Aksara Nusantara

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Aksara Nusantara iku menéka warna aksara/tulisan sing naté digunakaké ing Nusantara sadurungé dikenal aksara arab lan aksara latin. Seka runutan sing bisa digayuh, para leluhur bangsa Indonesia migunakaké aksara-aksara iku digunakaké nganti abad ka-4, kanthi ngrujuk marang tinggalan prasasti-prasastri lan naskah karajan sing wis liwat.

Bab lan Paragraf

[sunting] Bebuka

Aksara-aksara Nusantara mujudaké turunan seka Aksara Pallawa sing ngrembaka ing India sisih kidul. Aksara Pallawa dhéwé mujudaké turunan seka Aksara Brahmi. Aksara Brahmi iki cikal bakalé kabèh aksara ing wewengkon Asia Kidul lan Asia Tenggara.

Bukti paling tuwa ngenani anané Aksara Nusantara iku arupa pitung yupa (saka watu kanggo nyencang tali sapi) sing ana tulisan prasasti ngenani upacara ‘’waprakeswara’’ sing diadani dèning Mulawarmman, Raja Kutai ing wewengkon (saiki) Kalimantan Wétan. Tulisan ing yupa kuwi migunakaké Aksara Pallawa kanthi basa Sansekerta. Adhedasar pratijo marang wujud aksarané, para ahli purbakala nyipati yèn yupa iku digawé abad ke-4.

Aksara-aksara Nusantara iku dhéwé wis nyedhaki ilang lan ora naté kanggo urip padinan. Sawetara pamarintah daerah nyoba nglestarèkaké tinggalan kabudayan iku.

[sunting] Aksara Nusantara Asli

Jaman Klasik :

Jaman Pertengahan :

Jaman Kolonial :

Zaman Modern :

[sunting] Owah-owahan Aksara Pallawa dadi Aksara Nusantara

Owah-owahan aksara Pallawa (kolom paling kiwa) dadi sawetara aksara Nusantara. Kolom ke-wolu iku aksara Jawa modern (hanacaraka), kolom ke-sanga iku aksara Bali modern, lan kolom paling tengen iku aksara Bugis (lontara).


[sunting] Variasi

Manut ilining jaman, budaya, lan basa masyarakat, aksara pancèn jamak ngalami owah-owahan wujud, jumlah, lan unèn-unèné. Owah-owah mau tetep ora ngowahi yèn terus dadi aksara anyar. Upamané, aksara arab sing digunakaké kanggo nulis Basa Arab mung béda sithik karo aksara arab sing kanggo nulis basa Melayu. Mula saka kuwi, dadiné akèh variasiné.

Ana sawetara variasi Aksara Nusantara, antara liya:

  • Variasi Aksara Kawi (Aksara Jawa Kuna)
    • Aksara Kayuwangi : Aksara iki mujudaké Aksara Kawi sing ditulis kanthi rupa bunder miring. Disebut Aksara Kayuwangi amarga variasi iki akèh ditemoni ing prasasti seka sadurungé lan nganti jaman pamaréntahan Rakai Kayuwangi, Raja Mataram (855885). Sawetara ahli epigrafi, variasi iki dianggep variasi aksara Kawi paling endah.
    • Aksara Kuadrat : Aksara iki mujudaké Aksara Kawi sing ditulis rupa aksara sing kothak. Mula saka kuwi aksara iku dijenengi kuadrat. Variasi iki akèh ditemoni ing ing prasasti jaman Karajan Kadhiri lan Karajan Singasari.
    • Aksara Majapahit : Aksara iki mujudaké Aksara Kawi sing saben aksarané ditulis kanthi akèh kembangan saéngga ana kalané dadi angel diwaca. Aksara iki akèh tinemon ing jaman Karajan Majapahit.
  • Variasi Aksara Batak
    • Aksara Toba : Variasi iki mujudaké Aksara Batak kanggo nulis basa Toba.
    • Aksara Karo : Variasi iki mujudaké Aksara Batak kanggo nulis basa Karo.
    • Aksara Dairi : Variasi iki mujudaké Aksara Batak kanggo nulis basa Dairi.
    • Aksara Simalungun : Variasi iki mujudaké Aksara Batak kanggo nulis basa Simalungun.
    • Aksara Mandailing : Variasi iki mujudaké Aksara Batak kanggo nulis basa Mandailing.
  • Variasi Aksara Lampung/Ulu
    • Aksara Ulu kanggo nulis basa pocapan Pasemah
    • Aksara Ulu kanggo nulis basa pocapan Serawai
    • Aksara Ulu kanggo nulis basa pocapan Lembak
    • Aksara Ulu kanggo nulis basa pocapan Rejang
  • Variasi Aksara Jawa
    • Aksara Jawa kanggo nulis basa Jawa Anyar.
    • Aksara Jawa kanggo nulis basa Jawa Kuna.
    • Aksara Jawa kanggo nulis basa Jawa pocapan Banten.
    • Aksara Jawa kanggo nulis basa Jawa pocapan Cirebon.
    • Aksara Jawa kanggo nulis basa Sunda / Aksara Sunda Cacarakan.
  • Variasi Aksara Bali
  • Variasi Aksara Lontara
    • Aksara Bugis : Variasi iki arupa Aksara Lontara kanggo nulis basa Bugis.
    • Aksara Makassar : Variasi iki arupa Aksara Lontara kanggo nulis basa Makassar.



 
 
 
 
 
 
Brahmi
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
India
Utara
 
 
 
India
Selatan
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Pranagari
 
Nagari
 
Pallawa
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Kawi
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Buda
 
Jawa
 
Bali
 
Proto-Sumatra
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Batak
 
Kaganga
 
Bugis
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
 
Baybayin
 
Silsilah Aksara Nusantara "Asli"


[sunting] Aksara Liyané


[sunting] Delengen uga

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Aksara_Nusantara&oldid=481810"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès