Sogok Untu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tusuk gigi dari kayu

Sogok Untu ya iku kayu utawa plastik cilik sing wujudé arep kaya biting sing digunakaké kanggo ngresiki sisa-sisa panganan sing nyelip ana ing sela-salané untu.[1] Sogok untu biasané duwé siji utawa loro pucuk sing lancip kanggo nyukil panganan sing isih kèri ing sela-selaning untu.[1]

Asal-usule Sogok Untu[besut | besut sumber]

Anané sogok untu iku wis suwé banget éwonan tahun kepungkur, manawa bisa dadi piranti ngresiki untu sing paling tuwa.[1] Sadurungé sikat untuk digawé, anggoné ngresiki untu, wong-wong nggunakaké kayu cilik sing bisa ndadèkaké untu resik.[1] Sogok untu sing nggawéné saka perunggu wis tau ditemokaké ing antarané perkakas-perkakas sing katut dipendhem ing jero kuburan-kuburan pra-sejarah ing Italia Utara lan Alpen Timur.[1] Sogok untu uga dingertèni ing Mesopotamia.[1]

Ana conto-conto sogok untu sing apik lan artistik saka pérak ing jaman kuna, utawa saka kayu mastis sing biasané dianggo karo bangsa Romawi.[1]

Rikala abad kaping 17, sogok untu dianggep barang mewah nganti dipadha-padhakake karo perhiasan permata.[1] Wong-wong jaman semono nggawe sogok untu saka emas banjur dihiasi karo watu-watu akik.[1]

Saiki, amerga ilmu kedhokteran gigi wis maju, pangganggonan sogok untu rada ora diéntuki, mula piranti-piranti liyané kaya benang untu lan sikat untu luwih disenengi.[1] Nanging merga ana terobosan mutakhir ing teknologi rasa, sogok untu tetep disenengi wong akeh.[1]

Nagara bagiyan Maine ing Amerika Serikat dadi produsen paling gédhé kanggo sogok untu.[1] Ing Korea Selatan, kanggo ngoyak-ngoyak rakyaté supaya bisa ngajeni lingkungan, ana perusahaan nggawé sogok untu sing bisa dipangan. Sogok untu iki digawé saka tela, ketok bening lan empuk yen kena banyu panas.[1]

Bebayane nggunakake sogok untu[besut | besut sumber]

Sogok untu ya iku barang sing kerep digoléki, utamané sawisé mangan panganan sing akèh seraté kaya jangan-jangan lan daging.[2] Malah ora sithik wong sing ora bisa urip tanpa sogok untu, mula dhèwèkè mesthi nyiapaké sogok untu ing tasé.[2] Padahal, yen kerep-kerep nggunakaké sogok untu lan ora resik bisa mbebayani.[2] Nggunakaké sogok untu sing ora trep bisa natoni jaringan lunak ing sekitaré untu, banjur bisa ndadèkaké keradangan ing jaringan lunak mukosa rongga mulut.[2] Saliyane iku sogok untu bisa ndadekake untu tambah benggang amerga diameter sogok untu lumayan gedhe.[2] Iritasi lan trauma terus-terusan bisa ndadekake benjolan ing gingiva utawa gusi sing kerep diarani epulis.[2]

Epulis amerga nggunakake sogok untu kerep-kerep lan ora steril iku diarani Epulis Fibromatosa.[2] Epulis iki awujud benjolan lan duwé tangkai, empuk, wernane pucet, ora gampang metu getihe, lan ora lara.[2] Penanganané ya iku eksisi utawa diketok lan di kuretage utawa kuret jaringan lunak.[2] Kumaté penyaki iki yen kebiasaan nganggo sogok untu sig kereb banget lan ora steril tetep dilakoni.[2]

Cathetan Suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m (id)Sejarah tusuk gigi (dipunundhuh tanggal 30 Agustus 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j (id)Bahaya Tusuk Gigi (dipunundhuh tanggal 3 September 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sogok_Untu&oldid=1013770"