Subadra Larung" utawi "Sembadra Larung". Alihbasaipun dhateng basa Walandi dipunwastani De schending van Soebadra. Kajawi punika Ras ugi nyerat studhi-studhi prakawis karya panulisan, struktur, fungsi lan kabenerané tèks-tèks sajarah saking Tanah Jawa, utamanipun Babad Tanah Jawi.

Sauntawis makalah wigati Ras dipunjilid nalika taun 1992 wonten ing kitabipun The Shadow of the Ivory Tree. Rikala taun-taun pungkasan sugengipun, Ras ngupadosaken satunggaling édhisi tèks anyar Serat Pararaton, satunggaling tèks sajarah ingkang mawi basa Jawa Tengahan. Tèks punika bilih dipunpriksani saking sudhut pandhang filologis lan sajarah kasusastran, minangka salah satunggaling tèks Jawa Kuna ingkang angèl. Sadèrèngipun tèks punika sampun naté dipunsunting lan dipunterbitaken kaliyan J.L.A. Brandes rikala taun 1898 lan I Gusti Putu Phalgunadi rikala taun 1996. Wondéné èdhisi tèks Brandes taksih kirang maremaken lan èdhisi Phalgunadi miturut kawruh filologi dèrèng saged dipuntampi.

Mbok bilih sampun kersanipun Gusti dèrèng dipunkeparengaken, kaanan kaséhatanipun Ras sangsaya mandhap saéngga karyanipun ingkang pungkasan punika boten saged dipunrampungaken.

Ras manggèni papan ingkang mulya wonten ing babagan studhi Indonésia miturut tradhisi Leiden. Publikasi-publikasinipun misuwur amargi panalitèn-panalitèn fakta-faktanipun ingkang tansah jero sanget. Ras migunakaké sumber-sumber ingkang asring wujudipun seratan naskah manuskrip (tulisan tangan). Sedaya punika dipunroncé kalawan kawruh sainsipun ingkang jembar, kritis, saha kabregasanipun.

Dosèn ingkang antusias, menarik, saha imajinatif[besut | besut sumber]

Ras saged dipunwastani satunggaling dhosèn ingkang antusias, nalika mucal nyengsemaken sanget lan imajinatif. Ras punika satunggaling performer. Mbokbilih punika amargi Ras panci bènten kaliyan réncang-réncang sajawatipun rikala samanten. Ras ugi kasengsem dhumateng manéka warna seni rakyat budaya Jawi.

Sanadyan Ras satunggaling ngèlmuwan modhèl tempo doeloe lan radi njaga jarak kaliyan para mahasiswa, Ras panci ugi ngupadosaken amrih para siswanipun karaos celak dhateng babagan kuliyahipun. Mila punika Ras asring ngawontenaken kuliyah ingkang wujudipun séminar saha préséntasi makalah lan dhiskusi. Rikala samanten, kabiyasan kados makaten taksih dèrèng limrah. Kajawi punika Ras kala-kala ngawontenaken préséntasi kanggé para siswa wonten ing dalemipun.

Ras ugi nyebaraken raos tresna dhumateng budaya lan wong Jawa, ing babagan sains lan babagan sanèsipun. Ras ugi kasengsem dhumateng para priyantun wonten ing nagara Walandi ingkang nresnani budaya Indonésia, utamanipun budaya Jawa. Contonipun Rien Baartmans. Rien Baartmans inggih punika satunggaling juru main bonékah utawi saged dipunwastani kanthi tembung istilah dhalang saking Haarlem, ingkang boten namung ngawontenaken pagelaran bonékah Walanda, nanging ugi saged nggelar lelampahan wayang kanthi saé saha éndah. Rien utamanipun misuwur wonten ing antaranipun laré-laré Walandi amargi pagelaran Wayang Kancilipun.

Conto sanèsipun inggih punika Ger van Wengen ingkang rikala samanten nyambut damel wonten ing Musiyum Antropologi lan tansah ngupados saéngga sains sageda populèr. Dhata ingkang dipunsukaaken kaliyan Hans Ras migunani sanget dhumateng Ger, kados ta buku De schending van Soebadra. Nanging wangsulipun, Ras ugi kathah ngangsu kawruh saking Ger.

Dinten sepuh[besut | besut sumber]

Rikala taun 1992, Hans Ras wiwit pénsiun kanthi yuswa 66 taun. Sajatosipun Ras kirang sreg pénsiun. Ras kangen kaliyan pakaryanipun lan kasarasanipun wiwit suda. Kirang langkung nyarengi milénium énggal, Ras pinaringan wayah lan kawastanan éyang. Wondéné lelara Parkinsonipun saya ndadra. Ing taun 2002 Ras dipunopname wonten ing griya sakit amargi wonten keluhan radhang paru-paru. Pramila Ras boten saged lenggah wonten ing dalemipun malih lan wiwit wulan Agustus 2002, pramila Ras mapan wonten ing satunggaling panti wreda ing Warmond ingkang boten bakal dipuntilar salajengipun. Ras séda tanggal 22 Oktober 2003, wonten ing sisihipun Widjiati ingkang boten naté sayah paring rerumat.

Sasampunipun Ras kajibah minangka profésor éméritus ing taun 1992, studhi sastra Jawa wonten ing Leiden sangsaya ngrembaka miturut dalan ingkang sampun dipunlangkungi utawi malah ingkang dipunbabad déning Ras.

Hans Ras mesthinipun badhé karenan dhumateng kesederhanaan, kaéndahan saha kawicaksanan salah satunggalipun kretabasa Jawi “Urip iku mung mampir ngombé”.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • 1968a, Hikajat Bandjar. A study in Malay historiography. The Hague: Nijhoff. Bibliotheca Indonesica 1. (order at kitlv)
  • 1968b, ‘Lange consonanten in enige Indonesische talen. Dubbel geschreven mediale consonanten.’ BKI 124: 521-541.
  • 1973, ‘The Panji romance and W.H. Rassers’ analysis of its theme’. BKI 129: 411-456.
  • 1976a, De schending van Soebadra. Javaans schimmenspel volgens Soerakartase traditie bewerkt door ki Kodiron. Vertaald uit het Javaans en van toelichtingen voorzien. Amsterdam: Meulenhoff. De Oosterse Bibliotheek 1.
  • 1976b, ‘The historical development of the Javanese shadow theatre.’ Review of Indonésian and Malayan Affairs 10.2:50-76.
  • 1978, ‘De clownfiguren in de wayang’. BKI 134: 451-465.
  • 1979, Javanese literature since independence. An anthology. The Hague: Nijhoff. VKI 88. ISBN 90-247-2309-4.
  • 1982a, Inleiding tot het modhèren Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-X.
  • 1982b, ‘The social function and cultural significance of the Javanese wayang purwa theatre.’ Indonésia Circle 29:19-32.
  • 1985, 'The main characters of the Wayang Poerwa, thirty-seven colour plates, with a summary of the Pandawa cycle', Dordrecht: Foris Publications, Reeks Indonesische herdrukken, ISBN 90-6765-069-2
  • 1986a, ‘The Babad Tanah Jawi and its reliability. Questions of content, structure and function.’ In: C.D. Grijns and S.O. Robson (eds.), Cultural contact and textual interpretation. Papers from the Fourth European Colloquium on Malay and Indonésian Studies, held in Leiden in 1983 (Dordrecht, Cinnaminson: Foris. VKI 115), pp. 246–273.
  • 1986b, ‘Hikayat Banjar and Pararaton. A structural comparison of two chronicles.’ In: C.M.S. Hellwig and S.O. Robson (eds.), A man of Indonésian letters (Dordrecht, Cinnaminson: Foris VKI 121), pp. 184–203.
  • 1986c, ‘Hofdichters op Java in de Hindhu-Javaanse tijd (negende tot zestiende eeuw)’. In: De Bruyn, Idema en Van Oostrom, Dichter en hof. Verkenningen in veertien culturen. Utrecht: HES. blz. 225-243.
  • 1987, ‘Betekenis en functie van de Babad Tanah Jawi.’ In: W.L. Olthof, Babad Tanah Jawi. Javaanse Rijkskroniek. W.L. Olthofs vertaling van de prozaversie van J.J. Meinsma, lopende tot het jaar 1721 (Dordecht: Foris. 2nd, rev. ed. with an introduction by J.J.Ras KITLV Indonesische Herdrukken), pp.ix-liv. Tekst ISBN 90-6765-219-9 (order at kitlv). Vertaling ISBN 90-6765-218-0 (order at kitlv).
  • 1987, ‘The genesis of the Babad Tanah Jawi. Origin and function of the Javanese court chronicle.’ BKI 143: 343-356.
  • 1990, ‘Javanese tradition on the coming of Islam.’ In: W.A.L. Stokhof and N.J.G. Kaptein (eds.), Makalah-makalah yang disampaikan dalam rangka kunjungan mantri agama R.I.H. Munawir Sjadzali, M.A. ke Negeri Walanda (31 Oktober – 7 November 1988) (Jakarta: INIS, Seri INIS 6), pp. 147–178.
  • 1990b, Hikayat Banjar. Diterjemahkan olèh Siti Hawa Salleh. Dewan Basa dan Pustaka. Kementerian Wiyata Malaysia. Kuala Lumpur. ISBN 983-62-1240-X.
  • 1990c, 'In memoriam Professor C.C. Berg', 18-12-1900 tot 25-6-1990, BKI 147-1 (1991):1-11.
  • 1991, Variation, transformation and meaning. 242 pages, Leiden, VKI 144, ISBN 90-6718-027-0 (order at kitlv)
  • 1992, The Shadow of the Ivory Tree. Language, literature and history in Nusantara. Semaian 6. Vakgroep Talen en Culturen van Zuidoost-Azië en Oceanië, Rijksuniversiteit te Leiden. ISBN 90-73084-07-5.
  • 1994, 'Geschiedschrijving en de legitimiteit van het koningschap op Java', BKI 150-3 (1994):518-38.
  • 2001, Sacral kingship in Java. In: Marijke J. Klokke & Karel R. van Kooij (eds.), Fruits of inspiration. Studies in honour of Prof. J.G. de Casparis, retired Professor of the Early History and Archaeology of South and Southeast Asia at the University of Leiden, the Netherlands, on the occasion of his 85th birthday, pp. 373–388. Groningen: Egbert Forsten, 2001. [Gonda Indological Studies 11.] ISBN 90-6980-137-X geb

Pranala njaba[besut | besut sumber]