Formula Siji
|
Fernando Alonso jroning babak kwalifikasi nganggo montor Renault ing Grand Prix F1 Amérika Sarékat 2005
|
||||
|
Formula Siji, dicekak F1 (utawa jeneng pepak The FIA Formula One World Championship), iku kelas balapan montor formula kursi tunggal sing paling dhuwur. Dumadi saka sawetara seri balapan sing dikenal kanthi istilah Grand Prix. Balapan dianakaké ing sajroning sirkit utawa dalan umum jero kutha sing ditutup kanggo umum. Asilé nemtokaké rong gelar juwara donya, siji kanggo pembalap lan siji manèh kanggo konstruktor. Jroning balapan, montor balap bisa nganti kacepetan 300 km/h (185 mph) sing diasilaké déning mesin sing bisa ngancik tenaga sing gedhéné 900 daya kuda ing puteran mesin watara 18.000 rpm (per 2005).
Eropah iku pusat tradhisi Formula Siji lan tetep dadi pusaté nganti saiki. Nganti wektu iki Grand Prix wis dianakaké ing saindhenging donya, kanthi seri balapan anyar ing Bahrain, RRC, Malaysia lan Turki. Formula Siji iku balap montor paling larang ing babagan produksi apadéné olahragané.
Aturan main ditata déning Fédération Internationale de l'Automobile (FIA), sing markasé dumunung ing Place de la Concorde, Paris. Presidené sing saiki yaiku Max Mosley, lan sacara umum disponsori lan diatur déning pemegang hak komersial resmi Bernie Ecclestone liwat manéka prusahaan.
Deleng uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (en) Formula1.com — Situs resmi Formula One Management; berisi jadwal, statistik, hasil lomba, dan berita.
- (en) Current regulations Regulasi-regulasi yang sekarang berlaku.
- (en) GrandPrix.com — Berita F1 dan ensiklopedia Grand Prix.
- (en) ITV.com/f1 — Berita, foto dan komentar.
- (en) Pitpass — Berita-berita.
- (en) Planet-F1
- (en) Formula 1 Review
- (en) F1DB — Basisdata dan statistik F1.
|
||||||||||||||||||||||||||||