Robot

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Robot

Robot yaiku piranti mékanik kang bisa nglakokaké tugas kanthi nggunakaké pangawasan kontrol manungsa utawa nggunakaké program kang wis digawé kanthi dirancang dhisik.[1] Robot biyasané kanggo nglakokaké tugas kang abot kang ora bisa dilakoni manungsa.[1] Saliyané abot pagawéyan kang dilakokaké robot uga mbebayani, dibolan-balèni, lan rusuh. Robot biyasané digunanaké ing industri. [1]Ing bidhang industri robot biyasané dianggo ing bidhang prodhuksi.[1] Robot ing industri uga nduwéni tugas ngresiki limbah kang nduwéni sifat racun, panjelajahan ing jero banyu utawa ing luar angkasa, ing tambang, search and rescue, lan kanggo luru hasil tambang.[1] Robot uga kena kanggo hiburan, pranti kanggo ngresiki omah kayata kanggo ngresiki awu, lan ngetoki suket.[1]

[2]Saliyané iku robot uga manut nalika dikongkon.[2] Ing jaman kang teknologi lan ilmu kang ngrembaka kanthi cepet bakal dirancang robot-robot kanggo nggampangaké tugasé manugsa.[2] Robot uga ana kang bisa numpak montor. [2]Nalika nggawé robot mbutuhaké ancangan kang bener saéngga robot bisa nglakoni apa kang wis diprogramaké.[2] Kayata nalika robot dirancang kanggo mlayu aja nganti robot malah mlaku.[2] Apamanéh nalika robot nggarap tugas kang penting lan mbebayani, nalika salah program bakal nggawé rusak pagawéyan kang digarap.[2] Nggawé robot mbutuhaké akéh alat éléktronik lan komputer kanggo mrogram. Robot uga ora kena digawé sembarang wong, wong kang nggawé robot yaiku ahli khusus kang nduwéni kawruh kang mumpuni ing teknologi lan éléktro.[2]

[sunting] Jinis robot

Robot nduwéni werna-werna konstruksi.[2]


[sunting] Chatetan suku

  1. a b c d e f (en)robots-dreams.com(dipunundhuh tanggal 11 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i (en)newscientist.com(dipunundhuh tanggal 11 Juni 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Robot&oldid=665329"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès