Aksara Buda
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sawijining naskah lontar djroning aksara Buda
Aksara Buda utawa Aksara Gunung iku sajinis Hanacaraka sing arkhais. Aksara iki biyèn dipigunakaké ing Pulo Jawa. Jinis aksara iki dijenengaké aksara Buda amarga dianggep asal saka zaman pra-Islam sing jroning basa Jawa disebut minangka Jaman Buda. Tembung Buda adhedhasar tembung Buddha. Naskah-naskah sing isi tulisan nganggo aksara Buda biasa ditemokaké ing dhaérah pagunungan. Amarga saka kuwi jinis aksara iki uga disebut kanthi istilah "Aksara Gunung".