Honda
| Jinis | Perusahaan publik (TYO: 7267) & (NYSE: HMC) |
|---|---|
| Indhustri | |
| Didirikan | 24 September 1948 |
| Pangadeg | |
| Kantor pusat | Minato, Tokyo, Jepang |
| Daerah layanan | Worldwide |
| Tokoh wigati | |
| Prodhuk | |
| Pametu | |
| Bathi usaha | |
| Laba bersih | |
| Gunggung asèt | ▲ US$ 124.98 Billion (FY 2009)[1] |
| Gunggung ékuitas | ▲ US$ 40.6 Billion (FY 2009)[1] |
| Karyawan | 181,876[2] |
| Anak parusahan | |
| Situs wèb | Honda Worldwide |
Honda Motor Company, Ltd. (Japanese: 本田技研工業株式会社 Honda Giken Kōgyō Kabushiki-gaisha?, Honda Technology Research Institute Company, Limited)
pirengaken (TYO: 7267) inggih menika prodhusèn montor, trek, motor, lan skuter ingkang asalipun saking negri Jepang.[3] Honda wiwit wonten ing tanggal 24 September 1948, déning Soichiro Honda.[3] Honda dados prodhusen montor ingkang paling ageng sadonya wiwit taun 1959. [3] Honda ugi dados prodhusen mesin pembakaran dalam paling ageng sadonya kanthi prodhuksi langkung saking sekawan welas juta saben setunggal taun.[4]
Honda sukses nggeser Nissan minangka prodhusen mobil paling ageng / kathah nomer kalih ing Jepang taun 2001.[5] Honda ugi suksès nggèsèr Chrysler supados dados prodhusèn mobil paling ageng nomer sekawan ing pasar Amérika Sarékat.[6] Samenika, Honda dados pabrikan mobil paling ageng nomer enem sadonya.[4] Taun 2004, Honda sampun mrodhuksi montor diesel, ingkang kaunggulanipun inggih menika boten mbetahaken saringan kagem nglangkungi standar polusi.[4] Honda dados pabrikan Jepang ingkang wiwitan damel mobil mewah kanthi merek Acura kagem mobil mewah ing Amerika Ler.[4] Kaunggulanipun prodhuk Honda inggih menika kiyat lan jarang risak.[4] Mligi ing Indonesia, prodhuk Honda ingkang palung misuwur utawi memasyarakat inggih menika prodhuk montor.[4] Kantor pusat Honda wonten ing Tokyo. Saham Honda dipunsade ing kathah bursa saham, kados Bursa Saham Tokyo, Bursa Saham New York, Osaka, Nagoya, Sapporo, Kyoto, Fukuoka, London, Paris, lan Swiss.[4]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b c d e Breakdown of Honda Corporation's key earnings and income metrics via Wikinvest
- ↑ Company Profile for Honda Motor Co Ltd (HMC). URL diaksès tanggal 2008-09-29
- ↑ a b c (en)Cases in contemporary strategy analysis dipunundhuh tanggal 2 Juli 2011
- ↑ a b c d e f g (en)FIRST MOTORCYCLE AIRBAG EARNS TAKATA AND HONDA 2008 AUTOMOTIVE NEWS PACE INNOVATION PARTNERSHIP AWARD dipunundhuh tanggal 2 Juli 2011
- ↑ (en)Honda overtakes Nissan to become Japan's second-largest carmaker. - Latest Car News from 4Car dipunundhuh tanggal 2 Juli 2011
- ↑ (en)Honda's Dream of U.S. Production Protects Profits as Yen Surges dipunundhuh tanggal 2 Juli 2011
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Pranala njawi
- (en) Situs resmi
- (id) PT. Astra HONDA Motor (sepeda motor)
- (id) PT Honda Prospect Motor (mobil)
- (id) Sajarah Perusahaan Honda
- (en) Temple of VTEC, enthusiast site
- (en) Honda-Tech, technical expertise
- (en) Official automobiles site (US)
- (en) Official motorcycles site (US)
- (en) Official parts and accessories site
- (en) NSX Prime, NSX enthusiast site and technical expertise
- (en) HondaShowOff, enthusiast site
- (en) Honda motorcycle resources, SOHC4 enthusiast site