Wong Simeulue
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
53.500[1] | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Indonésia (Pulo Simeulue, Kapuloan Banyak lan Pulo Babi ing Kabupatèn Simeulue, Acèh) | |
Basa | |
Basa Simeulue, Basa Indonésia | |
Agama | |
Islam | |
Golongan ètnik magepokan | |
Wong Sigulai, wong Niyas |
Wong Simeulue (aran liyané: Simalur, Simeuloë, Simulul, Long Bano, lan Devayan) iku wong baku kang manggoni Pulo Simeulue, kang kapernah ing kulon Pulo Sumatra.[2] Wong Simeulue lumrahé tinemu ing Kacamatan Teupah Kulon, Simeulue Wétan, Simeulue Tengah, Teupah Kidul, lan Teluk Dalam. Wong Simeulue guneman basa Simeulue, ya iku basa saka kulawarga basa Sumatra Lor-Kulon lan Nusa Wates kang gegayutan cedhak karo basa Sikule (kang uga kaguneman ing Pulo Simeulue) lan basa Niyas (kang kaguneman ing Pulo Niyas ing kapernah ing sacedhaké Pulo Simeulue. Basa Simeulue saiki olèh akèh prabawa basa Acèh lan basa Malayu.[3]
Wong Simeulue wiwit kasuwur ing sajagat amarga akèh banget wargané kang bisa slamet nalika kalakon lindhu lan tsunami gedhé ing Sagara Indhi ing taun 2004. Akèhing warga kang slamet amarga isih padha nggugu adat lan sajarah lésan. Sadurungé, ing taun 1908, tsunami kalakon ing Pulo Simeulue. Pitutur-pitutur ing kono nyaritakaké bab lelakon tsunami iku supaya padha prastawa tumrap bebaya kang padha ing tembé buri.[4] Saka 78.000 gunggung wargané, mung wong 7 kang nemahi pati nalika kalakon tsunami ing surya 26 Dhésèmber 2004.[5][6]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Simeulue in Indonesia". Joshua Project. Dibukak ing 2014-10-15.
- ↑ "Simeulue". Ethnologue. Dibukak ing 2014-10-15.
- ↑ Arndt Graf; Susanne Schroter; Edwin Wieringa (2010). Aceh: History, Politics and Culture, Volume 9. Institute of Southeast Asian. ISBN 978-981-4279-12-3.
- ↑ Syafwina (2013). "Recognizing Indigenous Knowledge for Disaster Management: Smong, Early Warning System from Simeulue Island, Aceh". Procedia Environmental Sciences. 20: 573–582. doi:10.1016/j.proenv.2014.03.070.
- ↑ Ashbindu Singh; Zinta Zommers (2014). Reducing Disaster: Early Warning Systems for Climate Change. Springer. ISBN 978-94-017-8598-3.
- ↑ Margie Mason (2005). "Islanders remembered stories of 1907 tsunami". The Seattle Times. Dibukak ing 2015-01-09.
Artikel bab Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |