Aksara Sundha
Aksara Sundha (ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ) iku ngrujuk ing sawijining sistim panulisan kasil karya bangsa Sundha kanggo nulisaké basa Sundha. Aksara Sunda iku ngrujuk ing aksara Sundha Kuna sing dienggo saka abad kaping 14 nganti tekan abad kaping 18.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Saliyané nganggo aksara Sundha Kuna, bangsa Sundha tau ngerti lan nganggo sistém aksara liyané, antarané
- aksara Pallawa utawa aksara Pra-Nagari sing dienggo kanggo nulisaké basa Sangskreta, dienggo nganti ing abad kaping 7,
- aksara Sundha Kuna sing diturunake saking aksara Pallawa.
- aksara Cacarakan utawa aksara Jawa, secara umum barengan karo lebuné agama Islam lan budayan Jawa menyang Cerbon (abad kaping 16) lan Priangan (abad kaping 17),
- aksara Pegon, utamané ing lingkungan pasantrén, kanggo nyebar ajaran Islam saka Donya Arab,
- aksara Latin, diwiwiti dienggo ing pungkasané abad kaping 19, dikenalaké déning penjajah Walanda.
Sacara resmi, pamaréntah Jawa Kulon ngetokaké Perda taun 2003 kanggo ndukung aksara Sunda bèn isa dienggo sedina-dina.[1]
[sunting] Komputerisasi
Komputerisasi aksara Sundha nalika metuné publikasi resmi aksara Sundha saking Pamaréntah Jawa Kulon. Conto pisanané "Aksara Pakuan" ing bentuk OTF.
Liyané saka aksara kasebut, ing wulan Januari 2006, proposal kanggo kodhifikasi Aksara Sundha ing format Unicode wis dikirimaké menyang konsorsium Unicode [2]. Prosès iki bakal mlaku suwéné rong taun. Diarepaké ing taun 2008, aksara Sundha wis bisa mlebu ing susunan Unicode vèrsi 5.0.
[sunting] Susunan Aksara Sundha
Aksara Sundha bisa dipérang dadi sawetara komponèn, antarané:
- aksara nglegena (aksara wyanjana)
- aksara swara
- sandhangan swara
- paugeran tandha waca
- angka
[sunting] Aksara nglegena
[sunting] Aksara swara
[sunting] Sandhangan swara
[sunting] Angka
[sunting] Conto panganggonané
[sunting] Asmarandana
[sunting] Ladrang
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ Dangiang Aksara Sunda, pirsanana filsafat Abah Surya ngenani aksara Sunda ing Sundanet.com
- ↑ http://std.dkuug.dk/jtc1/sc2/wg2/docs/n3022.pdf





