Utuy Tatang Sontani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Utuy Tatang Sontani (Cianjur, 1 Mèi 1920 - Moskwa, 17 September 1979) punika sastrawan Angkatan 45 ingkang pinunjul.

Karyanipun ingkang kapisan inggih punika Tambera (versi basa Sunda 1937) satunggiling novèl sajarah ingkang kadadosanipun wonten ing Kepulauan Maluku ing abad ka-17. Novèl punika dipunamot wonten ing koran laladan basa Sunda Sipatahoenan lan Sinar Pasundan. Salajengipun Utuy nerbitaken kempalan cariyos cekak Orang-orang Sial (1951), ingkang dipunterasaken déning cariyos-cariyos lakonipun ingkang andmel piyambakipun dados misuwur. Lakon kapisan inggih punika (Suling lan Bunga Rumah Makan, 1948) dipunserat kados déné lakon biyasa dipunserat, ananging piyambakipun lajeng nemokaken cara nyerat lakon ingkang unik, saéngga dados cariyos ingkang sekéca dipunwaos. Ing antawis lakon-lakonipun ingkang misuwur inggoh punika Awal dan Mira (1952), Sajang Ada Orang Lain (1954), Di Langit Ada Bintang (1955), Sang Kuriang (1955), Selamat Djalan Anak Kufur (1956), Si Kabajan (1959), dan Tak Pernah Mendjadi Tua (1963).

Kasèrèt arus pulitik jaman[besut | besut sumber]

Utuy dipunutus déning pamaréntah Indonésia ing taun 1958 minangka salah satunggiling wakil Indonésia wonten ing Konferensi Pengarang Asia-Afrika ingkang dipunwontenanken ing kitha Tashkent, Uzbekistan. Nalika gayutan pulitik Indonésia-Uni Soviet tansaya saé, kathah karya pengarang Indonésia ingkang dipunterjemahaken kan dipunditerbitaken ing basa Ruslan, klebet ugi karya Utuy, "Tambera", ingkang dipunanggep nggambaraken semangat révolusi lan perjuangan rakyat. Sementawis, "Orang-Orang Sial", namung dipunterbitaken ing Tallinn, nganggé basa Estonia, amargi dipunanggep pesimistik lan namung ngungkapaken sisih awon satunggiling révolusi.

Wonten ing 1 Oktober 1965 Utuy sesarengan kaliyan sawatawis pengarang lan wartawan Indonésia angrawuhi undangan pamaréntah Tiongkok kanggé karaméan 1 Oktober ing Beijing. Pecahipun G30S ing taun 1965 ing Indonésia andadosaken Utuy lan rerèncanganipun kalunta-lunta ing manca nagari. Wangsul dhateng Indonésia kawatos manawi dipuntangkep lan dipunsangka ndhèrèk G30S, sepertos ingkang dipunalami déning kanc-kancanipun. Situasi tansaya angèl nalika ing RRT piyambak pecah Revolusi Kebudayaan ing taun 1966. Sapérangan tiyang Indonésia ingkang terdampar wonten ing Tiongkok wusananipun mutusaken ngantunaken nagari punika lan pindhah dhateng Éropah Barat kanthi numpang sepur Trans Siberia. Sapérangan penumpang mandhap ing Moskwa, kalebet Utuy lan sawetwis réncangipun, Kuslan Budiman, Rusdi Hermain, lan Soerjana, wartawan Harian Rakjat.

Pindah dhateng Moskwa[besut | besut sumber]

Karawuhan Utuy ing Moskwa taun 1971 dipunsambut déning pamaréntah Uni Soviet lan masarakat ilmiah ing mrika, mliginipun amargi nami Utuy sampun kaloka sanget déning karya-karya lan kahadiranipun wonten ing Konferensi Pengarang Asia-Afrika taun 1958. Utuy dipunsuwun ngajar Basa lan Sastra Indonésia ing Moskwa. Salami wonten ing Moskwa piyambakipun ngasilaken sawatawis karya tulis, sakirang kirangipun sekawan novèl lan tiga otobiografi ngatos sédanipun taun 1979 ing Moskwa. Salah satunggil novelipun ingkang dipunserat lan dipunterbitaken ing Moskwa inggih punika Kolot Kolotok. Novèl punika namung dipuncithak sakedhik, namung kanggé bahan studi ing Jurusan Indonésia, Universitas Nagara Moskwa. Manawi Di Bawah Langit Tak Berbintang punika satunggiling memoar lan otobiografi ingkang isi pengalaman gesang ing pengasingan ing nagari RRT lan Ruslan. Minangka pakurmatan, nalika kapundhut, piyambakipun dipunsarèaken wonten ing pemakaman Islam kapisan ing Moskwa.

Karya[besut | besut sumber]

Drama:

Karya-karya Utuy ugi dipunterjemahaken dhumateng basa-basa Inggris, Mandarin, Tagalog, lan sanès-sanèsipun. Wonten ing jaman Orde Baru, sami sareng para juru nulis sanèsipun ingkang pikantuk stigma kuminis, karya-karya Utuy dipunlarang édar déning pamaréntah.

Ugi Pirsani[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]