Wong Zaza

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Wong Kurdhi Zaza ing Diyarbakir (Kurdhistan)

Wong-wong Zaza (uga karan Kird, Kirmanc utawa Dimili)[1][2] ya iku wong-wong ing Anatolia Wétan sing basa asliné basa Zaza. Punjering tanah wutah getihé wong Zaza, wewengkon Dersim, dumadi propinsi Tunceli, Bingöl lan péranganing propinsi Elazığ, Erzincan lan Diyarbakır. Akèh-akèh'é wong-wong Zazas nganggep awaké dhéwe minangka étnis Kurdhi, bagéyan saka bangsa Kurdhi,[3][4][5][6] lan asring cinandra minangka Kurdhi Zaza.[2][7][8][9]

Étnogénésis[besut | besut sumber]

Sanajan akèh ahli basa sarujuk yèn basa Zaza iku dudu sawijining dhialèk Kurdhi nanging basa swatantra kaya Gilaki, para ahli basa uga sarujuk marang kasunyatan yèn wong Zaza lan wong Kurdhi iku étnisé lan budayané gegandhèngan. Ludwig Paul uga mratèlaké yèn perkara étnokulural dadi faktor sing nemtokaké jatidhiri étnis para nutur basa Zaza.[8][10] Dudutané lapuran ngélmiah ngenani wong Zaza ya iku yèn wong Zaza iku génétiké mèmper karo wong Kurdhi.[11]

Wod sujarahing wong Zaza[besut | besut sumber]

Kajian basa nuduhaké yèn wong Zaza ayaké migrasi menyang tanah wutah getihé sing saiki saka pesisir Kidul saka Laut Kaspia. Sawenèh wong Zaza nganggo tembung (Daylami) kanggo nyandra jati dhiri bangsané. Tembung Dimli (Daylami) uga nyandra wewengkon Propinsi Gilan Iran saiki. Sawenèh ahli basa nggayutaké tembung Dimli karo Daylamites ing Pagunungan Alborz sacedhaké pesisir Laut Kaspia ing Iran lan pitaya yèn para Zaza iku uwis migrasi saka Daylam tumuju pérangan Kulon. Ing wektu iki, basa Irania isih dituturaké ana ing wewengkon Kiduling Laut Kaspia (uga karan basa Kaspia), sing kalebu Sangsari, Mazanderani, Tati, Semnani, lan Talysh, sing paramasastrané lan tetembungané caket karo Zaza; bab iki nyengkuyung panemu yèn para Zazas migrasi menyang Anatolia Kidul saka wewengkon Kiduling Laut Kaspia.[12]

Basa[besut | besut sumber]

Zazaki ayaké asal mulané saka Iran Lor, saka wewengkon historis "Deylamān" ana ing Laut Kaspia, ing propinsi saiki ya iku Gīlān. Ing wektu iki basa Irania isih dituturaké ana kana (uga karan dhialèk Kaspia) kaya déné Sangsarī, Māzandarānī, Tātī (Herzendī), Semnānī, Tāleshī sing miturut paramasastrané luwih caket karo Zazaki tinimbang basa Kurdhi. Saliyané basa Balochi sing dicaturaké ing Balochistan, basa Gōrānī sing dicaturaké ing papan-papan kapecil ing Iran lan Mésopotamia duwé gegandhèngan linguistik sing caket karo basa Zazaki.[13]

Tetélan kawitan sing katulis abasa Zaza diimpun dening ahli basa Peter Lerch ing taun 1850.[14] Suwalapatra liyané cacah loro ya iku seratan ngenani bab agama (Mewlıd) saka Ehmedê Xasi ing 1899,[15] lan saka Usman Efendiyo Babıc (dibabar ing Damaskus ing taun 1933); karya cacah loro iki ditulis migunakaké aksara Arab.[16] Negara pérangan sing nduwé TRT Kurdî nyiaraké acara tivi abasa Zaza.[17]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ AMONG SOCIAL KURDISH GROUPS – GENERAL GLANCE AT ZAZAS
  2. ^ a b Kird, Kirmanc Dimili or Zaza Kurds, Deng Publishing, Istanbul, 1996 by Malmisanij
  3. ^ Arakelova, Victoria (1999). "The Zaza People as a New Ethno-Political Factor in the Region": 397. JSTOR 4030804. 
  4. ^ Kehl-Bodrogi; Otter-Beaujean; Barbara Kellner-Heikele (1997). Syncretistic religious communities in the Near East : collected papers of the international symposium "Alevism in Turkey and comparable syncretistic religious communities in the Near East in the past and present", Berlin, 14-17 April 1995. Leiden: Brill. k. 13. ISBN 9789004108615. 
  5. ^ Kehl-Bodrogi, Krisztina (October 1999). "KURDS, TURKS, OR A PEOPLE IN THEIR OWN RIGHT? COMPETING COLLECTIVE IDENTITIES AMONG THE ZAZAS". The Muslim World 89 (3-4): 442. doi:10.1111/j.1478-1913.1999.tb02757.x. 
  6. ^ Nodar Mosaki (14 March 2012). "The zazas: a kurdish sub-ethnic group or separate people?". Zazaki.net. Dijupuk 11 August 2015. 
  7. ^ Taylor, J. G. (1865). "Travels in Kurdistan, with Notices of the Sources of the Eastern and Western Tigris, and Ancient Ruins in Their Neighbourhood". Journal of the Royal Geographical Society of London 35: 39. doi:10.2307/3698077. 
  8. ^ a b van Bruinessen, Martin. "The Ethnic Identity of the Kurds in Turkey" (PDF): 1. Dijupuk 23 June 2015. 
  9. ^ Özoğlu, Hakan (2004). Kurdish notables and the Ottoman state : evolving identities, competing loyalties, and shifting boundaries. Albany: State University of New York Press. ISBN 0-7914-5993-4. 
  10. ^ Köhler, herausgegeben von Bärbel (1998). Religion und Wahrheit : religionsgeschichtliche Studien : Festschrift für Gernot Wiessner zum 65. Geburtstag. Wiesbaden: Harrassowitz. kk. 385–399. ISBN 3447039752. 
  11. ^ Nasidze, Ivan; Quinque, Dominique; Ozturk, Murat; Bendukidze, Nina; Stoneking, Mark (July 2005). "MtDNA and Y-chromosome Variation in Kurdish Groups". Annals of Human Genetics 69 (4): 401–412. doi:10.1046/j.1529-8817.2005.00174.x. PMID 15996169. 
  12. ^ Sims-Williams, ed. by Nicholas (1998). Old and middle Iranian studies (PDF). Wiesbaden: Reichert. kk. 163–177. ISBN 9783895000706. Dijupuk 23 June 2015. 
  13. ^ [1]
  14. ^ J.A. Lerch, Peter. "Forschungen über die Kurden und die Iranischen Nordchaldaer" (PDF) (ing German). Dijupuk 27 April 2015. 
  15. ^ Mela Ehmedê Xasî.; Mihanî. (1994). "Mewlûdê nebî". OCLC 68619349. Dijupuk 23 June 2015. 
  16. ^ Shoup, John A. (2011). Ethnic groups of Africa and the Middle East an encyclopedia. Santa Barbara, Calif.: ABC-CLIO. ISBN 9781598843637. 
  17. ^ "Playing Kurdish card". Hurriyet. Dijupuk 28 April 2015.