Taqiyyuddin An Nabhani

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Taqiyyuddin An Nabhani (1914 – 11 Dhésèmber 1977) ya iku pelopor saka anané Hizbut Tahrir.[1]

Lair[besut | besut sumber]

Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani lair ing Ijzim, tlatah Haifa.

Jeneng lan Nasab[besut | besut sumber]

Jeneng jangkepé ya iku Muhammad Taqiyuddin bin Ibrahim bin Musthafa bin Ismail bin Yusuf an-Nabhani.[2]

Gelar Âan-nabhani dinisbataké kanggo kabilah Bani Nabhan, wong Arab ing padang sahara ing Palèstina kang padha manggon ing tlatah Ijzim, Haifa ing Palestin Lor.[3]

Bapaké ya iku guru ngèlmu-ngèlmu saréngat di Kementerian Pendhidhikan Palèstina.[3]

Perkembangan[besut | besut sumber]

Pendhidhikan kawiwitan kang ditampa saka bapaké, dhèwèké wis apal Quran sakdurungen umur 13 taun. Dhèwèké uga éntuk piwulangan fikih lan basa Arab.[4] Dhèwèké namatake SD ing désane. Ibuné uga nguwasani cabang ngèlmu saréngat saka simbahe ya iku Syaikh Yusuf an-Nabhani.[4] Dhèwèké uga diopeni déning simbahé, Syaikh Yusuf bin Ismail bin Yusuf bin Ismail bin Hasan bin Muhammad Nashiruddin an-Nabhani; sawijining qadhi, penyair, sastrawan, lan ulama gedhé. Dhèwèké ngangsu kawruh babagan pulitik saka simbahe amarga simbahe tau ngalami langsung jaman penguwasa Utsmaniyah. Dhèwèké uga kerep mèlu sesorah lan dhiskusi karo mbahe.[5] Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani sakawit cilik wis tansah raket karo babagan-babagan pulitik. Kabèh mau duwé prabawa marang awake dhèwèké. Weruh kaanan iki, simbahe ngongkon bapaké supaya ngirim Taqiyuddin marang Al-Azhar kanggo nerusaké nyinaoni ngèlmu-ngèlmu saréngat.[1]

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani namatake pendhidhikan dhasar ing sekolah dhasar nagari ing Ijzim. Dhèwèké banjur nerusaké menyang sekolah menengah ing Akka. Banjur nerusaké ing Tsanawiyah Syariah ing Haifa. Sadurungé ngrampungaké, dhèwèké pindhah menyang Kairo; nerusaké ing Tsanawiyah al-Azhar (padha SMU) taun 1928. Ing taun iku uga dhèwèké éntuk ijazah. Banjur dhèwèké nerusaké menyang Kulliyah Dar al-Ulum ya iku al-Azhar lan ing wektu kang padha dhèwèké uga kuliyah ing Universitas al-Azhar.[2]

Kanthi sistem al-Azhar wektu iku, mahasiswa bisa milih syaikh al-Azhar lan nekani halaqah-halaqah basa Arab, fikih, ushul fikih, tapsir. hadis, tauhid, dan ngèlmu-ngèlmu saréngat lainnya. Nalika iku Saikh Taqiyuddin an-Nabhani milih lan mèlu halaqah syaikh al-Azhar kaya kang disaranake déning mbahe, Syaikh Yusuf an-Nabhani; ing antarané mèlu halaqah Syaikh al-Hidhir (al-Akhdar) Husain.[5]

Taun 1932 dhèwèké lulus saka Kulliyah Dar al-Ulum lan namatake sekolahé ing al-Azhar as-Syarif.[4]

Saksuwenen sinau ing 2 Universitas dhèwèké ketok cerdhas lan tenanan. Dhèwèké kawentar wong kang duwé pamikir kang jero, penemu kang kuwat, lan argumentasi kang kuwat saben dhiskusi lan forum pamikir; dhèwèké uga tekun, tenanan, lan gedhé kawigatene kanggo ngangsu kawruh lan sinau.[5]

Ijazahe dhèwèké ya iku ing antarané: Ijazah Tsanawiyah al-Azhariyah; Ijazah al-Ghuraba saka al-Azhar; Diploma Basa lan Sastra Arab saka Dar al-Ulum; Ijazah sajeroning Peradilan saka Ma'had al-'Ali li al-Qadha', salah siji cabang al-Azhar. Taun 1932 dhèwèké éntuk Syahâdah al-'Âlamiyyah (Ijazah Internasional) Syariah sakaUniversitas al-Azhar as-Syarif kanthi predikat excellent.[4]

Karier[besut | besut sumber]

Sawisé ngrampungaké sekolah ing Dar al-Ulum lan al-Azhar, Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani bali menyang Palèstina lan wiwit mulang ing Sekolah Tsanawiyah Negeri lan ing sekolah-sekolah Islam ing Haifa. Aktivitas mulange dilakoni sakawit taun 1932-1938. Taun 1938 dhèwèké makarya ing lapangan Peradilan amarga miturute dhèwèké pendhidhikan lan kabèh aktivitas kang ana kaitane karo kurikulum wis akèh diprabawai Barat saéngga wis nyimpang. Suwalike, babagan peradilan relatif luwih kejaga mula dhèwèké makarya ing Mahkamah Syariah.[2]

Taun 1938 dhèwèké dadi Sekretaris Mahkamah ing Bissan, banjur pindhah menyang Taberriya. Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani njaluk dadi qadhi. Majelis al-Islami al-A'la lalu sarujuk lan mindhahake dhèwèké menyang Mahkamah Syariah ing Haifa kanggo dadi Kepala Sekretaris (Bâsy Kâtib).[1]

Taun 1940, dhèwèké diangkat dadi asistèn (musyâwir) qadhi tekan taun 1945. Ing taun iki dhèwèké diangkat dadi qadhi ing Ramalah tekan taun 1948. Taun iki uga dhèwèké kepeksa eksodus menyang Syria amarga Palèstina direbut Yahudi.[5]

Taun 1948, Ustadz Anwar al-Khatib, ngirim surat njaluk supaya dhèwèké bali menyang Palèstina kanggo dadi qadhi ing al-Quds (Yerusalem). Mula, sakawit taun 1948 Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani dadi qadhi ing Mahkamah Syariah ing al-Quds (Yerusalem).[4]

Déning Kepala Mahkamah Syariah lan Kepala Mahkamah Isti'naf nalika iku, Syaikh Abd al-Hamid as-Sa'ih, Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani diangkat dadi anggota Mahkamah Isti'naf. Dhèwèké ing kalungguhan iki tekan taun 1950.[2]

Taun 1951 dhèwèké pindhah menyang Amman lan mulang ing Fakultas Ilmu-ngèlmu Islam (Al-Kulliyah al-'Ilmiyyah al-Islâmiyyah) tekan taun 1953. Dhèwèké mulang Tsaqâfah al-Islâmiyyah sawisé éntuk idin saka dekane, ya iku Ustadz Basyir Shiba. Bukune dhèwèké ya iku As-Syakhshiyyah al-Islâmiyyah dadi buku ajar.[2]

Aktivitas Pulitik[besut | besut sumber]

Sakbaline saka al-Azhar, dhèwèké banget nggatekake upaya pembaratan umat Islam kang dilakokake déning penjajah kaya Inggris lan Prancis. Dhèwèké uga nyambung kontak lan dhiskusi karo para ulama tokoh pergerakan lan tokoh masarakat kanggo yasa manèh umat Islam.[1]

Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani uga naté ketemu Mujahid Syaikh Izzuddin al-Qasam kanggo ngrancang rencana nentang Inggris lan Yahudi.[1]

Direbute Palèstina saka Yahudi taun 1948 mènèhi keyakinan kanggo dhèwèké manawa aktivitas kang terorganisasi lan duwé akar pamikir Islam kang kuwat kang bisa mbalekake kakuwatan lan keagungan umat Islam.[4]

Saka iku dhèwèké wiwit nyepakake persiapan kang pas kanggo struktur parté,rujukan pamikir lan liyané. Taun 1950 dhèwèké nulis buku kanggo kapisanan, ya iku Inqâdz Filisthin. Dhèwèké nidhokake manawa Islam wis ana ing Palèstina sakawit abad VII, lan manawa sebab utama mundure amarga umat wis narik awake dhéwé lan nyerahake marang kekuasaan penjajah.[5]

Taun 1950, dhèwèké arep nekani KTT Kebudayaan Liga Arab ing Alexandria, Mesir, nanging ora éntuk lunga. Padahal, Mantri Pendidikan lan Qadhi Qudhat (Hakim Agung) wektu iku, Syaikh Muhammad al-Amin as-Sanqaythi wis nyarujuki.[4]

Akhire dhèwèké ngirim kanggo para peserta KTT lan banjur kawentar kanthi jeneng Risâlah al-'Arab. Dhèwèké ngandakake manawa misi kang bener lan hakiki saka Arab ya iku Islam; mung ing sakdhuwure asas Islam pamikir pulitik umat Islam akan bisa dijupuk.[4]

Nanging ora ana respon saka anggota KTT. Mula kabèh mau sansaya ngyakinake dhèwèké manawa yasa parté pulitik menjadi prakara kang sangat urgen.[1]

Saka iku,akir 1952 lan awal 1953, kabèh persiapan diwujudake sajeroning tataran praktis, banjur Hizbut Tahrir (HT) didegake ing al-Quds.[2]

Nanging pamarintah Yordania nglarang anané HT amarga dianggep ilegal.[2]

Taun 1953, jaman kabinèt Tawfiq Abdul Hadi (alm.), Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani karo Ustadz Dawud Hamdan ditangkep ing al-Quds; sawatara Munir Syaqir lan Ghanim Abduh ditangkep ing Amman; banjur Dr. Abd al-Aziz al-Khiyath uga ditangkep; lan kabèh dilebokake kunjara.[4]

Nalika iku, HT bisa ngyakinake wakil rakyat lan pejabat kabinèt ing Amman. Akhire sekelompok wakil rakyat, pengacara, pebisnis, lan wong kang duwé kedudukan ngirimake petisi supaya Syaikh Taqiyuddin lan kolegane dibebasake.[4]

Wulan November 1953, Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani pindhah menyang Damaskus lan nyebarake dakwah. Nanging, sawijining dina intelijen Syiria nggawa dhèwèké menyang wates Syria-Lebanon. Saka bantuan Mufti Lebanon, Syaikh Hasan al-'Alaya, akhire dhèwèké éntuk idin kanggo lumebu Lebanon.[5]

Dhèwèké nyebarake pamikir ing Lebanon kanthi gampang tekan taun 1958, ya iku nalika pamarintah Lebanon wiwit ngrusak uripé dhèwèké amarga ngrasakake bebaya saka pemikirane dhèwèké. Akhire, dhèwèké pindhah saka Beirut menyang Tharablus lan kepeksa ngowahi penampilane supaya gampang mimpin HT.[4]

Saksuwene iku dhèwèké tansah nyekel Qiyadah (Kepemimpinan) HT. Dhèwèké uga tansah update berita saka koran, médhia, radio, lan liya-liyané; banjur nulis analisis pulitik lan disebarake nganggo atas nama HT.[5]

Wafat[besut | besut sumber]

Dhèwèké sedo tanggal 1 Muharam 1398 H utawa 11 Dhésèmber 1977 M. Jisime dimakamke ing pemakaman Syuhada' al-Auza'i, Beirut.[2]

Karya[besut | besut sumber]

Peninggalane dhèwèké ya iku wujud parté (Hizbut Tahrir) kang solid.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g [1] osdir.com (diaksés tanggal 7 Oktober 2011)
  2. a b c d e f g h [2][pranala mati permanèn] freelists.org (diaksés tanggal 7 Oktober 2011)
  3. a b [3][pranala mati permanèn] lintasberita.com (diaksés tanggal 7 Oktober 2011)
  4. a b c d e f g h i j k [4] mywibes.com (diaksés tanggal 7 Oktober 2011)
  5. a b c d e f g [5][pranala mati permanèn] Taqiyyuddin An Nabhani (diaksés tanggal 7 Oktober 2011)