Ssireum

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ssireum
Hangul 씨름
Hanja 種競
Alihaksara sing Disampurnakaké ssireum
McCune–Reischauer ssirŭm

Ssireum inggih punika jinising ulah raga gulat tradisional saking nagara Koréa.

Sajarah[besut | besut sumber]

Ssireum punika ulah raga tuwa dhéwé ing Koréa ingkang sampun dipunwahyakaken saking jaman prasajarah.[1] Ing jaman rumiyin, masarakat Koréa njagi awakipun piyambak saking anceman mungsuh kanthi cara nyinau ngèlmu bela diri. Ssireum kawiwitan saking obahan-obahan mencengkeram mawi tangan lajeng sansaya dangu obahan ingkang énggal dipundamel. Nalika jaman Tiga Karajan, ssireum dipunlampahi kanggé kompetisi lan tujuan militèr. Lukisan ssireum kagambar wonten ing Situs Makam Goguryeo (37 SM-660 M) ingkang dipunparingi nama Gakjeochong (角抵塚). Bukti sinerat paling wiwitan punika nyebataken andharan babagan ssireum inggih punika teks Cina saking Kitab Hou Han ingkang nyerataken pagesangan masarakat Koréa nalika jaman rumiyin. Ulah raga ssireum lajeng nyebar kanthi rikat nalika masa Dinasti Joseon (1394-1910). Kala punika, kompetisi-kompetisi ssireum dipunwontenaken kanthi gumyak nalika dinten-dinten ageng lan festival-festival ageng ing mangsa panas lan mangsa palastra. Para jawara padatanipun pikantuk bebungah kados sapi utawi asiling tetanèn.

Étimologi[besut | besut sumber]

Adhedhasar cathetan lan teks sajarah, nalika jaman rumiyin ssireum dipunsebat kanthi kathah istilah kados ta gakjeo, gakhui, gakryeok, gakgi, chihui, sangbak lan jaenggyo ingkang ngandharaken manéka pangembangan teknik-teknik ssireum. Tembung "gak" (角) punika asalipun saking aksara Cina kanthu teges satunggaling gelut ingkang dipunlampahi déning kalih kéwan kados sapi kanggé nedahaken kuwating fisik. Tiyang Cina kuno ugi nyebat teknik gulat ala Koréa kanthi istilah Goguryeo-gi (高句麗技). Istilah "ssireum" wiwit dipun-ginakaken saking taun 1920-an.

Kompetisi[besut | besut sumber]

Kompetisi ssireum dipuntandhingaken wonten ing bunderan kanthi diameter kirang langkung 7 mèter ingkang dipunparingi watesan awujud gundhukan pasir. Ingkang kaping pisan kalih pegulat mau sami mencengkeram sabuk pinggang (satba) kagungan mungsuhipun kanthi posisi berlutut, posisi punika dipunparingi nama baro japki. Bibar wonten aba-aba, lajeng kalih pegulat mau wiwit jumeneng lan sami gelut supados damel mungsuhipun dhawah, Ingkang dados jawara punika ingkang saged damel dhawah mungsuh dhateng lemah manawi ingkang kénging punika pérangan awak ingkang langkung inggil tinimbang dengkul.[2] Menangipun pegulat punika dipunbiji saking kaping 3 dhahwahipun mungsuh ingkang dipunwastani paling saé. Sapunika ugi wonten kompetisi ssireum kanggé tiyang èstri ingkang dipuntandhingaken kanthi paugeran ingkang sami kaliyan tetandhingan ssireum jaler namung bédanipun punika busana ingkang dipunagem.

Wonten 4 kelas ingkang padatanipun dipuntandhingaken inggih punika antawisipun: kelas wulu (Taebaek), kelas ènthèng (Geumgang), kelas ènthèng utama (Halla) lan kelas abot (Baekdu). Nama kelas-kelas punika dipunpendhet saking nama 4 pucuk gunung ingkang wonten ing Koréa. Nalika jaman rumiyin, para pegulat namung ngagem kathok dawa tradisional ingkang gadhah gulungan kandhel ingkang ginanipun kanggé cekelan nalika tandhing. Minangka gantosipun kathok tradisional punika satba, sabuk ingkang dipun-ginakaken wonten ing pinggang. Satba wiwit dipunagem saking taun 1950-an lan kathok tradisional boten dipunagem malih. Sapunika ulah raga ssireum dipunwastani kathah tiyang prospekipun boten saé kados taekwondo utawi hapkido ingkang sampun dipuntampi ing jaban rangkah. Liga profesional ssireum kirang dipunremeni lan kathah pegulat ingkang pindhah dhateng ulah raga sanès. Sapunika organisasi ingkang ngurus ssireum ing Koréa inggih punika Koréa Ssireum Organization.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ (ing basa Koréa) General information about Ssireum at Yahoo Koréa Encyclopedia
  2. ^ What is Ssireum? Korean Ssireum Research Institute.

Pranala njawi[besut | besut sumber]