Minato, Tokyo

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(24 Februari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Minato, Tokyo

Cithakan:Infobox kutha Jepang

Distrik kutha Minato (港区 Minato-ku?) inggih menika salah satunggal saking 23 distrik istimewa ingkang mapan wonten Tokyo kidul-wétan Jepang. Tokyo menika satunggaling prefektur saéngga distrik kutha Minato menika sami kalihan satunggaling kutha. Wonten ing kutha Minato menika wonten papan-papan ing ramé kadosta Odaiba, Roppongi, Shiodome, lan Stasiun Shinagawa ingkang kalebet stasiun sepur (kereta api) Shinkansen.

Kutha menika ramé mawi kantor pusat perusahaan ageng, kedutaan besar, lan perusahaan asing. Pusat perkantoran wonten ing Toranomon, Shinbashi, Shiba. Déné Aoyama lan Akasaka kalebet pusat dagang. Pamukiman mewah wonten ing Azabu lan Shirokanedai, lan pambikakan kawasan énggal dipunwontenaken ing Shiodeome lan Odaiba. Sanajan mapan wonten ing pusat kutha Tokyo, kutha Minato gadhah kawasan taman ingkang wiyar kalebet ing Astana Tōgū, Astana Akasaka (Geihinkan), Taman Shiba, lan kawasan ijo ing Shirokanedai. Ing kutha Minato ugi wonten langkung saking 90 nama papan ingkang ngandhut tembung "saka" (? lerengan, tanjakan).[1]

Bab lan Paragraf

Geografi [sunting]

Lebar kutha Minato saking ler mangidul menika kirang langkung 5,5 km, dene dawanipun kutha saking wétan mangilèn menika kirang langkung 6,6 km.[1] Ing sisih wetan kutha Minato winatesan kalihan Teluk Tokyo. Ing pucuk sisih lèr, kutha menika winatesan kalihan kutha Chūō, sisih ler winatesan kalihan Chiyoda lan Shinjuku. Ing sisih kulon kutha menika winatesan kalihan kutha Shibuya, kidul kalihan kutha Shinagawa, lan ing sisih wétan kalihan kutha Koto.

Sajarah [sunting]

Kutha Minato dipunbentuk nalika tanggal 15 Maret 1947 saking asling panggabungan distrik Akasaka, Azabu, lan Shiba.[2] Lambang distrik kutha Minato dipuntetepaken ing tanggal 30 Juli 1949, arupi aksara hiragana kangge "mi" (?) ingkang mapan ing tengahing bunderan.[3]

Transportasi [sunting]

Sepur (Kereta api) [sunting]

Pendidikan [sunting]

Perguruan tinggi [sunting]

Sekolah Menengah Atas [sunting]

Negeri [sunting]

Prefektur [sunting]

Swasta [sunting]

Papan kelairan [sunting]

Kulawarga kekaisaran [sunting]

Politikus [sunting]

Ilmuwan [sunting]

Budayawan [sunting]

Artis [sunting]

Atlet [sunting]

Budaya lan seni [sunting]

Ing kutha Minato wonten Sengaku-ji (makam 47 ronin), dan Zōjō-ji ingkang kalebet kuil kulawarga klan Tokugawa. Kutha Minato mapan wonten ing pinggiran kutha Edo. Rumiyin, daimyo ingkang makarya ing ibukota damel kawasan menika minangka papan kanggé mbangun vila. Kejawi Aula Suntory ingkang asring dados papan konsèr musik klasik, kutha Minato gadhah Muséum Seni Suntory, Pusat Seni Nasional Tokyo, Muséum Seni Teien Tokyo Metropolitan, lan Muséum Seni Nezu.

Papan pariwisata [sunting]

Kaéndahan distrik kutha Minato

Media massa [sunting]

Stasiun televisi [sunting]

Sedaya jaringan TV swasta Jepang mawi kantor pusat ing Minato-ku.

Stasiun radio [sunting]

Surat kabar [sunting]

Cathetan suku [sunting]

Pranala njawi [sunting]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Minato, Tokyo ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Minato,_Tokyo&oldid=836962"