Basa Jepang

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Basa Jepang (日本語 [Nihongo])
Negara/Negari: Jepang, Guam, Kapuloan Marshall, Palau, Taiwan
Tlatah: Asia Timur, Oseania
Cacah Panutur: 127 juta
Urutan kaping: 8
Rumpun basa: Ora diklasifikasi

 Jepanik
  Jepang

Status Resmi
Basa resmi ing: Jepang (de facto), Angaur (Palau)
Akadhémi Basa: Pamaréntah Jepang
Kodhe Basa
ISO 639-1 ja
ISO 639-2 jpn
SIL JPN

Basa Jepang Swara rungokna (日本語; romaji: Nihongo) iku basa resmi ing Jepang lan cacahing penutur 127 yuta jiwa.

Basa Jepang uga dipigunakaké déning sawetara pedunung negara sing tau ditaklukaké kaya Koréa lan Republik Cina. Basa iki uga bisa dirungokaké ing Amérika Sarékat (California lan Hawaii) lan Brasil akibat emigrasi wong Jepang mrana. Nanging katurunan wong Jepang sing diarani nisei (二世, generasi kaloro), wis ora fasih basa kasebut.

Basa Jepang kapérang rong wangun yaiku Hyoujungo (標準語), pertuturan standar, lan Kyoutsugo (共通語), pertuturan umum. Hyoujungo kuwi wangun sing diajaraké ing sekolah lan dipigunakaké ing televisi lan kabèh hubungan resmi.

Bab lan Paragraf

[sunting] Lafas vokal

Japanese (standard) vowels.png

Basa Jepang nduwèni 5 huruf vokal yaiku /a/, /i/, /ɯ/, /e/, dan /o/.

Lafaz vokal basa Jepang mèmper basa Indonesia. Contoné:

  • /a/ kaya "bapa"
  • /i/ kaya "ibu"
  • /u/ kaya "urut"
  • /e/ kaya "esok"
  • /o/ kaya "obor"

[sunting] Tulisan basa Jepang

Tulisan basa Jepang asalé saka tulisan basa China (漢字/kanji) sing dikenalaké ing abad kapapat Masehi. Sadurngé kuwi, wong Jepang ora duwé sistem panulisan dhéwé.

Tulisan Jepang kabagi telu:

Kaloro aksara pungkasan iku biasa disebut kana lan kaloroné kena pengaruh fonetik basa Sansekerta. Bab iki isih bisa didelelng jroning urutan aksara Kana. Saliyané kuwi, ana uga sistem alihaksara sing disebut romaji.

Basa Jepang sing kita kenal saiki iki, ditulis nganggo kombinasi aksara Kanji, Hiragana, lan Katakana. Kanji dianggo kanggo nyatakaké makna dhasar saka tembung (arupa tembung aran, tembung kriya, tembung sipat, utawa tembung sandhangan). Hiragana ditulis sawisé kanji kanggo ngowahi makna dhasar saka tembung kasebut, lan nyesuaiaké karo paugeran paramasastra basa Jepang.

[sunting] Kana

Artikel utama: Hiragana dan Katakana

Aksara Hiragana lan Katakana (kana) nduwèni urutan kaya ing ngisor iki, nduwé 46 set aksara. Kaloroné (Hiragana lan Katakana) ora nduwèni makna apa-apa, kayadéné abjad jroning Basa Indonesia, mung nglambangaké sawijining uni tinamtu, senadyan ana uga tembung-tembung jrning basa Jepang sing dumadi saka siji 'suku kata', kayata me(mata), ki (wit) ni (loro), lsb. Abjad iki diajaraké ing tataran pra-sekolah (TK) ing Jepang.

[sunting] Pranala jaba

Wiktionary-logo-en.png
Pirsani informasi ngenani Basa Jepang ing KamusWiki.


Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Basa_Jepang"
Basa liyane