Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Hanja (sacara harafiah: aksara Han), utawa Hanmun (한문; 漢文), sing kadhangkala diterjemahaké dadi aksara Tiongkok-Koréa, iku sebutan marang aksara Cina (Hanzi) jroning basa Koréa, ananging sacara spésifik ngarujuk marang aksara-aksara sing disilih déning basa Koréa lan didadèkaké bagéan saka basa kasebut liwat ngganti pangucapan.
Béda karo Kanji jroning basa Jepang sing wis ngowahi lan mrasajakaké akèh karakter (aksara), Hanja mung ora béda saka Hanzi wangun tradhisional senadyan ana sebagéan saka aksara standar Hanja arupa varian Hanzi sing uga ditemokaké jroning aksara Kanji standar.